ADVERTISEMENT
Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Janjane Wong Jasa Ekspedisi Iki Maca Tulisan ‘Fragile’ Ning Paket, Ora Sih?

Margaretha Diana oleh Margaretha Diana
10 Oktober 2018
0
A A
Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Sing jenenge bisnis online, ya mesthi hubungane karo ngirim barang. Sedihe, kok pas ngirim barang sing wis diwenehi stiker ‘fragile’ tetep wae barang dibanting-banting?

Critane wingi kae, nyong njajal ngirim panganan liwat jasa pengiriman. Ora tanggung-tanggung nggole ngirim, sekang Semarang maring Purwokerto, Jakarta, Sukabumi, uga Surabaya. Sing dikirim jenenge roti proll tape. Ya mantese maen lah, latian bisnis onlen sekang ngumah. Ben keton kekinian bin ngehits kaya emak-emak jaman now.

Jan-jane tah esih mandan anggrang inggring nggole njajal dodolan onlen. Ngirim roti maring luar kota. Udu apa-apa, nyong uwis tau, ngirim nastar maring Jakarta, nggole ngirim ujarku tah uwis primpen nemen, ngati-ati pisan nggole packing. Lah, gutul Jakarta kowh remuk ajur kaya atiku pas weruh pacar selingkuh karo wong liya.

Jelas gelane puol lah, nek kemutan perkara nastar kuwe.

Dudu mung nggawe gela maring sing pesen, tapi uga nggawe gela atiku dewek. La rumangsane nggole mblindeni nastar kuwe ora tlaten tah. Siji-sisji diblindeni, deisi selai nanas, terus diblindeni maning, diolesi kuning ndog nduwure. Mbok ya kesel, ora kalah kesel karo macul neng nggone kaki Sanmirngad.

Mulane, pas ana sing njaluk dekirimi proll tape maring luar kota, nyong jan-jane esih anggrang inggring mandan gething. Wedi mbok nasibe padha karo pas ngirim nastar.

Ning jerene nek urung njajal kan ora bakal ngerti kasile mbok lah. Mulane tek nekati, tek njajal dodolan onlen, ngirim proll tape maring luar kota. Ya sapa ngerti nasibe proll tape lewih apik sekang nastar sing lagi kae. Tur maning, tekstur proll tape jelas beda karo tekstur nastar.

Rampung packing proll tape, nyong lunga maring Kantor Pos perek umah. Timbangane nggolet jasa pengiriman liane, lagian sing liane kuwe uwis tau dejajal, dadine nyong maring Kantor Pos. Jane alesan sing jelas tah, panggone Kantor Pos pancen perek sekang umah.

Timbangane adoh-adoh lunga maring agen liyane. Ya sapa ngerti, Kantor Pos, nggole ngirim lewih apik sekang liya-liyane kan malahane mbok, nyong dadi ora mumet, nek butuh ngirim panganan maning.

Gutul Kantor Pos, sing nampani urusanku, mbak-mbak ayu, esih enom tur kinyis-kinyis. Eseme jiyan, manis pisan lah, ora kalah manis karo roti terang bulan desiram susu coklat.

Deweke takon, nyong arep ngirim apa, terus njiot jasa pengiriman ekspres apa sing biyasa. Ya tek sauri, nek nyong arep ngirim roti, njiot paket pengiriman sing ekspress, sing sedina gutul. Ya ewadene rotine kuwe kuat nganti 3-4 dina ora bakal njamur. Tapi kan nek gutul maring custommer lewih cepet, kan ya lewih apik mbok.

Mbake takon maning, regane pira. Ya tek sauri, rega seloyange pira. Eh jebule nyong salah, mbake takon regane roti per paket, gawe jaminan asuransi. Mbok-mbokan rotine kenang ngapa-apa neng ndalan. Ya paketan sing tak gawa pancen isine sejen-sejen. Ana sing isi 2 loyang, 3 loyang, ana juga sing isi 8 loyang.

Tak kira, takon rega seloyange pira, arep melu pesen. Ya jenenge baen bakul, GR sethithik mbok olih lah. Hihihi.

Rampung dedata, rampung detimbang terus debayar, nyong ngomong, ”Mbak, tulung njaluk stikere njah, sing ana tulisane ’fragile’, ben ora kebanting-banting. Anu rotine mbok remuk nek debanting-banting.”

Lah kok mbake semaur ngene, “Stiker tah ana Mbak, ning ora ana perlakuan khusus, pada baen karo paket liyane, masiya diwenei stiker fragile.”

Mak jungglen. Ya nyong kaget yah, mbake ngomong kaya kuwe. Lah apa paedahe, nggole ana tempelan stiker ’fragile’?

Ning nyong ya tetep ngeyel sih, tetep njaluk diwenei stiker ’fragile’. Ewadene mbakee ya tetep melu ngeyel, nek stiker kuwe ora ana paedahe.

Ya dasare nyong ya ora gelem ngalah njah, ya tek sauri, ”Ora papa lah Mbak, dinei baen stikere, ya sapa ngerti, mbok petugase ora buta hurup, teyeng maca ana tulisane fragile.”

Klep, klakep. Mbake meneng cep. Tur langsung nempelna stiker sing ana tulisane ’fragile’ kuwe. Kayane tah mandan anyel tur mangkel, tek omong kaya kuwe. La kepriben maning lah, dasare nyong pancen nyebahi, malah dingeyeli.

Ngesuk sorene, sing pada tek kirimi panganan, padha lapor. Nek proll tapene uwis pada gutul. Njur tek takoni, rupane kepriben rotine. Apa esih ayu, mlesnong kaya denok deblong, apa ya remuk kaya gethuk deremet-remet?

Eh jebule ora ana sing rupane ayu kaya denok deblong. Hiks.

Rata-rata ya ora nemen sih remuke. Ning ana sing nganggo acara tumplek mbarang, ndoresani pisan kae rupane. Ngono kuwe jian, gawe getun. Masiya pada ngomong orapapa, sing penting rasane enak, tapi kan nek gutul panggone lengkap karo rupa penampakan sing ayu. Ora kaya gethuk diremeti mbok maen njah?

Akhire terus pada ngrumpi antar emak-emak, mbahas perkara jasa pengiriman, sing kadang babar blas ora ngregani barang sing dekirim. Mbok arep ana stikere ’fragile’ sing jere artine ’rapuh’ alias gampang remuk nek kebanting. Apa ana stiker tulisane gede-gede ’ORA OLIH DIBANTING’ sekalipun, ora ngaruh. Tetep baen, biasane neng petugase gur debalang-balangna nggole ngangkut apa nyortir.

Kaya kuwe mbok nggelani pisan lah. Apa nggane pada ora teyeng maca, apa padha micek karo artine jan-jane? Kan pada baen ana pipi, uwis diomong, kuwe pipi aja desenggol. Eh malah diambung sisan. Nggapleki kan judule, nggapleki bin kudu digaploki.

Lah rumangsane ngene ki nggole nganggo jasa pengiriman kuwe gratis apa kepriben. Kok padha nggole nyambut gawe sekarepe dewek. Lagian apa fungsine jaminan asuransi, nek rotine remuk kaya kuwe ya tetep ora deganti?

Nyong cokan gumun pisan pancene, nek weruh kinerjane sebagian masyarakate dewek, sing sering ora nduwe ‘common sense’ babar pisan nek perkara gawean. Kaya-kayane kiye, nyambut gawe ya uwis, nyambut gawe baen. Sing penting rampung. Ora urus ora perduli, nek nggole nyambut gawe ki asline ora bener.

Nek dielingke ya saurane gampang, jerene kuwe uwis sesuwe prosedur. Lah nek uwis prosedur, kudune kan ya teyeng mbedakna, ndi barang sing kudu ngati-ati nggole ngirim, ndi barang sing pancen tahan, kuat nek kebanting-banting. Ha wong ati menungsa baen kadang remuk nek kebanting, diphp neng modusan. Apa maning kiye barang, sing gawean menungsa.

Yah moga-moga sih ming ngarepe, sing pada nyambut gawe neng jasa pengiriman, mandan lega sethithik lah. Dewacani siji-siji, barang sing dikirimna. Ora mung diwacani alamate, tapi uga dewacani kuwe isine apa, ana stikere olih dibanting apa ora. Ben padha senenge, padha penake, padha puwase, karo pelayanane. Iya ora?

Terakhir diperbarui pada 10 Oktober 2018 oleh

Tags: Emak-emakfragileonline shopproll tape
Iklan
Margaretha Diana

Margaretha Diana

Ibu dua anak. Tinggal di Semarang,

Artikel Terkait

emak-emak, jogja memanggil.MOJOK.CO
Aktual

Aksi Jogja Memanggil: Saat Emak-Emak Sudah Turun ke Jalan, Tandanya Negara Sedang Tak Baik-baik Saja

20 Februari 2025
Cerita Emak-Emak Joki Game Online AQW, 24 Jam menatap Komputer Demi Menghidupi 2 Anak Seorang Diri.MOJOK.CO
Sosok

Cerita Emak-Emak Joki Game Online AQW, 24 Jam menatap Komputer Demi Menghidupi 2 Anak Seorang Diri

13 Agustus 2024
Uneg-uneg dari Emak-emak tentang Wisuda TK, SD, dan SMA. MOJOK.CO
Kilas

Uneg-uneg dari Emak-emak tentang Wisuda TK, SD, dan SMA

28 Juni 2023
Perasan Ketar-ketir: Sebuah Uneg-uneg dari Emak-emak yang Baru Punya Anak MOJOK.CO
Uneg-uneg

Perasaan Ketar-ketir: Sebuah Uneg-uneg dari Emak-emak yang Baru Punya Anak

19 Februari 2023
Muat Lebih Banyak
Pos Selanjutnya
Jokowi-Tangkap-Pencuri-MOJOK.CO

Jokowi Ganjar Pelapor Tindak Pidana Korupsi dengan Hadiah Rp200 Juta

Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Toko Buah Horor di Sudut Kota Jogja MOJOK.CO

Toko Buah Horor di Sudut Kota Jogja: Tentang Sosok Hantu Perempuan yang Muncul dari Tempat yang Tidak Terduga

22 Mei 2025
Kecamatan Pamulang Tangerang Selatan.MOJOK.CO

Pamulang, Kecamatan Terpadat di Tangerang Selatan yang Tak Ramah Pekerja, Gaji Perantau Habis buat Hidupi Preman

22 Mei 2025
Ujian warga plat K seperti Rembang yang merantau di Semarang MOJOK.CO

Orang Plat K Harus Hadapi Banyak Derita kalau Merantau di Semarang, Benar-benar Penuh Drama

22 Mei 2025
Perayaan Waisak di Candi Borobudur. MOJOK.CO

Pengunjung Candi Borobudur Capai 100 Ribu Orang Selama Libur Waisak, Ekonomi Daerah Meningkat

18 Mei 2025
Modal Dengkul dan Urat, Pak Naryo Bangun Kebun Edukatif yang Bikin Orang Melek Pangan Sehat

Modal Dengkul dan Urat, Pak Naryo Bangun Kebun Edukatif yang Bikin Orang Melek Pangan Sehat

22 Mei 2025

AmsiNews

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Cara Kirim Artikel
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Kerja Sama
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
  • Laporan Transparansi
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.