Ben Ora Gampang Geger Gedhen, Sinau Pitutur ‘Nek Wani Ojo Wedi-Wedi, Nek Wedi Ojo Wani-wani’

Ben Ora Gampang Geger Gedhen, Sinau Pitutur ‘Nek Wani Ojo Wedi-Wedi, Nek Wedi Ojo Wani-wani’ MOJOK.CO

Ben Ora Gampang Geger Gedhen, Sinau Pitutur ‘Nek Wani Ojo Wedi-Wedi, Nek Wedi Ojo Wani-wani’ MOJOK.CO

MOJOK.COKadang nganti seru le saut-sautan. Debat. Siap geger gedhen. Nganti meh udur. Kanca-kancaku wis persis aktivis.

Kanca-kanca bakul sing gabung nang wadah Komunitas Bakul Cilikan disingkat “Kombacil”, seneng rembugan perkoro opo wae sing gawe suasana rodok panas.

Iki mau ngrembug pitutur tuwo seko pembina Kombacil, Pak Mahdi. Jare Pak Mahdi, “Nek wani ojo wedi-wedi, nek wedi ojo wani-wani.” Mungguh kanca bakul ono sing perlu dijlentrehke maneh. Akeh sing durung paham maksude.

“Opo maksude kudu bras-bres yo?” Abed, sing saben dino dodolan koco moto, takon.

Abed pancen wis terkenal kendhel. Wanen. Hawane kabeh sing ngenyèk, arep ditantangi jotosan wae. Nek perlu dijak geger gedhen. Deweke pancen suwi urip nang Jakarta. Ceritane sih dadi “preman” Tanah Abang. Aku dewe yo ora weruh, mung critone ngono iku.

“Wah, nek bras-bres iku modal nekat jenenge.” Ngono sing dijelaske Yos, bakul pernak-pernik. Jeneng lengkape Yusuf Maulana. Men rodok nggleling, njaluk diceluk “Yos”. Deweke pas cilikan wis tau nyantri. Rodo suwe, limang tahunan. Dadi pikiran lan sikape yo rodo temoto. Rodok adem, ora koyo Abed.

Nah, sing paling mletik jenenge Sa’ad, sing wis telung tahun iki didapuk dadi Ketua Kombacil, rodo paham mbedakke, endi sing nekat lan endi sing dimaksud karo pitutur tuwo iku. Jarene, pitutur iku minongkò pepènget, perlunè nduweni sikap sing jelas.

“Pokoke, ngadepi opo wae kudu dipilah lan dipilih, endi sing manfaat, endi sing ngrusak,” jare Sa’ad. Penjelasane wis koyo Pak Ustaz sing biasa ceramah saben Jumat. Coba nganggo peci, wis wangun diceluk “Pak Haji”.

Sa’ad banjur crito, dewekne wis tau krungu langsung seko Pak Mahdi. Jare Pak Mahdi, pitutur iku ngilmu kelas duwur. Gampang diucapke, tapi rodo angel, malah angel tenan, nek dilakoni.

“Nek wani ojo wedi-wedi, nek wedi ojo wani-wani iku sejatine masalah sikap sing temoto nang njerone batin. Ora mung sekedar sikap lahir.”

Sikap batin iku sing paling inti, nduweni keyakinan sing mantep, mapan. Ojo pisan-pisan ragu. Sebab, keragu-raguan kui sing nggawe awak dewe dadi plin-plan. Ora jelas langkahe.

Pitutur iku minongko ugeran ben awak dewe tetep eling lan waspodo. Ojo gampang goyah pendirian mung sekedar rungonan. Contone, sekedar krungu isu lan omongan sing ora ngepenakke wae wis bingung, kemropok. Panik. Banjur arep bras-bres siap geger gedhen koyo Abed mau.

Sak jane, sak mestine, kabeh rungonan kudune disaring, dipilah lan dipilih. Ngadepi opo wae, nek pancen nduweni sikap pendirian sing mantep, krono keyakinan, wis mesti tatag. Tur tahan banting. Ujian lan masalah opo wae, ora dadi lemahe semangat.

Iku bedane nekat karo tekad. Nek nekat iku akeh ngawure, nek tekad wis mesti nduweni semangat, krono nduweni cita-cita lan harapan sing mulyo. Krono iku, gak nduweni wedi marang sepodo-podo. Ono pitutur:

“… kemudian, apabila engkau telah membulatkan tekad, maka bertawakallah kepada Allah. Sungguh, Allah mencintai orang yang bertawakal.” (Qs. Ali ‘Imran ayat 159).

Artine, nek tekad wis kuat, banjur tawakal marang Gusti Allah, sopo maneh sing diwedèni? Nek kabeh seko awal mlaku wis dipasrahke, yo mesti apik lan jejeg lakune. Mantep, ora minggrang-minggring.

“Ngono iku sing tak rungokke seko penjelasane Pak Pembina. Mulane, nek Pak Pembina ngendika ki podo ngrukokke sing tenanan. Ora malah ongap-angop, terus emosian golek geger gedhen,” ujare Sa’ad.

Kanca-kanca Kombacil sing biasane pinter mangsuli ming iso mantuk-mantuk. Marem. Ning bab paham ya urung karuan. Hehe….

MONGGO KULO ATURI MAOS Ampun Bang Jago Dadi Soundtrack Geger Gedhen Kudeta Myanmar: Rakyat Kui Anane Mung Manut lan seratan sanesipun in rubrik RERASAN.

Exit mobile version