Beda Cara Mangan Mendoan, Beda Artine: Kowe sing Endi?

Beda Cara Mangan Mendoan, Beda Artine: Kowe sing Endi? MOJOK.CO Mendoan, Gorengan Paling Enak di Dunia Itu, Resmi Jadi Warisan Budaya Takbenda

Beda Cara Mangan Mendoan, Beda Artine: Kowe sing Endi? MOJOK.CO

MOJOK.COCara mangan mendoan kui macem-macem. Nanging, nek ana wong mangan karo sega, artine wis jelas, yaiku… deweke kencoten.

Sebage wong Banyumas, kadang nyong duwe pengarepan nek bakul-bakul restoran bakal entuk pelatihan khusus sing judule “Kepriwe Carane Mbedakna Tempe Goreng karo Mendoan”. Soale, ora mung sepisan-pindo nyong maca ana menu mendoan, eh mbasa dipesan lan teka, jebule mung tempe goreng biasa.

Mendoan—geh ta kandhani—pancen klebu tempe. Bedane karo tempe goreng, panganan kiye kuwe luwih tipis; ya kira-kira telung milimeter. Nang pasar, ana bakul khusus. Bungkuse biasane nganggo godhong gedhang lan wis tipis-tipis wujude; beda karo tempe biasa sing kandhel tur kadang dibungkus plastik.

Sedurunge mangan, dewek kudu paham bab kiye. Soale, pas wis mateng lan siap dipangan, ana maning permasalahan liyane: macem-macem cara mangan mendoan.

Cara mangan sing ora seragam kiye, miturute nyong dewek, justru ngewehi insight bab kepribadian wong-wong sing uga beragam. Ora mung sekang zodiak, kepribadiane kowe jebul isa dideleng sekang carane kowe mangan penganan iki. Dahsyat, mbok?!

Sing kesiji, dipangan kepriwe mendoan kuwe kudune dipangan. Artine, mendoane digoreng setengah mateng, alias ora kriuk-kriuk. Teles. Mengilat, kayak kowe nek bar mlayu-mlayu sejam.

Apa artine cara mangan kayak kiye? Wong sing mangan mendoan teles alias mendoan sejati ialah wong-wong sing idealis. Duwe prinsip. Tegas. Ora bisa diganggu gugat, kayak juri lomba Agustusan. Ibarate, nek mendoan kuwe dipadakna karo bendera Merah Putih, sing mangan mendoan teles kuwe kayak wong sing ngerek bendera, lan benderane temangsang nang tiang pas lagu Indonesia Raya tekan nang lirik paling mburi dewek: “Hiduplah Indonesia Raya.”

Sing keloro, dipangan garing lan luwih mateng. Artine, digoreng mandan suwe nganthi keton krispi kayak ayam KFC (pengenne).

Mendoan krispi kayane pantes dadi simbol kesabaran. Kenangapa? Soale, nggo tekan tingkat kekrispian sing dipengeni, dewek kudu sabar lan ikhlas nunggoni mateng. Nek wong liya wis mulai mangan mendoan sing teles, mendoane dewek isih bae digoreng nang wajan. Nggo wong-wong sing pancen sabar, mendoan krispi kiye ibarate piala bar melu lomba, utawa bojo sing setia lan ora gampang khilaf.

Sing ketelu, dipangan karo sambel kecap.

Nang Purwokerto lan sekitare, cara kiye wis umum dilakoni. Jebul, sambel kecap (sing digawe sekang kecap diwehi rajangan lombok) kuwe uga duwe maknane dewek.

Wong-wong sing mangan mendoan karo sambel kecap klebu wong-wong sing toleransine gedhe. Kecap kuwe manis, lombok kuwe pedes. Nanging, perbedaan kuwe justru ngewehi rasa sing nylekamin lan gawe ketagihan. Artine, sambel kecap dadi simbol wong-wong sing sumanak lan isa ngadepi perbedaan kanthi ati sing ayem lan tentrem. Anti twitwar, pokoke, nek wonge duwe akun Twitter.

Sing kepapat, dipangan karo lombok ijo.

Nang kota asale nyong, Cilacap, cara kiye klebu cara sing paling umum nggo mangan mendoan. Nyong gumun banget nek ana wong mangan mendoan koh malah ora nganggo lombok ijo. Rasane kayak lagi ndeleng konser Via Vallen, tapi ora melu njoget. Wagu. Ora pas.

Miturut naluri kemendoanane nyong, cara mangan mendoan nganggo lombok ijo kiye nggambarna keadaan sing simpel, ora neko-neko, lan apa anane. Anane lombok nang kebun ya dicabut, tur dipangan. Ora repot, ora dadakan dipotong-potong disit; langsung bae dicokot. Nek diibaratna room Clubhouse, wong sing mangan mendoan karo lombok ijo kiye tipe sing ora bakal screenshot room nggo pamer utawa nggo dipasang nang media sosial liyane.

Udu apa-apa, soale ora duwe iPhone, sih. Kan sederhana.

Sing kelima, dipangan karo sambel kacang.

Nyong nembe weruh ana wong-wong sing menikmati mendoan nek dipangan bareng karo sambel kacang. Padahal, ya, mendoane be digawe sekang kacang kedele, deneng malah disiram sambel kacang sing digawe sekang kacang (maning)???

Nanging, kayane wong-wong sing mangan karo sambel kacang kiye klebu tipe wong sing supel lan perhatian. Deweke ora bakal cuek karo wong liya, soale prinsipe siji: Sing “dikacangin” kuwe mendoan bae, aja wong liya.

Sing keenam, dipangan karo sega.

Ana siji maning bedane tempe goreng karo mendoan: tempe goreng dipangan dadi lauk, mendoan dipangan dadi panganan ringan. Nanging, nek ana wong mangan mendoan karo sega, artine wis jelas, yaiku…

…deweke kencoten.

WACANEN Basa Ngapak Kuwe Ora Mung ‘Nyong Kencot’ Tok, Ya! Aja Kemlinthi! karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version