Basa Ngapak Kuwe Ora Mung ‘Nyong Kencot’ Tok, Ya! Aja Kemlinthi!

Basa Ngapak Kuwe Ora Mung ‘Nyong Kencot’ Tok, Ya! Aja Kemlinthi! MOJOK.CO

Basa Ngapak Kuwe Ora Mung ‘Nyong Kencot’ Tok, Ya! Aja Kemlinthi! MOJOK.CO

MOJOK.COAna akeh banget tembung-tembung basa ngapak sing ora kalah unike lan ora kalah menonjolkan ke-ngapak-an wong-wong ngapak.

Tahun 2021 dadi tahun kesewelas nyong resmi merantau sekang Cilacap. Ana kira-kira telungatus pitungpuluh papat (sori, kiye asal nyebut angka soale asline akeh banget) pengalaman berkesan sing wis tau nyong alami. Mung ya, jujur bae, sekang pirang-pirang pengalaman kuwe, ana siji sing nyong paling kemutan. Mbuh kuwe pas nyong merantau ming Bandung, Jogja, utawa Jakarta, pertanyaan sing pasti muncul yaiku:

“Oh, orang ngapak, ya? Bisa bilang ‘nyong kencot’?”

Saking gemese, nyong nganthi wis tau nulis bab kuwe nang kene. Gagean diwaca, men ora pada kencat-kencot bae!

Lagian, ya, nyong tulih bingung, kenangapa wong-wong malah pada ngguya-ngguya krungu kalimat “Nyong kencot”? Emange pada ora ngerti apa nek nang Indonesia kuwe asline pancen akeh wong sing kencot? Miturut laporan sekang The Global Hunger Index (2019), Indonesia ana nang posisi nomor 130 sekang total 197 negara sing tingkat kencote tergolong serius!

Nek pancen wong ngapak selucu kuwe pas ngomong “Nyong kencot”, nyong dadi penasaran wong-wong non-ngapak kuwe bakal ngguyu kemekelan kayak ngapa nek urip nang eks-Karesidenan Banyumas.

Metu omah, pesti ketemu basa ngapak. Tuku mendoan nang pasar, bakule ngapak. Malah, nyong tau dilayani karo kasir Alfamart sing ngapak banget. Padahal, ujare nyong, SOP-e kasir Alfamart kuwe kudu basa Indonesia yang baik dan benar.

Pas kuwe, nyong lagi bali sekang Jogja. Tekan Cilacap, amarga ngelak, nyong mampir Alfamart lan tuku teh botol. Biasane, kasir-kasir nang Jogja bakal takon nganggo basa Indonesia: “Ada lagi yang lain, Kak?” Lah siki, ijik-ijik koh kasire takon, “Ini aja mbok, Mbak?” dengan aksen ngapak kenthel. Nyong mandan kaget, tur akhire sadar nek kiye klebu fenomena CIlacap-pride: kasir Alfamart with dialek kebanggaan.

Nanging, frasa “nyong kencot” kuwe, seliyane nggo menyatakan kekencotane dewek, siki pancen wis umum dienggo dadi kalimat nggodani wong-wong ngapak. Padahal, nek usaha sithik maning, ana akeh banget tembung-tembung basa ngapak sing ora kalah unike lan ora kalah menonjolkan ke-ngapak-an wong-wong ngapak.

Geh, ta kandhani:

#1 Clebek

Udu, kiye udu cara ngucapna singkatan CLBK sing artine Cinta Lama Bersemi Kesuwen Kembali. Nang basa ngapak Banyumasan, clebek kuwe tegese ‘kopi’.

Kepriben? Apik mbok? “Clebek” kiye bisa dadi variasi paling anyar nek kowe ketemu wong-wong ngapak kayak nyong. Ketimbang nggodani dewek, ngongkon ngomong “nyong kencot-nyong kencot”, mending langsung takon bae, “Ngelak ora rika? Arep clebek ora?”

Nyong dadi mbayangna nek suatu hari basa ngapak dadi basa internasional. Kayane, pas kuwe, wong-wong nongkronge wis ora nang coffee shop; kabeh nongkronge nang celebek shop. Mantap.

#2 Bebeh

Tembung “bebeh” diucapna nganggo vokal “e” kayak nang tembung “emak”. Tegese bebeh nang basa Indonesia kuwe pada bae karo ‘males banget’ utawa ‘ora minat’. Nek nang basa bocah-bocah gaul jaman siki, artine kira-kira: “nggak dulu”. Pokoke, bebeh kuwe artine wis ora pengen babar blas, wis ilfil!

Contone kepriben?

Kowe ngerti, mbok, nek wong-wong sing lagi kasmaran biasane ngundang yang-e nganggo “Beb” sekang tembung “baby” nang basa Inggris? Nah, pas wong-wong kuwe tukaran karo pacare, nyong yakin ngundange isih pada nganggo “Beb”, mung siki dijiot sekang tembung “bebeh” nang basa ngapak.

#3 Cempulek, mblaketaket

Nek ana lomba tembung-tembung sing paling angel diubah dadi basa Indonesia, tembung-tembung kiye kayane dadi juara. Wong-wong ngapak seneng banget nganggo tembung-tembung kiye, nanging ora kabeh wong familar karo artine.

“Cempulek” nang basa ngapak dipadakna karo tembung “jebul” sing artine ‘ternyata’. Misale, dewek arep cerita soal kesan-kesan bar ketemu Pak RT, kalimate bisa kayak kiye: “Owalah, cempulek jebul Pak RT kuwe apikan banget, ya, wonge!”

Nanging, cempulek uga duwe arti liyane: ijik-ijik teka, ijik-ijik wis nang ngarep mata. Misale, dewek lagi ngomongi Pak RT, koh ya ijik-ijik cempulek ana Pak RT nang ngarep pintu!

“Mblaketaket” kuwe tembung sing tegese pada bae karo tembung liyane nang basa ngapak: “nylekamin”. Artine apa? Artine: ‘enak’, tapi enake sing enak banget. Nek nylekamin biasane dienggo nang bab kuliner, mblaketaket luwih sering dienggo nang akeh kondisi, misale kenikmatan ngobrol-ngobrol karo kanca, dolanan musik, mlaku-mlaku, lan liya-liyane.

#4 Gola Gokin

Wong ngapak dikenale dadi wong sing blakasuta utawa apa anane. Dadi, apa-apa bae sing pengen diucapna wajib ngewehi kesan meyakinkan, menguatkan!

Gola gokin klebu salah siji istilah nang basa ngapak sing sering banget dienggo wong-wong Banyumasan. Istilah kiye nggo ngetoni keyakinan soal apa sing lagi diucapna, misale: “Nyong yakin gola gokin, mau ana Mbak Astri nang ngarep gang!” Nek diubah dadi basa Indonesia, kurang lebih artine dadi: “Aku yakin kin kin kin kin yakin banget, tadi tuh ada Mbak Astri di depan gang!”

Tembung kiye kayane tah langka padanane nang basa-basa liyane. Wong-wong ngapak, arep nang endi-endi bae deweke urip, nek ngomong ya tetep bakal “yakin gola gokin”. Nek wong-wong ngapak kabeh pindah ming Jepang, nyong yakin istilah “yakin gola gokin” kiye tetep bakal dienggo, ora malah berubah dadi “yakin gola Goku”.

#5 Ndeyan

Tembung “ndeyan” kiye jan-jane artine ora jelas. Maksude, artine ya temenan ora jelas. Ndeyan = mungkin. “Mungkin” kuwe kan urung pasti. Ya ora jelas, mbok?

Tembung kiye recommended banget nggo wong-wong sing hobine ghosting utawa ora nduwe ketegasan nang bab memandu hubungan. Nek film Dilan digawe nganggo basa ngapak, kayane dialog antara Dilan karo Milea dadi kayak kiye:

Dilan: Kamu Milea, ya?

Milea: Ndeyan!

Jebule Milea dadi bocah wadon sing jutek.

Dilan: Aku ramal, kita ketemu di kantin.

Milea: (penasaran) Masa, sih?

Dilan: Ndeyan!

Dilan kesuh soale Milea wonge ora sumanak. Motore banjur digeber. Dilan lunga.

WACANEN Member JKT48 lan Fans Dekisugi Mestine Ngerungokna Lagu-lagune Nadin Amizah Men Ora Sengitan karo Dunya karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version