Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Apa Kudu Buruh Industri Sing Cocok Dadi Guru SMK?

Annas Nurdin oleh Annas Nurdin
30 Januari 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Akeh guru SMK sing ora tahu dadi buruh industri, isa-isane ngongkon murid-muride lek wis lulus kerja nang pabrik wae.

Guru-guru SMK nargetke murid-muride bar lulus langsung isa golek kerja. Nanging “kerja” sik dimaksud yaiku “kerja ning industri” utawa basa kasare “dadi buruh ning pabrik”. Kabeh guru SMK pengin muride lek lulus isa langsung kerja ning industri gede. Guru kuwi kan ancen kudu digugu lan ditiru. Ning apa dadine nek gurune dewe ora tau ngerasakake kerja dadi karyawan apa maneh buruh pabrik?

Aku sekolah ning SMK iki penjalukane ibuku. Ibuku ngomong sekolah ning SMK wae, amarga bar lulus ben isa langsung entuk kerja. Aku sih sakjane, pengine sekolah ning SMA sing cerak ngomah. Mung daripada diunyeng-unyeng terus, wislah aku nurut wae. Banjur aku milih SMK saka Kementerian Perindustrian. Jurusane ya kayakke—lumayan—isa di bangga-banggake ning kanca: Teknik Mekatronika. Ana ‘teknik’ e. Sip lah. Diimbuhi karo ‘tro-tro’ elektronik ben ketok rumit-rumit dewa.

Taun wingi, berita pendaftaran CPNS ngomong nek sing ndaftar CPNS nganti 4juta pendaftar. Aku mbatin, kok akeh banget ta sing pengin dadi PNS. Kaya-kaya dadi PNS ki ncen dadi tujuan urip banget. Nah, sebagian keterima PNS, ana sing dadi guruku ning sekolahan. Maklum lah, sekolah saka Kementerian Perindustrian, mesti akeh sik pengin gabung.

Sing menggelitik iki ngapa gurune dhewe milih dadi PNS mung koar-koar malah ngongkon anak-anake kerja ning pabrik. Emange ngapa sih, nek bar lulus dadi seniman wae, masiya lulusan SMK jurusan teknik sik hubungane ramashok blas. Nak ya rapapa tha?

Ancene bar lulus sekolah kuwi, kabeh kiblat e ning duit. Akhir e aku ngandel karo teorine pakdhe Robert Kiyosaki, The Cashflow Quadrant. Ning nggon Cashflow Quadrant kuwi dibagi-bagi pengine wong cara nggolek duit. Merga pengine wong ancen beda-beda, dadi ora masalah misale dadi buruh, buka usaha dhewe, lan kerja liyane sing penting oleh duwit. Mung, kok doktrin sing tak oleh ning sekolah, yaiku: dadio karyawan alias buruh pabrik.

Jarene, dadi buruh kuwi risiko kerugiane sethitik. Kerjane mung ngunu-ngunu wae, akhir bulan tinggal nampa gaji. Repeat.

Lha ning, ngapa kok ana guru sing isa-isane ngendika ngunu, malah urung tahu ngerasakake dadi buruh pabrik? Nyuwun ngapunten, nggih. Cah-cah saiki niki nek mboten dikei sanad asline nggih mboten bakal ngandel. Kudune, sing ngendika ngunu ya mantan karyawan utawa mantan buruh pabrik. Ibarate wong tuwa nek arep digugu lan ditiru ya minimal pernah ngelakoni sing arep dikon ning anake.

Ning, apa ya kudu mantan buruh pabrik sing ngajar cah SMK?

Sik, iki cara njawabe aku tak nyathut saka pernyataan e Pak Prabowo pas debat wingi tentang mantan napi tipikor sing maju nyaleg. Nek ancen gurune isih berkompeten lan lolos tes CPNS ya ora apa-apa ngajar dadi guru SMK. Sing digoleki pelajar kuwi kan sangu lan turu ning kelas ilmune. Sing ngajar sapa wae kudune bakal ora masalah menawa sik diwulang kui babagan keilmuan sik becik.

Namung, guru sing durung pernah ngerasakake kerja ning pabrik kuwi mbok ya ora usah fanatik-fanatik banget lah, lek ngongkon muride kerja ning pabrik.

Akeh guru SMK sing bakal nganjurke lulusane aja ndaftar kuliah. Soale kurikulume ncen wis dipersiapke dianggo kerja, udu dianggo ndaftar kuliah. Kene ya ngerti menawa lulusane akeh sing langsung isa kerja, sekolah bakal oleh citra sing apik saka masyarakat. Nah, sekolah kuwi, loh, lulusan e langsung isa kerja.

Biasane, guru sing ngendika ngene ancen wis tahu ngerasakake penake kerja ning pabrik. Guru kaya ngene iki sing bakal akeh digugune babagan milih industri endi sing kudu dipilih. Apa maneh pas ngomongna babagan gaji lan munggah pangkat. Wah, cah-cah jelas bakal langsung gemruduk melu rekruitmen. Ngene iki bakal beda karo guru sing durung duwe pengalaman kerja ning pabrik. Dadi, pas ngongkon muride langsung kerja ning pabrik wae, ora digugu, malah kadang dipaido.

Menawa kurikulume ancene ora dipersiapke dianggo ndaftar kuliah, kudune sekolah manut apa penjalukane industri. Sekolahku isa dikatakan pas lah, nggunakake link and match lan kerja sama karo industri-industri. Sing lucu ki, isih ana sebagian guru sing urung match karo keadaan ning industri.

Iklan

Selain kuwi, saiki lagi gencar-gencar lan dikoar-koarke revolusi industri 4.0. Ning revolusi industri 4.0 kuwi kabeh apa-apa nganggo internet. Mesin-mesin isa dikendalike kaya Iron Man utawa kaya iklan Google Home sing kabeh-kabeh gur modal cocot, langsung isa kelakon. Para guru isa ngendika ngalor ngidul babagan revolusi industri 4.0. Nanging sayange, penerapan ning sekolah lagi nganggo Microsoft Power Point alias gur dipresentasike thok!

Sakjane, ya ana guru ning SMK sing bakal ngendika anake lanjut kuliah wae. Contone guru BK. Soale, guru BK kuwi pengin e sing penting anak-anake rajin belajar, tertib aturan, ora gondrong, lan kukune ora didawa-dawane. Biasane, guru BK ya paling mendukung menawa ana anake pengin ngelanjutne kuliah. Delok wae pas kemriweh perkara SNMPTN/SBMPTN, sapa sing paling akeh ngewangi anak-anake?

Nanging, sing kudu dieling-eling, kabeh penjalukane guru kuwi apik. Wis ngarahke apik kok malah mbok paido ta, Cah-cah….

Terakhir diperbarui pada 29 Januari 2019 oleh

Tags: buruh industriguru SMKkerjalulus SMK
Annas Nurdin

Annas Nurdin

Artikel Terkait

lulus SMK kerja jadi pedagang burger keliling. MOJOK.CO
Ragam

Menepis Gengsi Jadi Pedagang Keliling usai Lulus SMK, meski Selalu Dihina yang Penting Bisa Bantu Ekonomi Keluarga

8 September 2025
Cerita perintis bukan bocil pewaris yang lulus SMK langsung bayar utang keluarga. MOJOK.CO
Ragam

Jadi Perintis Tak Seseru Omongan Bocil Pewaris, Susah Payah bikin Usaha buat Nanggung Utang Keluarga

2 Agustus 2025
Mencari Jawaban Kuliah untuk Cari Ilmu vs untuk Cari Kerja, Sebuah Perdebatan yang (Dipaksa) Lestari
Kampus

Mencari Jawaban Kuliah Cari Ilmu vs Cari Kerja, Sebuah Perdebatan yang (Dipaksa) Lestari

13 Juni 2024
Gen Z Solo, dunia kerja.MOJOK.CO
Ragam

Stigma Gen Z yang Dianggap Nggak Becus di Dunia Kerja, Stigma Paling Serampangan yang Makin Hari Makin Parah Gara-gara Media Sosial

24 Mei 2024
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

musik rock, jogjarockarta.MOJOK.CO

JogjaROCKarta 2025: Merayakan Perpisahan dengan Kemegahan

5 Desember 2025
Judi Online, judol.MOJOK.CO

Pengalaman Saya 5 Tahun Kecanduan Judol: Delusi, bahkan Setelah Salat pun Doa Minta Jackpot

2 Desember 2025
Bioskop NSC Rembang, bangunan kecil di tanah tandus yang jadi hiburan banyak orang MOJOK.CO

Bioskop NSC Rembang Jadi Olok-olokan Orang Sok Kota, Tapi Beri Kebahagiaan Sederhana

1 Desember 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Dari Jogja ke Solo naik KRL pakai layanan Gotransit dari Gojek yang terintegrasi dengan GoCar. MOJOK.CO

Sulitnya Tugas Seorang Influencer di Jogja Jika Harus “Ngonten” ke Solo, Terselamatkan karena Layanan Ojol

1 Desember 2025
Kuliah Jurusan Pendidikan Bahasa Mandarin di Unesa. MOJOK.CO

Sulitnya Masuk Jurusan Bahasa Mandarin Unesa, Terbayar usai Lulus dan Kerja di Perusahaan Tiongkok

3 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.