Ampun Bang Jago Dadi Soundtrack Geger Gedhen Kudeta Myanmar: Rakyat Kui Anane Mung Manut

Ampun Bang Jago Dadi Soundtrack Geger Gedhen Kudeta Myanmar: Rakyat Kui Anane Mung Manut MOJOK.CO

Ampun Bang Jago Dadi Soundtrack Geger Gedhen Kudeta Myanmar: Rakyat Kui Anane Mung Manut MOJOK.CO

MOJOK.COAwak dewe iki persis koyo Khing Hnin Wai. Asik gawe karya, eh dikisruh pemrentah e dewe. Anane ming manut karo ampun Bang Jago.

Amarga podo-podo guru, aku iso ngrasakke perasaane Khing Hnin Wai, guru Olahraga seka Myanmar. Niate Khing Hnin Wai ming arep gawe video ajar senam aerobik. Eh la dalah, senam e deknen nganggo soundtrack lagu Ampun Bang Jago malah dadi geguyon sak ndonya.

Khing Hnin Wai blas ra dong opo-opo. Beliau iki ya sejatine guru. Gawe bahan ajar sing paling apik. Nek gawe video, ya layar tempat e dipilih sing paling memper. Pencahayaan sing paling jelas. Nek perlu nganggo karpet warna abang men koyo acara sambutan mentri. Untung ora nganggo gunting pita barang.

Ning ndunya iki kok ya sing jenenge ndilalah kui ora iso diukur. Ndilalah, latar waktu lan tempat sing dipilih ngepasi karo kudeta Myanmar. Lagi seru-serune njoget nganggo lagu Ampun Bang Jago, rombongan militer ngedrop gedung parlemen. Wis kaya cah SMA jaman biyen gaweane ngedropi SMA liya njuk tawuran.

Soal geger gedhen kudeta Myanmar aku ra reti wis. Sing menarik dinggo aku kui ya polos e Khing Hnin Wai pas njoget aerobik nganggo lagu Ampun Bang Jago. Sing pertama, jeneng Indonesia dadi luwih dikenal dunia. Lagu Ampun Bang Jago sing dinggo Khing Hnin Wai kui karyane duo musisi seko Manado Tian Storm lan Ever Slkr.

Sing kaping pindho, sejatine rakyat cilik kui ora ngerti opo-opo tur mesti dadi korban. Khing Hnin Wai, misale, lagi enak-enak aerobik dinggo konten ajar ning Facebook, eh dikisruh rombongan militer geger gedhen kudeta Myanmar. Ya apik, sih, dadi viral, tapi sejatine ya tetep, rakyat ora ngerti opo-opo, tapi dadi korban.

Lagu Ampun Bang Jago dadi pas banget dinggo nggambarke situasi ironis iki. Pemrentah, atau sopo wae sing duwe kuasa, pasti iso nentokke nasib e wong akeh. Saking kuasane, rakyat ra iso opo-opo. Isane mung mbatin karo mbesengut, “ampun Bang Jago!”

Kasus e iki podo karo pemberitaan pirang dina kepungkur ning Yogyakarta. Pak Sultan “mengimbau” kawulane ora sah srawung ro tanggane nek ra perlu banget. Jare, penularan Covid-19 kui wis tekan level keluarga karo tonggo teparone.

Dadi, koe nek lagi njangan terus kentekkan uyah, ya rasah mlipir nggone tanggamu. Rasah njaluk uyah.

Ojo. Mung uyah iki. Jangan anyep ya ra masalah, sing penting isih iso dipangan. Pokokke nek kawula koyo awak dewe kui anane nrimo ing pandum. Rasah srawung. Bedha lho iki urusane karo rame-rame ning Malioboro pas tahun baru. pokokke bedho. Koe rasah kakean iyig. Manut wae.

“Kalau enggak perlu ya enggak sah nonggo, enggak usah ngobrol. Saya tekankan kabupaten kota ambil inisiatif di desa seperti itu,” kui ngendikane Pak HB X.

Nah, nek koyo ngene kiyi, kalimat “Ampun Bang Jago” iso pas dinggo. Pokoke Pengetatan secara Terbatas Kegiatan Masyarakat (PTKM) gagal berlaku kui salah e rakyat. Salahku, salahmu barang. Salah e ndandak nonggo ming arep ngedokke utangan arisan. Rasah!

Awak dewe, kawula alit, persis koyo Khing Hnin Wai. Ora reti opo-opo. Seka lockdown mandiri, PSBB, nganti tekan PTKM, sing dirancang pemrentah iki opo ya ono hasil e?

Nek tak rasakke, mbiyen, pas tiap kampung lockdown mandiri, kondisine malah luwih tentrem. Aku, karo tonggo teparo kiwa tengen malah iso ngontrol awak e dewe. Gotong royong, tepa selira, sing ra nduwe sayur ya diteri pangan, sing kentekkan gas ya dibantu areng dinggo gegenen.

Mbasan pemrentah aneh-aneh gawe PSBB, kabeh buyar. Ora tegas, ora jelas. Anane mung nyalahke kawula alit ya masiyo rakyat e urung disiplin. Nah, pas ngene iki kalimat, “Ampun Bang Jago” pas banget dinggo.

Awak dewe iki persis koyo Khing Hnin Wai. Asik gawe karya, eh dikisruh pemrentah e dewe. Tapi ora iso protes. Kawula alit kui gone salah, dudu gone duwe inisiatif dinggo protes. Pokokke ra entuk. Pokokke kawula alit onone nrimo sak kabehe. Pokokke, ampun Bang Jago!

MONGGO KULO ATURI MAOS Bercita-cita Jadi Jokowi, Bang Jago Paling Ultimate Sejagat Raya lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version