MOJOK.CO – Sasi pasa biasane uga ditandhai karo akeh muncule bakul takjil sing dodolan ing pinggir dalan. Para bakul dodolan aneka werna, lan ketokane uenak kabeh.
Golek pangan kanggo urip iki akeh carane. Salah sijine, dadi bakul takjil ing sasi pasa. Ing kahanan pinuju tilik sedulur sing ana Klaten, liwat dalan sore iku, ora sethithik wong nggelar meja lan lapak ing pinggir dalan. Jian sak dalan-dalan akeh wong sing ngadhep panganan. Akeh-akehe dodolan takjil kanggo buka. Rumangsaku, iki mesthi kanggo njagani sing wegah masak. Cetha!
Embuh kok ibu-ibu padha wegah masak? Kamangka ganjarane akeh, sok sapa wong sing gelem nyedhiake buka marang wong pasa. Kuwi ngendikane Pak Kiai ing mimbar, sing medharke fadilah saka wulan pasa.
Bareng mengkono, malah dadi mikir liyane. Apa iya, saiki wong-wong padha seneng sarwa gampang lan praktis? Apa iki tandha wis padha wegah masak? Apa sakjane gur golek sing gampang wae?
Lagi mikirke perkara iki, malah nyawang gelaran panganan ing ngarep mata. Pancen seger tenan, pas nyawang para bakul takjil sing dodolan panganan dinggo buka iki. Kolak seger, es cendhol manteb, sayur sop. Jan, pokokmen marahi cleguk-cleguk ing tenggorokan. Kayane, ancen sedhep, tenan!
Para bakul takjil kaya ngene iki, anane gur pas sasi pasa, mung setahun pisan. Akeh sing milih dadi bakul takjil amarga saiki akeh sing seneng golek panganan kang praktis. Mung tinggal tuku, oleh barange, kari mangan. Beres!
Kaya ngene iki, beda karo jaman biyen. Mbah-mbah biyen, malah ngerasa saru yen ora masak. Apa jaman saiki wis ganti tur malah wis kewalik? Ora jajan, ora gaul! Iki jawabane bocah jaman saiki. Bocah gagrak kiyi. Ngarepe kabeh-kabeh kudu ana cepet. Omongane sak jet sak nyet. Kaya kari ngomong: sim salabim wae, kabeh sing dipengin wis ana ning ngarepe. Kamangka, kabeh butuh proses, loh!
Perkara panganan sing kaya-kayane tinggal dimaem kuwi, kudu ngelewati proses sing ora singkat. Saka golek bahan-bahane, terus ngolah utawa masak. Ijik durung kudu golek kayu kanggo gegenen. Isih nimba dinggo ngumpulne banyune. Urusan panganan iki, ana bab ngemu wewarah gedhe, yaiku sakben proses utawa tahapane kudu dilakoni karo kesabaran. Ulet uga tekun wusana, lagi tekan.
Kabeh bab iku ana laku lan arah sing kudu dilakoni. Proses antarane siji lan sijine, bakal gegayutan utawa ora bisa dipisah-pisah. Kudu wutuh dadi kepelan sing ora isa ucul.
Amarga urusan sepele ngene iki, terus dadi kelingan, mangkane bocah saiki angel lek dikon sabar. Jalaran kabeh gur sarwa instan. Cepet lan sat set, ora isa ngenteni mengko-mengko. Apa maneh ndadak kudu nunggu. Jian, adoh tenan karo sing dikarepke para simbah biyen.
Mangkane, yen nang sak omah isih ana mbah, anak, lan putu bakal ketok banget bedane. Rikala ngopeni anakke biyen lan diterapke marang putu, jelas bakal ana beda sing adoh. Nganti sok krungu, “Biyen mbokmu tak pakani ngene wae wis meneng. Bareng saiki, kowe putu-putuku kok ora doyan! Jaman-jaman.”
Putune sing dieman-eman, malah seneng karo jajanan gek sing dipangan barang-barang ora cetha. Tegese, jajanan krosak-krosak kebak. Gur ngebaki weteng, ananging embuh ana khasiate apa ora. Angger bubar maem, njuk ana komplikasi watuk-watuk. Pating cekreh!
Sasi pasa saiki apa-apa ana, kari milih. Lek biyen gur mangan sega karo gereh wae, wis sip. Lalapan gudhangan krokot sing ana kebon, wis cukup. Lha saiki, luwih milih bahan-bahan sing dituku ing supermarket. Padha-padha sayuran, sayuran impor ing super market rasa-rasane luwih ketok berkelas lan enak. Padahal ya, rasane padha wae. Sing beda mung regane.
Mbalik maneh perkara “panganan sing kreatif”, panganan mau terus diusung menyang pinggir dalan. Dikemas kanthi maneka warna wujute. Digelar ing nduwur meja. Sing liwat dalan kono, bakal gampang kepencut terus mundhut. Ora sethithik ibu-ibu sing ngruyuk mborong panganan sing diadhep para bakul takjil. Ora aneh, yen gur sedhela wae, dagangane wis padha entek.
Oalah, sasi pasa. Saka nggolek buka lan nyawang sing padha bakul takjil, ndadiake daya sing gedhe tumrap panguripan.