#2019GantiPresiden yen Diwawas Nganggo Cara Jawa

MOJOK.CO – Piye yen malah Pak Djokowi mengko kepilih maneh? Golongan sing gawe #2019Gantipresiden kuwi njuk arep menyang endi le arep ngumpetake isin?

Aneh, nanging nyata. Wong-wong kang nunggal karep kanthi #2019GantiPresiden kuwi wis ndhisiki kampanye. Kamangka nalika gerakan kuwi diwiwiti isih durung cetha sapa kang mengko bakal digadhang-gadhang dadi (calon) presiden anyar. Gegayuhane #2019GantiPresiden yakuwi nyegah kepilihe maneh Pak Djokowi, aja nganti dadi presiden kanggo periode kapindho (2019 – 2024). Tegese, kampanye wis diwiwiti sadurunge mangsane.

Lha, ngono kok ya ora kena semprit? Apa dianggep dudu kampanye? Yen kampanye iku ditegesi: pambudidaya kanggo nggalang panyengkuyung, bisa ditindakake dening wong, sapa wae, ijen utawa rombongan, cetha yen #2019GantiPresiden iku klebu laku kampanye. Gegayutan karo pilihan calon pemimpin, kampanye iku cethane bisa awujud ajak-ajak: milih sapa lan/utawa aja nganti milih sapa.

Wis makaping-kaping prakara #2019GantiPresiden iku dirembug ing maneka kalodhangan, klebu ing televisi kanthi ngundang narasumber praktisi apadene pakar politik lan ahli ukum tatanegara. Pepuntoning rembug, Gerakan #2019GantiPresiden dianggep ora nerak angger-angger, ora melanggar hukum, lan diolehi dening demokrasi kadidene hak-e warga negara kanggo: menyatakan pendapat. Tekan kene, sangsaya krasa aneh. Luwih-luwih yen diwawas nganggo cara jawa. Luwih cethane, nggunakake aturan sopan-santune wong Jawa.

Wong Jawa duwe unen-unen kang padatane dikandhakake kanggo nyaruwe, ngelingake, sok sapaa kang kaladuk ing pangucap utawa laku/tumindak, ”Ngono ya ngono, ning aja ngono.” Basa Indonesia-ne, ”Begitu ya begitu, tapi jangan begitu.” Mbingungke? Iki kang luwih cetha, senajan ora bisa presis maknane, ”Mbok aja kebangeten,” utawa, ”Jangan keterlaluan.” Amrih sangsaya cethane, iki dakgawekake conto, ngenani Brodin kang golek utangan dhuwit.

”Min, biyen kowe rak tau takutangi, kene, aku lagi butuh iki genti utangana!” tembunge Brodin marang Tomin. Wong Jawa (upamane Slamet) kang krungu tembunge Brodin marang Tomin mengkono mau ing batin bakal kandha, ”Wong iki thik ra jawa. Butuhe utang kok malah (kaya) nagih.” Yen Slamet kuwi ndilalah kanca rakete Brodin, ing kalodhangan kang becik, dheweke bisa nyaruwe utawa nuturi kanca rakete kuwi kanthi ukara, ”Din, kowe ki ngono ya ngono, ning aja ngono!” Yen ditambahi maneh, ”Wong butuh utang kuwi le nembung ambok sing apik, ora malah ndadak ngundhat-undhat barang sing kudune wis kependhem ngono mau. Sokur bage luwih dhisik takon sing alus, lagi ana dhuwit nganggur apa ora.”

Bali menyang prakara #2019GantiPresiden, nggon ngendi ora jawa-ne? Jawa iku bisa kanggo nyebut saweneh pulo ing antarane ewon pulo ing bumi Nusantara, Pulo Jawa. Uga bisa kanggo ngarani saweneh suku bangsa (Jawa). Dene kang gegayutan karo rembug ngenani #2019GantiPresiden iki, jawa mengku teges kadewasan, utawa ngenani rasa-pikir, prilaku, kang wus nyekrup karo norma, adat, sopan-santun-e bebrayan Jawa. Mula miturut Prof. Ayu Sutarto warga (suku bangsa) Jawa iku bisa kaperang dadi: durung jawa, wis jawa, arep jawa, ora jawa. Kang klebu golongan durung Jawa iku: bisa bocah, bisa uga kang umure wis klebu dewasa nanging patrap utawa kelakuane isih mblakrak. Kosokbaline, senajan isih bocah yen kelakuane becik, ngreti tatakrama, sopan, biasane njuk dikomentari, ”Gene kok wis jawa ta, kowe!” Kang diarani arep jawa iku kang miturut umur kudune wis dewasa, kulina mblakrak, nanging sawijining wektu nuduhake tumindak ngowah-owahi pakulinane. Cara wong lara ngono, wis nuduhake tandha-tandha arep mari. Dene kang diarani ora jawa kuwi wong kang yen nitik umure wis dewasa, nanging kelakuane prasasat ora tau bener.

Jroning tatanan paprentahan, antarane presiden lan rakyat kuwi kaiket dening aturan-aturan. Presiden kuwi pemimpin. Ana aturane, sing dipimpin (rakyat) kudu manut lan kurmat marang pemimpine. Kosokbaline, pemimpin ya kudu ngayomi rakyate. Yen pemimpin nganti nyalahi aturan, tumindak cengkah karo konstitusi, iku ya ana carane kanggo ngrampungake, ora prelu ndadak gawe gerakan ngemohi kaya kang katindakake dening #2019GantiPresiden. Cekake, wajibe rakyat kuwi ngurmati lan nuhoni pemimpin (presiden)-e. Yen ta ing batin ora seneng, gething, sengit, ya dibatin wae. Aja nganti kawetu ing lisan, apamaneh nganti mekar dadi ada-ada utawa gerakan.

Ngono kuwi yen nggunakake cara jawa. Apa kanthi mangkono ateges rakyat ora entuk ngritik pamarentah? Lho, ya mesthi entuk. Kritik marang pamarentah bisa ditindakake sapa wae, lumantar sakehe saluran kang sumadhiya, saka rerasanan karo tangga, pasang status ing media sosial, apadene lumantar andharan kang banjur kapacak ing majalah utawa koran cinithak apadene daring. Cetha, ta? Entuk ngritik, entuk alok, entuk maido bebasan entek ngamek kurang golek. Nanging, kudune ora (luwih pas-e: durung) entuk ngemohi.

Banjur kepriye yen niyate pancen arep emoh? Sik, sik. Ngemohi presiden kang nyatane meh rampung olehe ngayahi jejibahane sajroning mangsa paprentahan kang 5 taun? Manut cara jawa, upama batin kitrang-kitrang ngemohi, sabisa-bisa malah aja nganti kawetu utawa kalair ing lisan, apamaneh dadi gerakan.

Kekarepan ganti presiden kuwi ana mangsane. Aja digege. Ing mangsa kampanye, mangga nawakake jago kang melu macung ing pemilu. Luwih becik maneh yen olehe nawakake calon kang digadhang-gadhang kuwi ora kanthi ngemohi petahana. Omonga wae, ”Iki aku duwe calon kang bisa digadhang-gadhang bakal nindakake paprentahan kanthi luwih becik tinimbang prisiden lawas kang macung maneh.” Yen bisa kaya mengkono, jan juawa tenan, pokoke! Kanthi mengkono, mengko yen calon kang ditawakake iku kepilih lan dadi presiden periode candhake gek nyatane paprentahane ora luwih becik tinimbang paprentahan sadurunge, ora keweleh nemen-nemen. Isih bisa omong: kleru le milih. Kuwi ora salah. Lha, piye yen nyatane malah Pak Djokowi mengko kepilih maneh? Golongan sing gawe #2019Gantipresiden kuwi njuk arep menyang endi le arep ngumpetake isin (yen isih duwe)?

Cekake, #2019Gantipresiden kuwi yen dipikir-pikir kok mirip karo wong sing wis terang-terangan ora seneng karo bojone, niyat arep rabi maneh, nanging isih panggah wae mangan lan turu nggon kono. Jan, ora jawa tenan, ta?

 

Exit mobile version