• 564
    Shares

MOJOK.CONggedhekake rasa syukur marang apa sing diduweni lan ngilangi sipat srakah, kanthi nglilakake sing dudu duweke diduweni wong liya mujudake carane wong Jawa nggayuh katentreman lair lan batin. Cara uripe wong Jawa sing kaya ngene diarani cara urip sing ngugemi prinsip sithik edhing.

Jaman biyen prinsip sithik edhing diugemi lan dicakake kanthi temenan dening wong Jawa ing urip saben dinane. Masiya cara urip sithik edhing iki kerep dianggep kuna lan malah ana sing nganggep kliru mungguhe wong sing ngugemi prinsip ekonomi moderen. Nanging nyatane prinsip iki duwe pengaruh gedhe tumrap sing nindakake.

Wong sing isih ngugemi lan nindakake prinsip sithik edhing, rancake atine bakal luwih tentrem tinimbang wong sing ora gelem nindakake. Yen disawang saklebatan, prinsip iki ketarane gampang banget. Merga kunci mung sawates weruh lan gelem nampa (njupuk) endi sing dadi bagiyane, endi sing dudu bagiyane dililakake diduweni wong liya.

Masiya ‘mung’ kaya ngono, nanging nyatane prinsip iki angel banget ditindakake apa maneh kanggone wong sing ora duwe rasa syukur lan legawa. Akeh wong sing wis nyoba ngecakake prinsip iki sajrone uripe. Nanging akeh-akehe gagal ing tengah dalan.

Sing dadi penyebabe maneka werna. Salah sijine yaiku ora nduwe rasa syukur lan anane sipat srakah ing atine. Ora anane rasa syukur lan rasa legawa ing jero ati kerep dadi jalaran tuwuhe maneka masalah.

Masalah sing tuwuh iku mau ing tembe bakal ngilangake rasa tentrem ing uripe. Kahanan iki dumadi merga wong sing duwe sipat kaya ngono bakale terus ngrasa kurang lan kaya-kaya kabeh sing ana kudu diduweni dhewe. Babagan iki kerepe duwe sambung rapet klawan bandha donya. Kamangka sing jenenge bandha akeh kuwi durung mesthi turah, lan sithik durung mesthi kurang.

Supaya anggone nindakake sithik edhing bisa lancar. Wong sing gelem nindakake kudu wani lan gelem nampa resikone. Tegese aja protes menawa bagiyan sing ditampa luwih sithik timbang sing ditampa wong liya. Masiya bagiyan sing ditampa mung sithik, nanging tetep ditampa lan disyukuri. Carane nyukuri bagiyan sithik mau yaiku kanthi ngungkret apa sing dadi pepinginane. Luwih becik oleh sithik tinimbang ora entuk babar blas.

Baca juga:  Manuk Pleci lan Alat-e Wong Jowo Kanggo Njaga Lingkungan

Saliyane ing babagan bandha donya, prinsip sithik edhing ing alam bebrayan uga bisa dicakake ing babagan beda pilihan lan beda kapitayan. Anane beda pilihan lan beda kapitayan orane kanggo dipermasalahake lan dienggo ajang debat, nanging kudu dihormati lan ditampa kathi lila legawa merga loro pambeda iku mau klebu garis ing pesthi saka Gusti sing ora kena disingkrihi.

Gelem nampa lan gelem ngurmati anane pambeda ing babagan pilihan lan kapitayan mujudake siji-sijine cara kanggo ngedohake padudon sapadhaning manungsa. Emane isih akeh sing durung bisa nindakake. Saengga anane pambeda ing babagan pilihan lan kapitayan kerep dadi sumbere padudon sing nyebabake akeh kerugian kanggone manungsa.

Ing perangan liya, prinsip sithik edhing ing jaman biyen uga digunakake manungsa kanggo nyiptakake sesambungan kang harmonis klawan alam. Sedekah bumi mujudake pangejawantahe prinsip iki sing isih dicakake wong Jawa. Wong Jawa duwe panganggep bumi iki kayadene ibu sing tansah nyedhiani maneka kebutuhan kanggo uripe. Gandhenge bumi wis menehi kabecikan. Mulane wong Jawa rumangsa perlu mbales budi. Carane yaiku kanthi nindakake sedekah bumi lan ora nindakake tumindak sing bisa gawe rusake bumi.

Cara-cara sing kaya mangkono ditindakake merga wong Jawa percaya bumi bakale bales apa wae sing ditindakake manungsa menyang dheweke. Yen sing ditindakake becik. Bumi bakal aweh walesan sing becik, lan semono uga suwalike. Tumindak sing ala bakal oleh walesan sing ala saka bumi.

Gandhenge anane kapitayan sing kaya mangkono ing jaman biyen, nalika wong Jawa mbebedag (berburu) ing alas sing digoleki mung kewan-kewan sing wis tuwa. Kewan-kewan sing isih cilik dijarake. Iki ditindakake supaya kelestarian kewan ing alas tetep dijaga. Ora mung iku wae. Ing kalane negor wit ing alas, wit sing ditegor ya mung wit sing wis tuwa. Wit sing isih enom dijarke. Iki ditindakake ora mung merga wit sing wis tuwa luwih kuwat tinimbang wit sing isih enom. Nanging iki ditindakake kanggo njaga alas sing mujudake papan uripe kewan-kewan alas tetep lestari.

Wong Jawa jaman biyen akeh sing percaya alas ora mung dadi papan dununge maneka jinis kewan, wiwit kewan sing ora galak nganti kewan sing galak. Saliyane kuwi alas kanggone wong Jawa dipercaya dadi papan dununge bangsa lelembut lan siluman.

Baca juga:  Nrawang Nasibe Parpol Peserta Pemilu 2019 Saka Othak-Athik Gathuk Nomer Urute

Salagine alas isih lestari isen-isening alas bakal terus urip ing jerone. Dene yen nganti alas rusak isen-isening alas bakale nesu lan metu saka alas kanggo ngganggu gawe manungsa. Anane kapitayan sing kaya ngono ndadekake wong Jawa jaman biyen sabisa-bisane njaga kelestarian alas. Tujuane supaya isen-isening alas ora nesu lan ora ngganggu uripe.

Sumber-sumber banyu kayadene kali, tuk, sendhang, tlaga lan segara uga dianggep wigati kanggone manungsa. Mulane papan-papan mau kelestariane dijaga banget. Saliyane dijaga kanthi cara mbuwang larahan menyang papan-papan mau. Ing wektu-wektu tartamtu wong Jawa nindakake syukuran ing papan-papan mau.

Syukuran ditindakake minangka wujud atur panuwun menyang Sing Gawe Urip merga wis nyiptakake sumber-sumber banyu sing kena dienggo nyukupi kabutuhane warga kang dedunung ing sakiwa tengene sumber-sumber banyu mau. Contone kaya dhawuhan, tradhisi syukuran sing ditindakake warga Nglurah, Tawangmangu, Karanganyar saben setu legi ing sasi ruwah.

Sumber-sumber banyu sing bebas saka larahan nyatane nuwuhake akeh kauntungan kanggone sing njaga. Saliyane bisa dipurih banyune, sumber banyu sing bebas saka larahan nyedhiani iwak sing kena dienggo lawuh. Iwak-iwak sing isih akeh iki saliyane bisa digunakake kanggo lawuh uga kena kanggo nambah sumber pengasilan. Dhuwit sing kudune dienggo tuku lawuh—merga lawuhe wis disedhiani alam, dhuwite kena ditabung utawa dienggo nyukupi kabutuhan liyane.

Nanging sing luwih wigati, sesambungan harmonis antarane manungsa lan alam bisa nyebabake manungsa adoh saka maneka bencana alam. Alas sing isih lestari bakal nyegah dumadine tanah longsor. Kali sing bebas saka larahan bakal nyegah dumadine banjir.

Ngelingi gedhene pengaruhe prinsip sithik edhing kanggone manungsa, mbok menawa ora ana salahe prinsip iki bisa ditrepake maneh. Saumpama durung bisa ngajak wong liya paling ora awake dhewe bisa wiwiti nindakake prinsip sithik edhing sajroning urip ing alam padhang iki. Sapa ngerti kanthi ngecakake prinsip iki awake dhewe bisa dadi manungsa sing bisa nindakake memayu hayuning bawana lan memayu hayuning sasami.

  • 564
    Shares


Loading...



No more articles