Ora Usah Meksa Teraweh ning Mesjid, Ngaku Wae Teraweh ning Ngomah Luwih Penak tur Cepet

Ora Usah Meksa Teraweh ning Mesjid MOJOK.CO

Ora Usah Meksa Teraweh ning Mesjid MOJOK.CO

MOJOK.COTeraweh wolung rakaat cara Muhammadiyah, tapi cepete ora ketulungan kaya gayane wong NU. Kan luwih manteb, tho? Perkara gampange ngene kok ya pada digawe angel.

Rame-rame ning media sosial lan siaran tipi, ana warga sing meksa kepengin sembahyang teraweh ning masjid. Gak cukup gur protes, wong-wong kuwi malah nekat menek lan mbobol pager. Merga saking kepengine sembahyang tarawih bareng-bareng kaya sasi-sasi pasa sedurunge.

Sing anyar, ana maneh warga sing rame-rame misuhi lan ngerusak pager omahe wong sing ngandani; lak wayah-wayah kaya saiki becike aja kumpul-kumpul ning masjid ndisek. Teraweh lan tadarus ning omah ora kalah apike.

Aku dewe rada gak srek karo lelakone wong-wong kuwi. Saiki coba dipikir kanthi jeru, sing jenenge ngibadah ning masjid kuwi kan pada uga mertamu ning ndaleme Gusti Ingkang Murbeng Dumadhi, tho? Kaya dawuhe para kiai; masjid iku kan ndaleme Gusti Allah, mula lak arep sowan utawa mertamu iki kudu sing andhap asor, kudu duweni unggah-ungguh. Mosok mertamu ugal-ugalan?

Tuladane ngene. Awak dewe, seumpama mertamu ning ngomahe tangga, tapi carane mbek munggahi pager ngomahe, opo yo tanggane dewe bakal seneng? Sing ana malah gela sak gela-gelane merga ngerasa gak diajeni babar pisan.

Semono uga mertamu ning ndaleme Gusti Allah. Sowan ning ndaleme sing gawe urip kok yo urakan. Disawang wong wae gak pantes apa maneh disawang malaikat. Dikira Gusti Allah bakal seneng lan tersanjung delok kawulane kaya-kaya gak gelem ninggal ngibadah. Eling, Gusti Allah wis dawuh: gak seneng mbek wong-wong sing lelakone mung ngerusak ning alam donya. Basa Alquran-e mufsidin.

Bener awak dewe iki niate ameh ngadep Pengeran, tapi niat mulya kuwi isa gugur merga awak dewe ngadape karo ngerusak kiwa-tengen.

Kerungu-kerungu, wong-wong iki wis gak peduli karo korona. Pokoke sing penting isa tetep ngelakoni apa sing dadi sunahe Kanjeng Nabi. Loh, iki yo dadi pitakon. Sing dadi sunahe Kanjeng Nabi iki sing pinggir ngendi? Kanjeng Nabi mung nyunahake terawehe, dudu jemaahe.

Teraweh jemaah iki sebenere cara anyar sing lagek diterapke pas jamane Umar bin Khattab. Dadi lak ngomongke sunah, sing sunah malah asline teraweh dewe-dewe. Lak meksa jemaah malah isa diarani bidngah. Iki akibate yen pada seneng kemrungsung. Ngerasa yak-yako dewe, paling ngalim dewe, paling bener dewe, padahal asline ora ngerti apa-apa. Jare wong tua-tua, iku mono arane keminter.

Mula, prei teraweh ning masjid senalika wayah ora dadi masalah. Sing penting iseh gelem teraweh, tinimbang ora babar blas.

Ana maneh sing ngomong lak teraweh ning omah iki ora isa istikomah, hawane abot, tur ya gak mudheng carane. Kapisan, umpama teraweh ning omah iki ndadak abot banget, iku ora perkara adoh teka masjid. Iku mono masalah iman ning atimu dewe. Umpama wong sing wis ketata atine, mesti bakal empan papan. Teraweh ning mesjid yo khusyuk, teraweh ning omah yo istikomah, ora ndadak males-malesan.

Kapindo, ora usah bingung masalah surat-surat sing ameh diwaca. Waca surat sing diisani lan diapali wae, ora usah muluk-muluk. Isane kulhu ya wis iku wae diwaca teko rakaat kawitan sampek rakaat pungkasan. Lak kepeksa ning ngomah kudu dadi imam padahal apalan juz amma gak sepiro, yo gak usah gengsi maca kulhu terus. Mengko lak ditakoni bojo utawa anakmu, “Pak, macane kok mung kulhu wae, tho?” Jawaben, “Ben ora kesuweeennn.”

Sing paling ekstrem, aku wingi kae kerungu ana wong sing ngomong, yen sampek sasi pasa iki mesjid-mesjid dadi sepi merga ora ana wong teraweh, darusan, apa maneh iktikaf, isa dipastikke kiamat kurang sedela maneh. Walaaahhh, ngeri ora kuwi?

Aku pancen ora patio pinter babakan agama, mula aku arep nganggo pendapate Gus Baha wae kanggo ngomentari. Ngene, salah siji tanda-tanda kiamat iku kan yen wis ora ana wong sing gelem ngibadah? Kahanane awak dewe saiki kan ora lagek ninggal ngibadah. Awak dewe mung ora jemaah. Iku jalaran ana pageblug, sing insyaallah bakal dimaklumi Gusti Allah. Tapi lak awak dewe isek gelem sembahyang, luwih-luwih ngelakoni wajibe sing limang wektu masio ning omah, iku pada uga kiamat iseh suwe.

Jare Gus Baha maneh, awak dewe iki wis ora usah ndadak yak-yak’o mikirke nasibe donya. Sing jenenge kiamat iki suwene-suwe tetep bakal teko. Sak mempeng-mempenge awak dewe nyegah, wis ora mungkin isa ngelawan kodrate seko Pengeran. Yo ora usah susah mikirke nasibe Islam sesok bakal kaya piye lak saiki wae omah-omah ngibadah pada ditutupi.

Coba dieling-eling, Islam iki biyen wis ngalami ditinggal wong paling mulya sak ngalam donya; Kanjeng Nabi Muhammad. Apa terus Islam dadi ilang? Ora, Islam tetep jalan. Islam wis ngalami ditinggal para Sohabat Nabi, para ulama, para wali, tapi nyatane Islam yo tetep iseh ana nganthi saiki. Merga nasibe Islam iki ora ning tangane manungsa. Bakal kaya piye Islam iki mbesok iku wis dadi urusane Gusti Allah. Mula, ora usah ndadak kemrungsung. Kaya ngerti-ngertio dewe wae urusan akhir jaman.

Aku malah curiga, aja-aja wong sing pada ngeyel kepengin teraweh ning mesjid iki jan-jane mung pencitraan. Ben ketok berjuang kanggo Islam ngunu kae.

Padane ngene, aku bola-bali kerungu rerasan umpama mesjid sing dinggo teraweh iki imame suwene ora jamak-jamak. Pengine imam sing cepet, wat-wet, sat-set, lincah, lan tanggap kaya anak SGM. Hla saiki atek pada guaya pengin pada jemaah ning mesjid, padahal lak nemu imam suwe pol-pole ya pada nggersula.

Pada-pada ngunu, wis enak tho malah saiki yen teraweh dewe ning omah. Itungan rakaate isa dikurangi, kecepatan terawehe isa ditambahi. Teraweh wolung rakaat cara Muhammadiyah, tapi cepete ora ketulungan kaya gayane wong NU. Kan luwih manteb, tho? Perkara gampange ngene kok ya pada digawe angel.

WOCONEN IKI Yang Terdampak dari Salat Tarawih di Rumah Aja opo artikel liyane ndik rubrik RERASAN.

Exit mobile version