Anakku Ora Pinter Matematika Ora Popo, sing Penting Akhlak e Pener

Anakku Ora Pinter Matematika ya Ora Popo, sing Penting Akhlak e Pener MOJOK.CO

Anakku Ora Pinter Matematika ya Ora Popo, sing Penting Akhlak e Pener MOJOK.CO

MOJOK.COPinter Matematika iku bener banget, ora ono salah e. Nanging, ayo, bocah diajari moral, akhlak, ben ora mung bener, tapi urip e pener.

Dadi guru ning masa pandemi kui serba salah. Bab pekerjaan rumah, misale. Nek rodok angel lan akeh, sing mbengung ora bocah e, tapi wong tuwane. Nek ora digawekke pekerjaan rumah, bocah e seneng ora karuan. Wong tuwane? Mbengung meneh. “Anak saya ketinggalan pelajaran Matematika, Pak!” Bu, kulo niku guru Bahasa Inggris, sanes guru Matematika.

Ono wong tuwa sing semelang banget anakke ketinggalan pelajaran. Wabil khusus pelajaran itung-itungan, misale koyo Matematika. Akeh wong tuwo sing merasa nek pelajaran ini penting banget. Ya bener, sih, tapi kurang pener.

Kurang pener soale kabeh pelajaran ya podo penting e. Opo meneh, sak jan e ya, kabeh kui kudu disesuaikan karo bakat lan minat bocah. Bocah kui lair nggowo bakat dewe-dewe. Sak jan e aku ya rodok sedih neh bocah kok koyo terpaksa sinau bab-bak sing dekne ora bakat.

Ya ono sing bakat e Matematika, bakat e bidang bahasa, seni, olahraga. Kui kabeh ono ning sekolah. Nanging, ono pelajaran sing kurang diajarke ning sekolahan, padahal podo penting e karo Matematika, yaiku pelajaran akhlak, moral.

Ya ono pelajaran agama karo Pancasila, nanging kabeh kui mandeg ning “teori”, ora tekan “aplikasi”. Ndek kapan kae ono broadcast wasap apik ning grup alumni. Broadcast wasap sing isine pelajaran mengantre dinggo bocah-bocah.

Dadi ono guru seko Australia sing sharing ngene: “Awak dewe rasah terlalu khawatir nek seumpama bocah kui ora pinter Matematika. Awak dewe kudune luwih khawatir nek bocah ora ngerti carane antre.” Aku ora nemu sumber e sing valid seko wasap kui. Nanging, nek tak pikir, ukara kui mau ono bener e.

Ono bener e, mergane, bocah kui butuh telung sasi dinggo sinau Matematika dasar. Nanging, ngajari makna antre kui angel lan suwi, iso rolas tahun. Ngaranku, bab akhlak, moral, lan liya-liyane sing bijaksana kui pancen dadi lambaran ilmu. Kanggo terus tekan awak dewe lebur meneh karo lemah.

Iki ora njuk Matematika kui ra perlu disinau, lho ya. Matematika gunane akeh banget, dadi dasar akeh ilmu. Nanging, bakal dadi pener nek bocah kui ya duwe moral sing bakoh dinggo “ngancani” ilmu pasti. Dadi ora mung bener, tapi pener.

Seko sinau antre, bocah sinau akeh bab penting. Kayata:

Siji, bocah sinau ngajeni wong liya, sing teko luwih ndisik. Ora main serobot, ora ngajeni wong liya. Loro, bocah sinau disiplin lan ngajeni waktu. Yen ora gelem antre suwi, ya teko isuk, luwih awal, misale ngono.

Telu, yen ngaranku, iki penting banget. Seko antre, bocah sinau isin. Nyerobot antrean kui tumindak elek. Ora ngajeni wong liya, ora ngajeni wektu. Sinau isin kui penting banget. Gawe bocah kui paham artine konsekwensine. Sesuk nek wis “dadi uwong”, ora banjur korupsi, ya korupsi wektu tekan duit. Tapi sing paling bener, sih, ngajeni uwong.

Pas pandemi ngene aku paham nek bocah kangelan sinau. Wong tuwa ya podo le kangelan. Kangelan le nyinau. Urung nek manggone ning pedalaman, sing angel internet, angel listrik. Sing urip ning tengah kutha, entuk sinyal apik lan listrik we stres ngurusi sekolah online.

Ya maklum nek misale bocah dadi rodok ketinggalan pelajaran. Ya kaya bocah sing dadi angel ngukuti pelajaran Matematika kui mau. Intine, bocah kui ojo terlalu ditekan. Kondisine lagi gampang emosi ngene, wong tuwa murid lan guru kudu pinter-pinter “manajemen emosi”. Mesakke bocahe, mesakke wong tuwa, mesakke guru sing kerjane 25 jam dinggo nyepakke bahan, nyinau, koreksi, gawe tes, gawe nilai, urung isih nompo komplain seko wong tuwa murid.

Kahanan pandemi ngene, memang kudune kabeh stel kendho wae. Ojo terlalu ngoyo. Ora pinter Matematika, pelajaran Sains, Bahasa Inggris, utawa Bahasa Indonesia ya ora popo. Sing penting saiki, ojo nganti bocah ketinggalan ning pelajaran bab moral, akhlak.

Ngajeni wong liya, tresno karo liyan-liyane tanpa pilah pilih. Pinter Matematika iku bener banget, ora ono salah e. Nanging, ayo, bocah diajari moral, akhlak, ben ora mung bener, tapi urippe pener.

MONGGO KULO ATURI MAOS Pak Jokowi, Presiden Iku Ora Bedo Koyo Guru, Mbok Sing Teges utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version