Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Wong Jawa Ilang Jawane, Mendoan Ilang Mendone

Satrio Dwi Putra oleh Satrio Dwi Putra
5 Desember 2018
0
A A
Wong Jawa Ilang Jawane, Mendoan Ilang Mendone

Wong Jawa Ilang Jawane, Mendoan Ilang Mendone

Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Wong Jawa bisa kelangan Jawane. Mendoan bisa kelangan mendone. Wong Banyumas jan-jane kelangan pangananne dhewek.

Siki akeh wong mangan tempe diglepungi diarani lagi mangan mendoan. Akeh wong adol mendoan tapi nggorenge garing lan nganggone sembarang tempe. Padahal, ora kabeh tempe diglepungi kuwe jenenge mendoan. Tak kandhani, neng mendoan kuwe ana kata mendo sing artine lembek. Ana sing ngomong, jane mendoan kuwe artine mendo-mendo dipangan.

Masalahe, akeh wong sing kayane ora paham bab mendo kiye. Ora mung wong luar kota, tok. Neng daerah asline baen, ora kabeh wong sing adol mendoan kuwe wujude mendo.

Neng Purwokerto misale, siki meh saben bakul mendoan kudu takon dhisit maring sing tuku. Nek lagi nggoreng mendoan, takone, “Mendoane mendo apa garing?” Padahal genah-genah jenenge kuwe mendoan. Kok, isa-isane isih takon.

Ana papat bakul mendoan, sing paling sering ditemoni neng daerah asale mendoan.

Kapisan, adol mendoan cilik lan garing.

Sing pertama kiye paling akeh sing doyan. Biasane sing adol wong perantauan sekang Bumiayu, Brebes, karo wong kulon, terus ngerantau maring Purwokerto lan adol gorengan. Bahan nggawene be beda. Nek sing jenis kaya kiye biasane gawene sekang tempe batangan sing biasane dinggo gawe oseng tempe.

Tempe batangan diiris tipis-tipis terus dicampur glepung. Kuwe sebabe ukurane lewih cilik. Paling kepenak nggoleti jenis kaya kiye sakjane neng warung burjo. Meh kabeh warung burjo nek adol mendoan mesti jenis kaya kiye.

Jan-jane jenis kiye lewih mirip kaya keripik tempe. Mulane, pecinta mendoan garis keras kuwe ngerasa dilomboni nek tuku jenis kaya kiye, “Adol keripik tempe kok ngomonge adol mendoan.”

Sakjane ora mung neng Purwokerto. Justru bakul gorengan neng kota liyane, biasane akeh sing padha adol mendoan jenis kaya kiye. Neng Jakarta contohe, meh kabeh bakul gorengan adol mendoan, mendoane ya mesti jenis kaya kiye.

Beda maning Wonosobo utawa Semarang, adol panganan sing wujude meh padha kaya mendoan mung udu mendoan, dijenenge tempe kemul. Lha nek tempe kemul kiye, biasane lewih kuning warnane lan lewih garing ketimbang mendoan. Rumangsa beda, dadine ora ngakoni sebagai mendoan.

Keloro, adol mendoan cilik tapi mendo.

Adol mendoan tapi mendo. Lha terus, apane sing salah? Nek jenis kiye nggawene nganggo tempe batangan persis kaya jenis mendoan cilik garing, mung beda cara nggorenge. Artine ora salah mbok? Iya cara nggorenge ora salah, sing salah tempene.

Tempe sing dinggo gawe mendoan kuwe ana dhewek. Tempene kuwe tipis lan amba, dibungkus karo godhong gedhang terus njabane dibungkus maning karo kertas koran nek ora kertas bekas ujian bocah SD—kuwe mulane wong Banyumas pinter-pinter, wong saben dina nggoreng mendoan disambi maca koran karo nggarap ujian bocah SD.

Sebungkus kuwe biasane isi loro. Nek neng Purwokerto sebungkus biasane regane sewu–dadine modal sewu bisa nggawe loro mendoan. Glepunge ana sing instant–regane sewu bisa dinggo gawe sepuluh mendoan. Nek kuwe ora doyan nganggo glepung instant, kari nganggo glepung biasa, mrica, muncang, karo micin maring tanggane—tapi nek ora isin karo ngrepoti.

Nggawe mendoan karo tempe khusus mendoan jan-jane ana maksude. Nggoreng mendoan kuwe kudu setengah mateng. Nggoreng sedela tapi tempene sing neng njero glepung tetep mateng kuwe ora gampang. Mulane ora isa gawe sembarang tempe. Tempe khusus sing dinggo mendoan kuwe digawe tipis banget.

Ketelu, adol mendoan mendo.

Nah kiye sing paling bener. Nganggone tempe sing khusus dinggo mendoan lan nggorenge pas banget mendone. Biasane sing adol wong lawas. Kaya bakul gorengan grobakan sing kawit rega mendoan sijine limang atus, sewu limang atus ulih loro, ngasi sijine sewu. Bakule bakal ngerti mendoan kuwe ya mendo, ora perlu takon dhisit maring sing tuku. Lan ora nggawe wong kelalen, mendoan kiye asline kaya ngapa.

Kepapat, mendoan sing tesih anget.

Sing terakhir jan-jane lewih maring curhat. Sing gawe mendoan kuwe enak ya nek tesih anget—ora mendoan tok sih jane, kabeh gorengan ya padha. Soale mendoan nek dipangan uwis adem ya madan kurang josss. Mulane bakul sing wis paham dunia per-gorengan biasane nggoreng mendoan kuwe nek pas ana sing tuku. Kecuali bakul sing wis legend lan payu banget, nggoreng mendoan rong puluh ya langsung entek.

Jan-jane tulisan kiye udu rumangsa bener lan sok ngandani mendoan kuwe kaya kiye, nek kaya kiye salah. Mung se ora-orane wong-wong padha ngerti mendoan kuwe sejatine kaya ngapa. Ora masalah arep digawe model kaya ngapa, sing penting ngerti dhisit, ngapa sih, kok panganan kiye diarani mendoan.

Terakhir diperbarui pada 11 Desember 2018 oleh

Tags: banyumasgorenganMendoan
Iklan
Satrio Dwi Putra

Satrio Dwi Putra

Artikel Terkait

Gorengan, Sumber Konflik Rumah Tangga Paling Nggak Terduga
Pojokan

Gorengan, Sumber Konflik Rumah Tangga Paling Nggak Terduga

28 Juni 2025
Setelah 6 Tahun Merantau ke Luar Jawa, Saya Jadi Takut untuk Kembali Kerja di Jakarta MOJOK.CO
Esai

Setelah 6 Tahun Merantau ke Luar Jawa, Saya Jadi Takut untuk Kembali Kerja di Jakarta

11 Juni 2025
Purwokerto Punya Sisi Kelam yang Belum Terkuak MOJOK.CO
Esai

Sisi Gelap Purwokerto: Sisi yang Tidak Terlihat karena Romantisasi Berlebihan dan Menutupi Kenyataan yang Ada

18 Maret 2025
kaum ngapak
Ragam

Orang Ngapak Melawan Rasisnya Warga Jakarta: ‘Bukan Dielek Ndeso, Aneh, Keras, Apalagi Bahasa Alien’

17 Januari 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Pacu Jalur Direcoki Pemerintah Jadi Cringe dan Nggak Seru Lagi MOJOK.CO

Saat Negara Turut Campur Aura Farming Pacu Jalur, Semua Jadi Terasa Cringe dan Nggak Seru Lagi

14 Juli 2025
Kebaikan bakso di Surabaya. MOJOK.CO

Kebaikan Pedagang Bakso yang Membekas di Hati Saya, 40 Tahun Keliling untuk Kuliahkan Anak hingga S2

14 Juli 2025
Fatwa Haram Sound Horeg Dilawan: Bukti Ingin Menang Sendiri MOJOK.CO

Tidak Terima Sound Horeg Difatwakan Haram: Bukti Masyarakat Indonesia yang Keras Kepala dan Selalu Ingin Menang Sendiri

15 Juli 2025
Kenangan bersama laptop ASUS: laptop bobrok yang tuntaskan skripsi untuk jadi sarjana hingga bekerja MOJOK.CO

Laptop ASUS: Meski Busuk dan Bikin Malu sama Orang Berlaptop “Apel Kroak”, Tapi Saksi Banyak Orang Tuntaskan Skripsi hingga Cari Cuan

16 Juli 2025
Tasikmalaya Bikin Malu: Santri, tapi Fitnah Hindia Memuja Setan MOJOK.CO

Saya Malu Menjadi Orang Tasikmalaya, Kota yang Menolak Hindia karena Tuduhan Pemuja Setan tapi Membiarkan Oknum Kiai Cabul ke Santriwati

17 Juli 2025

AmsiNews

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Cara Kirim Artikel
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Kerja Sama
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
  • Laporan Transparansi
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.