Sekolah Embel-embel ‘N’ Ngewajibake Kudungan, Minoritas Dadi Titenan

Sekolah Embel-embel ‘N’ Ngewajibake Kudungan, Minoritas Dadi Titenan

Sekolah Embel-embel ‘N’ Ngewajibake Kudungan, Minoritas Dadi Titenan

MOJOK.CO Jarene mung imbauan, nyatane ono sekolah embel-embel ‘N’  seng kabeh siswi muslime wajib kudungan. Lha terus nasib siswi seng non muslim piye?
Masalah sekolah embel-embel “N” kang ngewajibake murid e kudungan sakjane yo wes krungu pirang tahun kepungkur. Slenthingane kabar kuwi yo mung ketemon ana sekolah ing tengah kutha. Terus apa sekolah ing papan panggonan seng mencil melu payu?
Yomestut. Lha wong negara bersekar kok wargane ora latah. Tanggane tuku kalung emas anyar wae wes jowal-jawil, kethap-kethip, macak melas marang bojone banjur ngrayu nganggo jurus plus-plus ben ditukokne kalung seng rupane luwih apik masiyo mung emas epok-epok. Apa maneh masalah sekolah. Wong nomer siji kang ana neng sekolah kan yo pengen sekolahe nduwe jeneng lan akeh peminate. Salah sawijine yo migunakake kuasa nerapake aturan.
Akhir-akhir iki pancen sekolah seng nduwe cap full day school lan islamic school dadi idola wong tuwa seng arep nyekolahne anake. Masiyo pemerintah nganjurne sekolah cedak wae nganggo sistem zona, nanging isih ana wong tuwa seng mikir yen full day school kuwi luwih becik amarga wektu sinaune luwih akeh. Mbok adoh yo dibelani. Apa maneh yen sekolah kuwi jenenge ditambahi dadi islamic full day school. Weh seng daftar mbludak.
Ora usah ngomongne kutha gedhe, kutha cilik seng diapit gunung lan alas wae saiki seng digoleki yo sekolah seng nyediakake fasilitas agama apik. Yo lumrah wong tuwa ngarep yen anake sekolah ora mung golek ilmu dunya, nek iso mesisan ilmu akherat. Sekolah kang jatah ngaji lan ibadahe luwih akeh, saiki pamore wes ngalahake sekolah embel-embel “N” seng biyen dadi favorit.
Iku ngunu salah sawijine faktor seng nggarai kurange murid ning sekolah embel-embel “N”. Apa maneh SD seng jumlahe iso sampek papat sak desa. Amarga sekolah kang kurang murid kuwi iso ditutup, kepala lan guru-guru uga pinter muter utek kepriye carane njaring murid. Iso promosi saka prestasi sekolah lan murid, iso uga promosi kegiatan apa wae ing sekolahan. Netepake aturan anyar yo iso dadi solusi, uga iso dadi polemik.
Aturan sekolah kudungan wajib kanggo murid wadon lan seragam serba dowo kuwi contohe. Akeh seng setuju amarga ngunu kuwi apik miturut syariat agama. Tapi luwih akeh seng setuju amarga anake ben ora ireng nek kepanasen. Percoyo ora percoyo aturan model ngene iso ndongkrak jumlah peserta didik anyar. Apa maneh nek panggonane 99% penganut kolom nomer siji.
Menawa sekolah islami yo pancen wajib hukume kudungan. Nanging yen sekolah umum kok yo melu latah diwajibne. SMP lan SMA jarene siswine wes balig, kudu nutup aurat.  La nek SD?
Miturut Peraturan Menteri No. 45 tahun 2014, masalah seragam kuwi sakjane yo wes jelas. Ana seragam nasional, seragam kepramukaan, seragam khas sekolah. Model e yo wes diterangne. Nanging ora enek seng jenenge ngewajibne murid wadon nganggo kudung.
Seragam khas muslimah pancen ana aturane, nanging migunakake yo sesuai keyakinan pribadi, dudu merga diwajibne saka sekolah. Malah sawijine pasal 2 munine yen tujuane ditetepne seragam kuwi ben iso ningkatne rasa pada tanpa nyawang pambeda.
Pancen sekolah nduweni otoritas, tapi mbok yo nyawang statuse sekolah. Jarene mung imbauan, nyatane kabeh siswi muslim wajib kudungan. Lha terus nasib siswi seng non muslim piye?
Ngomong kuwi pancen penak, jarene rapopo beda ben ketok ‘bhinneka tunggal ika’. Tapi jenenge wong tuwa ngerti anak e mblundus ora kudungan dewe pas upacara rasane kok yo nelangsa. Nek lanang ora ketok bedane, la nek wadon ketok meglo mergo mung siji thil seng beda.
Seng jelas dadi titenan neng ngendi parane. Sampek mboke, bapake, mbahe, pakdene, misanane yo dadi titenan. Kok yo isih penak zamanku biyen to. Ora ketok jurang pambedo. Aturan sekolah wajib kudungan ing sekolah umum sithik-sithik mangan mentale bocah. Apa maneh yen bocah kuwi lagek mlebu sekolah dasar banjur ngrasa yen beda dewe. Nek bocahe rai gedeg ngunu rapopo, la nek baperan piye njajal?
Tren ngene iki kudune ditilik karo pihak sekolah. Ojo mung nyawang mayoritas banjur seng minoritas dadi kelelep lan dadi minder. Sekolah embel-embel “N” kuwi pancen tujuane nyakup siswa tanpa nyawang pambeda. Ora usah latah melu sekolah kang basise pancen agama. Seng pengen kudungan yo ben kudungan. Seng ora pengen yo ben wae ojo dipekso nggawe kedok imbauan utawa kewajiban.
BACA JUGA Sakjane Potong Tumpeng saka Pucuke kuwi Ora Ilok, Nanging Dadi Kebiasaan atau artikel lainnya di RERASAN.
Exit mobile version