Sandhing Asu Gudhigen

MOJOK.COKaya sandhing asu gudhigen, lek duwe kanca-kanca sing ora apik, wajar misale watakmu ya ora apik.

Judhul artikel ndhuwur kuwi ora banjur ateges misuh. Nanging nek dianggep saru utawa rusuh ya rapapa, penake nulis neng Mojok kuwi entuk misuh-misuh.

Nalika cilik kowe wis tau gudhigen? Gudhig utawa koreng kuwi lelara kulit lan bisa nular. Pancen njijiki. Pasemon ing paribasan ndhuwur kuwi artine kira-kira ngene, yen sandhing utawa srawung karo asu (kanca) sing gudhiken (tumindak elek), ya mesthi ketularan.

Kosok baline karo cakepan lagu Tamba Ati sing ana ukarane ‘wong kang sholeh kumpulana’, sandhing asu gudhigen kuwi kumpul karo uwong utawa lingkungan sing elek.

Contone bab profesi utawa gaweyan. Umpamane ngene, yen kumpulan pawongan neng gaweyanmu kuwi profesine seniman, ya lumrah yen banjur ketularan urakan, liberal, seneng misuh, medok, mendem. Yen profesimu umpamane pramugari, ya uga lumrah yen banjur seneng dandan, boros blanja kosmetik, lan dadi kemayu. Pancen lingkungan kerja kuwi pengaruhe gedhe banget. Yen gaweyanmu dadi penulis, ya wajar yen cangkemmu landhep, nyenyengit, lan mangkel marang apa wae—apa wae dianggep kleru ben isa dinggo bahan tulisan.

Banjur yen saumpama gaweyanmu anggota dewan? Apa ya banjur kowe ketularan seneng turu satengahing rapat? Seneng omong lamis? Lan korupsi?

Tulisan iki kanggo kanca-kanca sing lagi padha njago lan ngenteni hasil coblosan pemilu sesuk. Embuh kuwi dadi anggota DPRD tingkat kabupaten, propinsi, apa pusat. Sing cetha dadi politikus. Apa iya, yen saiki prestasimu gilar-gilar, kalebu bibit manungsa unggul, dadi aktivis sing kritis seneng protes, lan memperjuangke makmure rakyat, banjur isa njamin yen kepilih menang coblosan banjur isa ora melu ketularan kanca-kanca kantormu sing wis kebacut ‘gudhigen’ kuwi?

Kamangka masyarakat Indonesia wis mudheng nek pawitan utawa modhale ‘nglamar gaweyan’ dadi politikus kuwi butuh dhuit sing ora sithik. Ragat kampanye, blusukan neng dapil-dapil, nyethak spanduk, umbul-umbul, baliho, poster, ngemel parpol—masiya akeh parpol sing omong yen ora ana dhuit mel-melan utawa setoran kanggo partai, preet ndobos—dientha-entha kasarane wae wis entek atusan kepara milyaran rupiyah.

Apa ya trus ora pengin balik modhal? Endi ana wong dodol kok arep tuna? Yen umpama ketampa dadi anggota dewan, banjur penampamu bayar seka gaji pokok thok limang taun ngono resik ditambah tunjangan, ora bakal bali modhal dhuitmu yen ora nyeblak ngiwa nengen golek ‘sabetan’ dhuit ‘setan’.

Ora usah selak lan rasah ditutup-tutupi. Kabeh uwong wis kebacut ngerti yen dadi anggota legislatif kuwi profesi sing paling penak sak jagat. Masyarakat wis kebacut suudzon marang profesi kuwi. Isa lenggahan leyeh-leyeh neng kantor, bayare gedhene sak hohah, perjalanan dinas ya kaya wong piknik. Pokoke mulya uripe.

Saiki ngono ndakik-ndakik kampanye janji bakal dadi dewan sing resik, jujur, ora korupsi. Nyak preeet. Nyonto ukara sing durung suwe viral kasus pelecehan seksual mahasiswa UGM wingi, ‘sing jenenge kucing yen ditawani gereh apa ya isa endha’? Apa ya isa ngampet godhaning donya sing awujud rajabrana utawa harta kuwi? Yen saben ndina nyambut gawe didhepi duit ‘setan’ pating tlecek, lan kabeh kanca-kancamu sak kantor padha melu dum-duman ‘duit reget’ kuwi, apa ya banjur kowe bisa nampik ‘gereh’ kuwi? Aku kok ora yakin.

Piye yen umpama sesuk nalika dadi anggota dewan kowe macak sok suci lan resik nanging malah terus dijothak karo kanca-kancamu kantor? Banjur malah disingkang disingkirke merga kowe dianggep tumbak cucukan lan wadulan? Terus kowe dijendhilke? Ora dijak omongan lan caturan neng gaweyan? Apa iya isa betah olehmu sandhing nyambut gawe kahanane ngono kuwi?

Wis akeh tuladhane, sing jaman mbiyen nalika enom dadi tukang demo, aktivis, tokoh reformasi, tur mbasan kepilih dadi anggota DPR banjur mlekenthus…

…padha wae melu gudhigen.

Ana sing ngomong yen ora mungkin dadi anggota DPR kuwi resik, senadyan ora korupsi nanging tangane melu reget merga melu ndulit ‘gereh’ mbaka sethithik kuwi. Haiya padha wae, sing jenenge manipulasi apa korupsi kuwi sithik apa akeh dosane tetep padha. Kuwi yen wong-wong kae isih percaya karo dosa, lha ning dosa wae isa dimanipulasi je itungane jaman saiki ki. Saya meneh kowe nduwe kanca ahli agama, gari didum gerehe sithik, ya banjur lulut, isa dikiyak-kiyuk hukum dosane.

Paribasan sing dadi judhul iki pancen trep banget kanggo nyindhir utawa nyatire para caleg. Bisa ora kumpul tanpa katut ketularan gudhig.

Sing jenenge asu gudhiken kuwi siji wae wis nggriseni, apa maneh kumpulan asu sak Senayan. Mbuh kuwi asu paribasan apa literally asu. Durung ditemokke vaksin sing paling ampuh ben ora ketularan.

Exit mobile version