Puisi Sukmawati lan Ukuran Ayune Wanita

MOJOK.COPuisine Sukmawati munculake perdebatan endi sing luwih ayu, wanita sing cadaran utawa sing kondhean? Sakjane ukurane wanita ayu iki saka apane ta? Saka pasuryane, tumindake, utawa nalare?

Rekaman anggene Bu Sukmawati Soekarnoputri maca puisi sauntara wektu kepungkur kasil dadi viral lan gawe geger saperangan gedhe masyarakat Indonesia. Sawise dadi viral, rekaman puisi kasebut akeh pikantuk tanggepan saka para netizen. Isi tanggepane maneka werna. Akeh sing sarujuk nanging uga ora sethithik kang ora sarujuk marang isi saka puisi kang diwaca dening putrine Bung Karno kasebut.

Para netizen sing ora sarujuk nganggep puisi sing diwaca Bu Sukmawati wis klebu “ngasorake” sarengat agamane. Dene pihak sing sarujuk nganggep yen wosing isi saka puisi sing diwaca Bu Sukmawati mujudake pangajak supaya para wanita ing Indonesia ora lali marang budaya leluhure.

Anane beda penganggep sing kaya ngene, ora wurunga ndadekake saben-saben akun medsos kang ngunggah isi rekamane Bu Sukmawati kang lagi maca puisi tansah “panen” maneka tanggepan saka para netizen. Eloke para netizen ing Indonesia, anggene aweh tanggepan nganti direwangi gontok-gontokan rebutan bener. Babar pisan ora ana sing gelem ngalah.

Tanggepan kang diwenehake ora mung “lugu” rerangkening ukara, nanging samangsa ana sing dikantheni gambar kang ing dina iki luwih moncer sinebut meme. Mung emane saka sawetara tanggepan sing nandhingake sapa sing luwih ayu, sing cadaran utawa sing kondhean kerep ora imbang anggene menehi gegambaran.

Contone Suzuki Satria FU sing isih buntelan plastik merga mentas medhun riyin saka dealer dibandingake kelawan Suzuki Famili sing puluhan taun dienggo ngarit lan dienggo momot gamblong. Sarta anggene ngumbah kanthi cara kang paling prasaja: diudan-udanke. Saka kene ya cetha bakal akeh sing milih Suzuki Satria FU-ne ta.

Coba upama kalorone padha-padha isih mentas mudhun saka dealer. Senajan Suzuki Famili iku rilis taun 1970-an, yen wujude isih kinyis-kinyis, mesine isih orisinil, samubarange isih jangkep, lan surat-surate isih urip, dakkira ora sethithik kang luwih milih Suzuki Famili tinimbang Suzuki Satria FU.

Panduga sing kaya ngene iki ora ngaruwara, merga saperangan gedhe masyarakat ing Indonesia isih mentingake tampilan njaba tinimbang jerohane (pigunane). Sing dadi contone yaiku sepedhah motor Yamaha RX-King lan Honda Prima kang isih mulus lan kinyis-kinyis kalane didol dening sing duwe regane dadi tikel kaping akeh saka rega asline. Mosok Honda Prima regane nganti 80 yuta-nan, lan RX-King regane bisa luwih saka 100 yuta-nan. Lak ya elok ta?

Bali maneh sing endi sing luwih ayu? Sing nganggo cadar utawa sing kondhean? Wangsulan saka pitakon iki jan uangel banget. Merga ukurane ayu sing dikarepake ing kene iki isih durung cetha. Maksude ukurane ayu sing dikarepake ing kene iki apa ayune pasuryan, ayune tumindak, utawa ayune nalar babar pisan, ora ditegesake.

Saupama ukurane ayu kuwi pasuryan, banjur kepriye anggene meruhi pasuryane wanita kang cadaran? Saliyane kuwi, menehi ukuran ayu ‘mung’ saka pasuryan sing wose ukurane raga dudu tumindak kang becik ditindakake, kudu ngelingi manungsa ditampak ing alam donya iki babar pisan ora duwe kawenangan kanggo milih raga modhel piye kanggo madhahi nyawane.

Saliyane kuwi, upama sing dienggo ukuran ayu lan orane wanita iku saka babagan tumindak. Apa ana sing wani jamin wanita sing nganggo cadar kuwi luwih apik tinimbang wanita sing kondhean? Lan suwalike apa ana sing wani jamin wanita sing kondhean kuwi mesthi duwe tumindak kang luwih asor tinimbang wanita sing cadaran?

Saperangan gedhe para netizen kang aweh tanggepan ing unggahan rekaman puisi kang diwaca dening Bu Sukmawati iku kaum wanita dhewe. Anggene gawe rame ora kandheg ing kolom kometar nanging uga kegawa nganti wayah arisan. Masia akeh sing ora weruh dhewe, akeh sing melu cluluk.

Contone kaya Yu Dhadhap lan Yu Waru. Masia ora ngerti ing ngendi permasalahe. Wanita prasaja kuwi ya melu ngramekake babagan pambiji ukurane ayune wanita. Mung wae kekarone anggene nanggepi ora manggon ing medsos.

“Yu, miturut sampeyan ukurane wanita sing ayu kuwi sing cadaran utawa sing kondhean?” takone Yu Dhadhap menyang Yu Waru.

“Alah, Yu, yen rumangsaku kok ora loro-lorone,” wangsulane Yu Waru.

“Lah kok bisa?”

“Sampeyan ngerti dhewe, saben dina panggaweanku ya mung tukang ngarit. Bojoku lagi gelem ngelem ayu yen kalane mulih ngarit aku bisa nggawa suket sing akehe sapethet kebak. Lah sampeyan dhewe piye, Yu?”

“Jareku ya ora loro-lorone, Yu. Mergane, bojoku lagi gelem ngelem ayu yen kalane aku bisa masak sing rasane enak. Yen ukurane wanita ayu kuwi mung diukur saka sandhangan sing dienggo, nek jareku kok kurang tepak, ya? Merga mungguhku wanita sing ayu kuwi ya wanita sing bisa rumangsa lan bisa ngrumangsani.”

Uwal saka cecaturan kang ditindakake Yu Dhadhap lan Yu Waru, saben-saben krungu tembung ayu, aku mesthi dadi kelingan pakulinane emakku saben sore kalane cuacane cerah. Ing wektu kuwi, emakku seneng banget madhep langit kulon kang semburat werna abang kekuning-kuningan. Lumrahe wong daerah nggonku nyebut, sing disawang emakku kuwi kanthi sebutan candhik-ala. Nanging emakku duwe sebutan dhewe.

Tinimbang melu-melu nyebut semburate langit sore kanthi sebutan candhik-ala. Emakku luwih seneng semburate langit sore sing rupane abang kekuning-kuningan iku kanthi sebutan candhik-ayu. Nalika daktakoni alesane emakku mung mangsuli, “Ora ana siji-sijia gaweane Gusti Allah kuwi sing ala. Kabeh mesthi sarwa bagus lan ayu.”

Gandhenge sing kadunungan ayu iku lumrahe wanita. Dakkira ukuran sing paling trep kanggo menehi ukuran ayu lan orane, ya wanita iku dhewe. Tegese ngene, wanita sing ayu kuwi ora mung wanita kang wani ditata, nanging wanita kang wani nata. Saka anggene wanita kang wani nata lan gelem ditata iki ora mung bisa ndadekake panguripane para wanita bisa luwih tumata lan bisa nggayuh panguripan kang luwih mulya. Para wanita uga dadi ora nglalekake kodrate sing samesthine.

Exit mobile version