Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Cuan
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Cuan
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Cuan
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Paribasan Amburu Uceng Kelangan Deleg, Piwulang Jawa sing Ngajari Kacukupan

Paksi Raras Alit oleh Paksi Raras Alit
25 Juli 2020
A A
Paribasan Amburu Uceng Kelangan Deleg, Piwulang Jawa sing Ngajari Kacukupan

Paribasan Amburu Uceng Kelangan Deleg, Piwulang Jawa sing Ngajari Kacukupan

Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Paribasan kaya lagune Nartosabdo, amburu uceng (iwak kaya cethul) kelangan deleg (iwak kutuk) ngelingake maring Ahmad Dhani lan anake presiden.

Durung patiya wengi, lagi jam setengah sanga, aku methangkring neng angkringan. Bakule nyetel uyon-uyon neng youtube. Ndilalah sing diputer tembange Ki Nartosabdo, judhule Dara Muluk. Sinambi ngentekake sega kucing, lamat-lamat keprungu seka spiker henpon cakepan (lirik) tembang iku, kira2 kasebut tetembungan

“rame-rame ngoyak dara mabur muluk…alok-alok playune kesandhung-kesandhung…darane dhewe ucul. Jroning gupon akeh piyike ora kopen, kontrang-kantring. Ombene wus asat, pakan mung kari wadhahe. Akeh kang kebandhang, gupone katon komplang…Jebulane milik sarwa melok ing dudu mesthine, amburu uceng kelangan deleg…”.

Saknalika kupingku kecenthok karo lirike lagu kuwi mau. Filosofis banget.

Lagune rampung, sega kucinge entek, gedhang goreng neng tembor kari siji, tak emplok.

Isih sinambi nglamunke maksude tembang kuwi mau, bakule angkringan tak jak ngobrol. Tak karuhke yen iki isih durung ana jam sanga tur dagangane wis entek. Apa ora arep nggoreng meneh? Wong ya isih sore. Olehe mangsuli bakule ngomong yen rejekine wis diatur, ya mung semene iki, nek ditambahi jladren lan mbumboni gorengan meneh, malah sok ra payu, turah, mubazir kebuwang. Dadi ya wis cukup miturute dhewekke. Dagangan entek gasik, kuwi rejeki. Rasah ngaya dipeksa meneh. Malah kepara wektune isa dinggo ngaso karo anak bojone neng omah.

Mak tratap, mak dheg!

Mrinding aku bengi kuwi neng angkringan sakkal krungu rong piwulang bab kauripan saka Nartosabdo lan omongane bakule gorengan. Babagan aja ngaya ngoyak butuh, sakcukupe!! Ndak nek dipeksa, malah kesandhung-sandhung lan sing wis diduweni dadi kontrang-kantring ora kopen, merga daya tenagane entek dinggo mburu bandha brana sing dudu jatahe…jeruuu!! Kanggone wong lawas kaya ngono kuwi sing diarani ngelmu cukup. Mandheg yen wis komanan, ora ngangsa. Ora ono ceritane banjur amburu uceng kelangan deleg.

Hla nanging, filosofi Jawa kaya ngono kuwi banjur ora jumbuh utawa kontradiktif yen ketemu karo teori ekonomi lan bisnis sing apa-apa sarwa ngoyak opportunity, tantangan. Ben tambah mulya tambah mukti kudu ‘meninggalkan zona nyaman’.

Banjur endi sing bener? Piwulang agama uga ngajari yen aja srakah, golek upajiwa sakmadya, urip sederhana, mandheg mangan sakdurunge kewaregen. Nanging nek miturut para motivator sukses berbisnis, ngelmu cukup kaya ngono kuwi mau dianggep ngelmune wong kesed. Ora challenging karo peluang lan potensi-potensi sing prospektif nekakake dhuwit.

Rak ya angel ta ngetrapke teori iku marang bakule angkringan sing wis wegah nggoreng gedhang meneh kuwi mau. Sing milih mulih nek dagangane kelarisan, supaya waktune bisa kanggo ngopeni kaluwarga neng omah, ben ngomahe ora katon komplang. Kamangka sakdhonge waktune isih akeh nek arep dioyakke kanggo nambah penghasilane. Wong ya lagi dodol metu jam 6, jam setengah 9 wis kelarisan entek kok.

Piwulang Jawa lan piwulang landa dadi kosok balene, berlawanan. Sing siji ngajari kacukupan, sing siji ngajari kaluwihan. Sing nganut elmu cukup tetep percaya yen jatah rejeki kuwi wis diatur, dadi ra perlu nyengka anggone golek dhuwit.

Nanging uga aku wis tau maca, embuh tulisane sapa, unine ngene “apa sing digoleki wong yen wis sugih utawa duwe kuwasa? Ya mesthi kasugihan lan kakuwasan sing linuwih meneh.”

Yen ngono, ngelmu cukup kuwi sengara bisa ditrapke neng pawongan sing pancen ngelak terus bab kamukten lan kakuwasan. Pingine kabeh-kabeh dimilik lan dikuwasai. Kaya ta politisi. Anane mung sarwa nggragas, wis deduwen rumangsane isih kekurangan kuwasa terus.

Eling critane Ahmad Dhani umpamane. Priya siji kae kurang piye muktine ing jagat seni musik. Ora ana kurange. Ya bagus gedhe dhuwur, nek gawe lagu apik lan laris, wis pantes yen tatarane kasebut maestro, bojone ya gonta-ganti lan ayu-ayu, sajak Raden Janaka wae kalah.

Iklan

Nanging, mbasan pingin linuwihing kamukten lan kuwasa, banjur terjun ing donya politik. Deloken, malah kesadhung-sandhung mlebu kunjaran barang. Hla mbok wis, dolanan musik wae ngapa ta Mas…wong ya wis luwih seka cukup kok entuke neng musik kuwi. Kok jebul isih ana kepinginan liyane, durung krasa cukup.

Paribasan kaya lagune Nartosabdo mau, amburu uceng (iwak kaya cethul) kelangan deleg (iwak kutuk). Jenenge elek merga lawan politike akeh sing sengit. Dibully neng medsos, uga kelangan wektu neng kunjara.

Dhonge Ahmad Dhani wis kepenak banget lho dadi musisi. Gawe lagu, konser, bayaran, laris, mulih ngeloni bojone (wong ya ayu wae nganggo banget). Ning ya piye meneh, jenenge politisi. Nek durung modar ketoke durung mandheg anggone ngoyak kuwasa.

Anggonku thethek angkringan dadi krasa migunani banget kanggo awakku. Dadi entuk pemikiran werna-werna. Ndilalah bakule kuwi pola pikire prasaja banget. Mbok menawa bisa kanggo tuladha apik. Yen wis sugih, mukti, lan duwe kuwasa ora usah srakah, tinimbang malah kejeglong banjur kewuhan lan kewirangan.

Yen bisa nuladhani elmune bakul gorengan angkringan iku, mbok menawa uripe Ahmad Dhani luwih tentrem. Ning ya embuh dhing…isa wae elmune bakule mau kleru lan ora pener kanggo liyan.

Wong nyatane saiki wae ya ana bakul martabak, sing durung krasa cukup rejekine seka dodolan. Kamangka warunge martabak kuwi wis sak dayak koplak cacahe. Malah reka-reka nyalon walikota. Padahal bab dhuwit ya mesthi wis ora kurang-kurang, wong ya dadi anak presiden kok. Mula kayane wis patut yen paribasan amburu uceng kelangan deleg iki dadi piwulang urip ing mangsa iki.

BACA JUGA Sekolah Embel-embel ‘N’ Ngewajibake Kudungan, Minoritas Dadi Titenan atau artikel lainnya di RERASAN.

Terakhir diperbarui pada 25 Juli 2020 oleh

Tags: bahasa jawaparibasan jawa
Paksi Raras Alit

Paksi Raras Alit

Seniman dan pegiat aksara Jawa.

Artikel Terkait

Cerita Kebiasaan Orang Jawa yang Bikin Kaget Calon Pendeta MOJOK.CO
Esai

Cerita Calon Pendeta yang Kaget Diminta Mendoakan Motor Baru: Antara Heran dan Berusaha Memahami Kebiasaan Orang Jawa

21 November 2025
Bahasa Jawa harus dipelajari Gen Z. MOJOK.CO
Ragam

Cara Menjadi Jawa Seutuhnya dengan Mengilhami Bahasa, Tanpa Mencampurnya Jadi “Jawindo” dan Bahasa Slang ala Gen Z

24 Oktober 2025
Aksara jawa. MOJOK.CO
Ragam

Aksara Jawa Bukan Sekadar Mantra Berbau Klenik, Bisa Menyelamatkan Hidup jika Dipahami Secara Sains

23 Oktober 2025
translate bahasa Jawa. MOJOK.CO
Tekno

7 Aplikasi Translate Bahasa Jawa, Praktis dan Lengkap

6 Oktober 2023
Muat Lebih Banyak

Terpopuler Sepekan

Mitsubishi L300: Simbol Maskulinitas, Pemutar Ekonomi Bangsa MOJOK.CO

Mitsubishi L300: Simbol Maskulinitas Abadi yang Menolak Fitur Keselamatan demi Memutar Ekonomi Bangsa

13 Januari 2026
Keluar dari organisasi mahasiswa ekstra kampus (ormek) PMII, dicap pengkhianat tapi lebih sukses MOJOK.CO

Nekat Keluar PMII karena Tak Produktif: Dicap Pengkhianat-Nyaris Dihajar, Tapi Bersyukur Kini “Sukses” dan Tak Jadi Gelandangan Politik

13 Januari 2026
Luka perempuan pekerja Surabaya, jadi tulang punggung keluarga gara-gara punya kakak laki-laki tak guna MOJOK.CO

Luka Perempuan Pekerja Surabaya: Jadi Tulang Punggung Keluarga, Duit Ludes Dipalak Kakak Laki-laki Nggak Guna

17 Januari 2026
nongkrong di kafe, jakarta selatan.MOJOK.CO

Nongkrong Sendirian di Kafe Menjadi “Budaya” Baru Anak Muda Jaksel Untuk Menjaga Kewarasan

14 Januari 2026
Penjual kue putu di Jogja. MOJOK.CO

Kegigihan Gunawan Jualan Kue Putu di Kota-kota Besar selama 51 Tahun agar Keluarga Hidup Sejahtera di Desa

14 Januari 2026
Sisi Gelap Bisnis Es Teh Jumbo, Tak Cuan Bisnis Melayang MOJOK.CO

Dua Kisah Bisnis Cuan, Sisi Gelap Bisnis Es Teh Jumbo yang Membuat Penjualnya Menderita dan Tips Memulai Sebuah Bisnis

15 Januari 2026

Video Terbaru

Air dari Perut Bumi: Goa Jomblang dan Perubahan Hidup Warga Gendayaan

Air dari Perut Bumi: Goa Jomblang dan Perubahan Hidup Warga Gendayaan

18 Januari 2026
Bob Sadoni dan Hidup yang Terlalu Serius untuk Tidak Ditertawakan

Bob Sadoni dan Hidup yang Terlalu Serius untuk Tidak Ditertawakan

13 Januari 2026
Elang Jawa dan Cerita Panjang Kelestarian yang Dipertaruhkan

Elang Jawa dan Cerita Panjang Kelestarian yang Dipertaruhkan

11 Januari 2026
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Cuan
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.