Ora Mung Jurus Silat, Wong Indonesia Uga Duwe Jurus Nekad

[MOJOK.CO] “Jurus nekad iku perlu kanggo ngisi utek lan wetengmu”.

Antarane utek lan weteng ngono pancen kapisah lumayan adoh. Saora-orane ana bathuk, alis, mripat, irung, lambe, janggut, cekok, lan dhadha kang misahake utek lan weteng. Masiya kalorone kapisah jarak kang lumayan adoh, manging kalorone nduweni hak kang padha diiseni.

Yen utek butuh diiseni nganggo ilmu lan kawruh. Weteng butuh diiseni nganggo panganan lan ombenan. Hak padha kang diduweni kalorone, senajan isen-isen sing dibutuhake beda, nanging samangsa carane mikolehi samubarang kanggo ngiseni kalorone kurang luwih padha.

Sapa wae kang pengin menehi isen-isen kanggo utek utawa wetenge kudu gelem nindakake pangupaya. Pepadhan ngenani tata cara kanggo ngisi utek lan weteng iki dhewe nyatane uga njalari anane sambung rapet antarane ise-isening utek lan isen-isening weteng.

Ilmu lan kawruh kang digunakake ngisi utek bisa digunakake kanggo golek isen-isening weteng. Lan suwalike isen-isene weteng bisa digunakake kanggo nyiptakake tenaga sing pungkasane kena gawe manungsa ngupaya golek ilmu lan kawruh.

Menawa wae merga anane sesambungan kaya ngene iki kang njalari pawongan rila nindakake maneka cara supaya bisa pikantuk isen-isene utek lan isen-isene weteng. Amrih bisa pikantuk isen-isene utek lan isen-isene weteng pancen ora gampang. Nanging merga isen-isene utek lan weteng iki klebu kebutuhan wigati tumrap uripe manungsa kang ora bisa diselaki.

Mula aja nggumun yen samangsa nemoni ono pawongan kang wani nindakake apa wae amrih pepinginane bisa kaleksanan. Pawongan mau wegah nyerah marang kahanan kang dianggep dadi pepalang kanggo mujudake pepinginane. Kahanan kaya ngene bisa dumadi jalaran kalane wong mau ngetokake gamane kang paling sekti yaiku nekad.

Yen diwawas saka cathetan sejarah. Nekad mujudake gaman pungkasan lan gaman paling sekti kang diduweni dening wong Indonsesia. Sanajan wujude gaman beda nglawan gaman liyane nanging daya saka gaman nekad iki ora kalah perbawane.

Sejarah mbuktekake yen gaman nekad kang dienggo dening leluhure awake dhewe bisa menehi owah-owahing kahanan. Tuladhane Indonesia kang atusan taun kajajah bisa madhika lantaran gaman nekad kang dicakake para pahlawan. Coba dipikir, kurang nekad piye para pahlawan kang berjuang ing jaman biyen. Masiya mung nganggo bambu runcing kang linambaran gaman nekad. Para pahlawan wani perang nglawan bangsa penjajah kang luwih modern. Kasunyatan kaya ngene kang bisa ndadekake gaman nekad mujudake salah siji kearifan lokale bangsane dhewe.

Owah gingsire jaman kang nyebabake akehe owah-owahan sajroning panguripan klebu ilange sauntara kearifan lokal. Nyatane ora nglunturake gaman nekad saka pribadhine saperangan gedhe masyarakat bangsane dhewe. Sing dumadi malah suwalike, owah-owahan jaman malah dadi sarana kanggo moles lan nyumambarahake gaman nekad menyang madyaning masyarakat.

Gaman nekad kalane dicakake penganggone karepe gawe wong liya geleng-geleng sirah merga gumun lan ora percaya. Wong ngrasa gumun pancen lumrah. Nanging yen gumune keladhuk iku sing ora becik. Ngelingi kahanan sing ngene wong jaman kuna nduweni unen-unen kang isine aweh pangajab amrih aja gampang kagetan lan aja gampang nggumunan.

Tuladha laku nekad kang diduweni dening masyarakat Indonesia akeh banget. Salah sijine yaiku kaya photo sing dadi viral keri-keri iki. Ing photo kasebut ana gambar wong sing enak-enak mangan pecel lele ing satengane banjir kan dumadi ing Jakarta. Nyawang nekade wong kang pengin ngisi wetenge ndadekake akeh wong godheg-godheg sinambi ngelus dhadha.

Saliyane kuwi uga ora sethithik wong sing nggumun marang kaputusane bakule sega pecel lele kang nekad tetep nglayani langganane ing satengahe banjir. Saka tuladha sithik iki bisa dietung kaya ngapas sektine gaman nekad kang diduweni masyarakat Indonesia.

Gandhenge nekad iki klebu sawijining gaman kang bebas diduweni sapa wae. Pawongan kang pengin nggunakake gaman iki kudu duwe sipat kang wicaksana. Tegese sakdurunge nggunakake gaman mau, sing nggunakake kudu metung apik-alane, lan pangribawa apa sing kudu ditampa kalane gaman mau digunakake. Ing kene wong sing nggunakake gaman mau diajab wani lan gelem nampa resiko lan konsekuensi saka kaputusane nggunakake gaman mau.

Ing perangan liya, pawongan kang nggunakake gaman iki uga kudu tansah ngati-ati. Jalaran gaman iki duwe mripat loro. Tegese saliyane bisa kanggo nekakake kabecikan, gaman iki uga isa nekakake kacilakan tumrap sing nggunakake gaman mau. Mulane dibutuhake petung kang mateng supaya ora tuwuh rasa getun ing tembe mburine.

Ndulu kahanan Indonesia sing isih kaya ngene iki dakkira sapa wae kena nggunakake gaman iki murih bisa ngiseni utek lan wetenge kanthi isen-isen sing becik. Nanging sing kudu tansah dieling-eling panggunane kudu trep ora nglanggar aturane agama lan aturane negara sarta sing luwih wigati, gaman mau bisa ngasilake sing mupangat tanpa gawe rugine liyan. Oleh nekad nanging kudu teten kinurmat

Exit mobile version