ADVERTISEMENT
  • Cara Kirim Artikel
Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Persona
    • Seni
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Memori
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Politik
    • Sosial
    • Tekno
    • Transportasi
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Persona
    • Seni
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Memori
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Politik
    • Sosial
    • Tekno
    • Transportasi
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
Logo Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
Beranda Corak Rerasan

Munggah Panggung lan Munggah Gunung Kuwi Salah Sijining Dalan Nunjukake Kuwasa

Naratala oleh Naratala
29 Maret 2018
0
A A
Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Iki meh mangsa pilihan, mangsane wong-wong padha munggah panggung. Iki meh mangsa prei-nan, mangsane wong-wong padha munggah gunung.

Sampeyan wis nate munggah panggung? Misale, panggung 17-an neng lingkungan dhusun? Panggung seni pertunjukan kaya ing Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta? Utawa panggung kontes idhola? Kerep apa ora? Njur Sampeyan seneng banget yen dikeploki wong akeh ngono kae. Monjo neng ngarepe utawa dhuwure. Rumangsa yen sing Sampeyan panggungke pancen yahud tenan. Nggambarake yen Sampeyan duwe wijining kuwasa tenanan.

Terus, Sampeyan wis nate munggah gunung? Misale, gunung awujud punthukan-watu cilik nyengkir-gadhing ing tengahing desa kang riwuk-bawera wit-witane, ngrembuyung godhong lan woh-wohane? Utawa gunung awujud kukusan-watu gedhe ing pinggir kutha? Ajeg, ta? Njur Sampeyan ngrasa gumyak-gumbira karana mega-mega katon ing sangisoring lingga/angga. Rumangsa yen sing Sampeyan-unggahi ncen dhuwur-agung tenanan lan hayu pol-polan. Nggambarake laku Sampeyan saka ngisoran sing abot sadawane dalan, ndadekake ngos-ngosan.

Yen anggon Sampeyan munggah panggung lan munggah gunung ora mung “nate” ananging isa diarani “kerep”, njur sawetara wektu Sampeyan ora nglakoni munggah panggung lan munggah gunung mane. Mula sarandhuning badan Sampeyan malah krasa pegel-pegel. Njur ana rasa sing Sampeyan empet, pengin nggal ditindakke meneh. Utawa cayane pasuryan Sampeyan dadi kucem lan kucet. Yen ora munggah panggung seminggu wae, awak Sampeyan krasa puanas. Yen ora munggah gunung sewulan wae rasane awak uabot. Dadi gagal fokus. Sing ana mung brai kepiye carane ben isa munggah.

Na, laku-loro sing kaya dhuwur iku kanggone ‘golongan-dukut-pinggir-dalan’ kaya aku dakarani: manggung.

Sakjane munggah panggung karo munggah gunung iki padha-dene. Ora beda adoh. Loro-lorone memper; madha-rupa. Rak ya Sampeyan biyen nate sekolah ing sekolah-menangah ta, njur dening gurune awake-dhewe diajari perkara homo. Sik, maksudku iki homo-homo-nan kaya homonim homofon homograf kae. Dadi ana sing padha anune, ana sing beda anune. Ana sing padha nina-ne, ya ana sing beda nina-ne. Njur antarane munggah panggung lan munggah gunung iki ancen ana padha-rupane.

Baca Juga:

Antara Hidup dan Mati di Bibir Jurang: Seri ke Gunung Salak yang Mistis . MOJOK.CO

Antara Hidup dan Mati di Bibir Jurang: Seri ke Gunung Salak yang Mistis (Bagian 2)

6 April 2023
mahasiswa uin hilang mojok.co

Tim SAR Ungkap Penyebab di Balik Mahasiswa UIN yang Hilang Dua Hari di Lereng Merapi

14 Januari 2023

Ben rada mambu-mambu tulisan ngilmiyah sing princi lan runtut-reruntungan, mula madha-rupane munggah panggung lan munggah gunung bakal dak-andharke ning ngisor iki (monggo, isa Sampeyan sudani utawa tambahi):

  1. Padha-dene Nglakokke Pada (Sikil)

Sikilan-panggung lan sikilan-gunung kuwi bakal ditapaki luwih dhisik. Sakdurunge munggah, kasamektakake pepadan sabangsane sandhal, sepatu, mojah, lan sakpiturute. Amarga dalan munggah iku rumpil, mula tapaking pada (sikil) kudu anteb plus manteb. Supayane ora kesrimpung lan lakuning sikil kebak kawaspadan. Nah, misale yen ana rereged ing sikil ya digedrug-gedrugake luwih dhisik.

  1. Padha-dene Cecekelan Teken

Teken iku diprelokake rikalane munggah satemah jejeging badan ora gampang ambruk, nggleyor ngiwa utawa nggleyor nengen. Karana, mlaku munggah menyang papan kang luwih dhuwur trap-trapane iku banter angine. Hawane iki beda. Oh ya aja lali, rowang rikalane munggah uga bisa didadekke teken, yaiku gegandhengan tangan.

  1. Padha-dene Ngunggahi Undhak-undhakan

Anggane panggung lan gunung wis ngarani anane undhak-undhakan, trap-trapan, pancadan, utawa ambal-ambal. Munggah panggung lan munggah gunung ateges ngunggahi saben undhak-undhakan iki, kaya dene wong menek wit (dudu menek uwong loh ya) kudu ngidak cowelan lan pang-carange. Utawa wong munggah andha ya kudu midak unton-untone.

  1. Padha-dene Ngemot Sipat Rekasa

Parilaku lan parigawe munggah nggambarake swasana rekasa. Wis dadi kodrat yen ngunggahi undhak-undhakan panggung lan gunung iku abot, mula mbutuhake tenaga lan beya kang gedhe. Perkara lara, tatu, lan perih mancawarnani laku-munggahe kang rengkeng-rengkeng.

  1. Padha-dene Nggegawa Sangu

Dhuwit lan pangan iku kagolongake sangu munggah. Dadi hal kang dipersiapno yen sawektu-wektu dibutuhake.

  1. Padha-dene Nggayuh Pucuk/Panggungan

Kang diarep-arep dening laku munggah panggung lan munggah gunung tan liya ya pucuk-panggung lan pucuk-gunung. Ing kene, paraga kang munggah bakal manggung utawa nyuwarakake swara kung, rasane kaya ing sadhuwuring Panggung Sangga Buwana: salumahing bumi/negari bisa katon kanthi cetha wela-wela.

  1. Padha-dene Gung/Agung

Gung utawa agung iku gedhe. Panggung lan gunung iku dhuwur lan gedhe. Paraga kang munggah satekane ing pucuke katon dhuwur lan agung.

Ning, peprincen madha-rupane munggah panggung lan munggah gunung dhuwur iku mung ing tata-lair. Dene ing tata-batin kari Sampeyan penggalih dhewe. Sampeyan neneges rikalane sepi.

Karana sakwise tuwuhe era reformasi lan keterbukaan, wong-wong kanthi gumlundhung padha munggah panggung, sedya nggayuh dadi wong-agung. Sakliyane iku, sakwise njedhul novel kang apa kae irah-irahane, limang-senti pa apa iku, ritual munggah gunung njur dadi mbanyu-mili. Sakjane, loro-lorone padha-dene nyoba ngunggah-unggahi panggung lan gunung. Nggegolek palawangan kang ayem-tentrem manut swara batine.

Sing trawaca, munggah gunung lan munggah panggung duwe dalan-politik dhewe-dhewe. Dalan politik misale kanggo: ngunggah-unggahi wanita-ayu utawa priya-bagus; ngunggah-unggahi drajad, pangkat, utawa semat. Temtu nganggo tata-carane, apik-orane, gage-alone, lan lembat-kerase dhewe-dhewe. Tujuwane? Prapta ing pucuke, ing endhase. Apa iku? Papan panggungan: panguwasa, senajan mung sagedhene lingsa.

Wis, saiki Sampeyan arep ngunggah-unggahi panggung sing endi, gunung sing endi? Panggunge sapa, gununge sapa? Sampeyan arep manggung neng gunung endi? Sampeyan arep nggunung neng panggung endi? Liwat dalan (politik) sing endi?

Sing lembat-lemahan kaya liwat Cemarakandhang, utawa sing atos-waton kaya Cemarasewu? Jer munggah-panggung lan munggah-gunung pancen among-suka, among-raga, lan yen kersa among-suksma.

Wis, kono! Sampeyan manggung kadi prekutut kono! Pumpung lagi mangsa brai: manggung neng gunung lan nggunung neng panggung. Anggere panggunge ora Sampeyan unggahke ing pucuk gunung. Kepara Sampeyan unggahke ing pucuking Gunung Geni (Merapi). Merga, sing cetha: abot bziangetz sanggane! Nyalahi kodrate alam lan titahing alumrah. Isa-isa kaya dhalang kerubuhan panggung; kaya raja kembrukan gunung. Tur meneh aku ngira Sampeyan ora bakal kuwawa. Kejaba Sampeyan ketitisan kuwasane Mbah Ismaya, Mbah Antiga utawa Mbah Anoman.

Banget anggonku trenyuh lan nggrantes yen ta Sampeyan maripaksa ngunggahke panggung nyang pucuking Gunung Geni (Merapi); balanan apa dhewekan. Beda-rembug yen panggunge mung panggung-panggungan. Gununge ya mung gunung-gunungan.

Ndhak ngisin-isini Mbah Marijan.

Terakhir diperbarui pada 30 Maret 2018 oleh

Tags: dalan politikkuwasaMbah MarijanmunggahNaik Gunungpanggung
Naratala

Naratala

Artikel Terkait

Antara Hidup dan Mati di Bibir Jurang: Seri ke Gunung Salak yang Mistis . MOJOK.CO
Malam Jumat

Antara Hidup dan Mati di Bibir Jurang: Seri ke Gunung Salak yang Mistis (Bagian 2)

6 April 2023
mahasiswa uin hilang mojok.co
Kilas

Tim SAR Ungkap Penyebab di Balik Mahasiswa UIN yang Hilang Dua Hari di Lereng Merapi

14 Januari 2023
Eed Kopi Bowongso mojok.co
Liputan

Sriono Edy Subekti, di Balik Sukses Kopi Bowongso dan Penyesalannya Membuka Jalur Pendakian

20 Januari 2022
Modal Jempol naik gunung ke Rinjani
Liputan

Seorang Anak Muda yang Naik Gunung Rinjani Modal Jempol karena Skripsi

31 Oktober 2021
Muat Lebih Banyak
Pos Selanjutnya
gojek grab

Pasca Aksi Demo Besar-Besaran, Grab dan Gojek Sepakat Naikkan Tarif

Tinggalkan Komentar


Terpopuler Sepekan

Universitas Bhakti Kencana: Profil, Jurusan, dan Informasi Lengkap Lainnya MOJOK.CO

Universitas Bhakti Kencana: Profil, Jurusan, dan Informasi Lengkap Lainnya

25 September 2023
Aku Anak Bungsu yang Masih Saja di Rumah dengan Gelar Sarjana, Padahal Ingin Merantau MOJOK.CO

Aku Anak Bungsu yang Masih Saja di Rumah dengan Gelar Sarjana, Padahal Ingin Merantau

26 September 2023
Ada Universitas Brawijaya Kediri, Tidak Perlu Repot ke Malang MOJOK

Warga Kediri Tidak Perlu Repot-repot ke Malang untuk Kuliah di Universitas Brawijaya

27 September 2023
Kampung Sayidan, Kampung Arab dalam Lagu Shaggydog MOJOK.CO

Menelusuri Kampung Sayidan, Kampung Arab dalam Lagu Andalan Shaggydog

26 September 2023
Kaesang Pangarep Gabung PSI

Kaesang Pangarep Gabung PSI dan Aldi Taher Bikin Grup WA Mantan Istri Hebohkan Netizen

30 September 2023
Mengenang Tanamur Diskotek Pertama Jakarta, Raja Hiburan Malam Era 80-an MOJOK.CO

Mengenang Tanamur Diskotek Pertama Jakarta, Skena Disko Lahir di Sini

28 September 2023
Membaca Kembali Sejarah Kwitang Sebagai Kampung Jawara Silat dan Titik Penting Bagi Bung Karno di Jakarta Pusat

Membaca Kembali Sejarah Kwitang Sebagai Kampung Jawara Silat dan Titik Penting Bagi Bung Karno di Jakarta Pusat

27 September 2023

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
DMCA.com Protection Status

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Kanal Pemilu 2024
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Persona
    • Seni
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Memori
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Sosial
    • Tekno
    • Transportasi
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-Uneg
  • Movi
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In