Lowongan Kerja Kuwi Akeh, Sing Niyat Kerja Tenanan Sing Ora

MOJOK.COLek ancene tenanan niyat kerja, ya ora bakal akeh-akeh ngersula. Apamaneh gampang mlebu-metu gawean anyar.

Kancane nyong nyebar brosur lowongan neng fesbuk. Jare lagi butuh pegawai, nggo panggon dolanan bocah, sing biyasane ana neng emol-emol gedhe. Let telung dina, ana maning sing nyebar brosur sing padha. Ning nganggo kepsen sing beda. Munine kepsen mandan ngresula. Jare tulung lah, nek niyat kerja mbok kerja sing tenanan. Aja mung gur nggo lombonan. Kerja durung seminggu, uwis kakean petingsing ijin.

Lah, kok dina kuwe, ana maning sing padha baen, ngresula. Jare mbukak lowongan pegawean. Nggo bocah sing nembe lulus ya kena. Ning sing niyat kerja, aja mung njaluk gaji gedhe. Tapi nggole nyambet gawe mlengse.

Nyong dadi komentar njah. Nyong crita, nek urung suwe, ana kancane nyong njaluk tulung maring nyong, kon nggoletna pegawean nggo keponakane. Barang uwis tek goletna, liwat jalur KKN—ning lowongan neng perusahaan swasta lo njah, dudu BUMN.

Barang seminggu, kancane nyong kowh ngabari. Nek keponakane uwis metu sekang gawean sing tek goletna neng nyong. Jarene bocahe ngresula. Neng gawean, nyekel hape baen ora olih. Mangkate esuk, baline sore, kesel. Urung maning, jarene pegaweane akeh pisan. Kon ngetik terus-terusan neng ngarep komputer, dadine awake pegel.

Nyong dadi penasaran, terus takon maring kancane nyong sijine, sing aweh gawean. Jan-jane bocahe nyambet gawene kepriben sih. Apa baen gaweane, deneng jere abot temen.

Neng kancane nyong decritani, nek bocah kuwe, dedokon neng administrasi dadi tenaga admin. Pegaweane, ya jelas isine ngetik laporan keuangan. Pokoke, sing isine duit, duit karo duit. Ning nggole nyambet gawe, sedela-dela nyekel hape, live neng Instagram, apa nggawe status.

Komputer, ya ora dinggo ngetik thok. Nek kon ngirimna laporan keuangan, sing ben dina kudu dikirim maring pusat liwat imel, deweke ya onlen neng media sosial. Dadi karo kepala admin-e, ditegur. Merga perusahaan ya jelas nduwe aturan, njah. Olih mbuka hape, gur nggo komunikasi. Kuwe baen komunikasi sing penting thok, ora dinggo chatting ora penting.

Giliran ditegur kaya kuwe, ngesuke malah ora mangkat. Malah krungu-krungu metu sekang gawean. Ndaftar pegawean kulonuwun, nggane pas metu ora pamit. Ancen ora niyat kerja. Ya nyong sing malih isin mbok, merga nyong sing ngrekomendasikna bocah kuwe.

Nyong dadi kemutan, kapan wektu nyong tau nrima bocah lulusan SMP, nggo ngrewangi neng warung. Jere biyunge, bocah kuwe ora nglanjutna sekolah maring SMA, merga uwis kesel mikir. Emoh kon sinau maning, kepengine nggolet gawean, kerja, trus ngko rabi. Ning nggolet pegawean nggo bocah lulusan SMP, ya ora gampang. Paling ya, neng gawean domestik.

Jenenge ngrewangi neng warung, ya mestine pancen gaweane akeh. Tur maning nek mbengi, isine bocah kuliahan thok sing padha mangan sisan nongkrong, ndopok neng kene. Lah, pegawean pirang-pirang, nggane bolak balik detinggal niliki henpon. Dela-dela ndeleng henpon, dela-dela chatingan, trima telpon, padahal sing tuku ya esih ngantri, nungoni delayani.

Barang rong minggu nyambet gawe, nyong ya suwe-suwe judeg ndelengna carane nyambet gawe. Padahal ya uwis dekandani, nek wayahe nyambet gawe, ya tulung lah, sing bener. Wong nyambet gawene gur sore thok. Esuk nganti sore kan ana wektu nggone chatingan apa telponan. Nyong dewek ya jane ora nglarang nek arep nyambi chatingan. Ning ya mbok ngerti wektu, aja pas wayah akeh wong tuku.

Ning jenenge bocah sekiye, kan ora kaya bocah gemiyen. Dekandani ya gur mlebu kuping tengen, metu neng kuping kiwe. Akhire ya tek balekna maring biyunge, wong pancene bocah ora teyeng dekandani. Masiya nyong butuh pegawe. Tapi nek kelakuane gur nggawe judeg, ya mending nyong nggolet liyane baen. Males ngurusi bocah sing ora niyat kerja.

Jaman sekiye, pancen nggolet bocah sing temen nggole nyambet gawe, angel pisan. Sing ngresula kaya kuwe, jane akeh pisan, ora mung siji loro. Padahal, sing ngresula jare nggolet pegawean kuwe angel, ya ora kalah akeh. Mbingungi pisan, mbok?

Jaman kiye, bocah-bocah sing padha nyambet gawe, ting petingsing pisan jalukane. Karepe pegaweane ora kesel, ora abot delakoni, gejine gedhe. Tur karepe pegaweane kudu sing bergengsi, ben teyeng depamerna. Ora ngisin-ngisini nek depamerna neng media sosial.

Gweh, mbok maen pisan penjalukane?

La rumangsane, sing jenenge pegawean, apa sing ora kesel delakoni jajal? Pegaweane ora kesel, ning njaluk gajine gedhe. Ya jajal nganah, nyopet wong sugih sing dompete kandel. Lih ora kesel, duite ya gedhe. Apamaning nek perkara gengsi, kowh anu gur arep depamerna. Nggo ngapa jajal? Apa nggane urip kuwe mangan gengsi?

Durung maning, jenenge baen uwong nembe kerja, urung nduwe pengalaman. Masa iya arep milih-milih pegawean sing posisine mandan nduwur, kan ya ngarang. Kabeh mau kan ana prosese. Ora jere mak junggleng, langsung deangkat dadi direktur. Rumangsane dadi wong paling pinter dewek ndean.

Luruh pegawean, jane tah pirang-pirang. Nek sing nggolet kuwe gelem nyambet gawe seanane pegawean, tur maning nek bocahe gelem sinau. Wong jenenge pegawean, kan ya mestine ana proses belajar, proses sinau, ben teyeng ngerjakna gaweane, njur kasile pegawean ya apik.

Kaya misale, sing maune sekolah neng SMK jurusan Tata Boga. Njur nyambut gawe neng toko roti. Pancen maune uwis nduwe dasar teyeng nggawe roti. Wong pancen sekolahe baen neng jurusan kuliner. Tapi kan nyambet gawe, beda karo sekolah. Nek neng sekolah, nggawe roti njur ora dadi, bantat misale, mestine neng gurune kan ya esih olih melu remidi, kon njajal gawe maning. Lah nek uwis nyambet gawe, kan ora teyeng jajalan. Kudu dadi apik panganane, ora ngerti rasa ora enak, apa maning bantat.

Kuwe loh sing mbedakna, jaman sekolah karo neng lingkungan pegawean. Sekolah mau pancen panggon nggo sinau. Maksute, nek salah, esih teyeng ngulang. Sinau maning, nganti bener. Tapi nek uwis neng lingkungan pegawean, salah sethithik baen, bisa fatal akibate. Mulane, kabeh mau berproses. Ora nana, wong nyambet gawe anyaran, sing ora nganggo acara sinau disit.

Lah, sing jenenge nyambet gawe karo sinau, apa ya nggane njur nggole njaluk gaji, nggole ngatur wektu pegawean, sekarepe dewek?

Ya ora mbok lah.

Kabeh ya ana aturane. Ora mung sing degawe perusahaan, ning uga sing degawe pemerintah, sing kudu detaati neng pengelola usaha. Biyasane, awal nyambet gawe, pas ketemu karo HRD-ne, mbok mestine ya deomongi. Kiye pegaweanmu, ngko tanggung jawabmu bla bla bla. Mangkate jam semene, jam istirahate jam semene. Pira suwene, baline jam pira, gajine awal sepira, training apa ora, ana kontrak kerja apa ora. Dijelasna sekabehane.

Ning ya kuwe, kabeh mau balik maning maring wong sing nggolet pegawean, arep kepriben. Nek sing temenan niyat kerja, ya mestine gampang-gampang baen beradaptasi karo pegawean sing dadi tanggung jawabe, lan karo panggon anyare. Tapi nek sing pancen wonge ting petingsing, iplikiyik, angel aturane. Biasane gur mangan turu sekarepe dewek, jajan deulungi wong tuwane. Ya mesti kesel sethithik, nggole ngresula ora rampung-rampung.

Nah, nek sing kaya kuwe, pancen bocah mlaku dedupak. Wong tambah tuwa bukane temuwa, malah tambah manja, lenjeh!!!

Exit mobile version