Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Kowe sing Padu, Jokowi sing Dipaido

Kalis Mardiasih oleh Kalis Mardiasih
15 Februari 2018
A A
Jokowi-Rerasan-MOJOK.CO
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

Minggu wingi, aku mlaku-mlaku lewat salah sijine kampung ing Yogyakarta. Nalika kuwi aku ngelewati mesjid sing lagi nggelar pengajian. Rumangsa dadi bocah sing kurang siraman ruhani, aku iseng-iseng mandeg kanthi niatan oleh ilmu agama anyar sing iso nambahi stok keimanan.

Dumadakan sing kedaden ora sesuai pangarep-arep. Mubaligh utawa ustaz sing nyuara banter ing sepiker nganti kerungu tekane jarak atusan meter kuwi rumangsaku kok malah muring-muring wae.

Miturut Pak Ustaz, kahanan negara iki saiki ngeri, wis ora kondusif, maksiat ana ngendi-endi lan urip serba ora berkah. Isih miturut Pak Ustaz kuwi, urip saiki sarwa akeh alangane, lan sekabehane alangan kuwi jarene amargo salahe Amerika, Nasrani, Kafir, Yahudi, Komunis lan Jokowi.

Rampung seko acara kuwi, aku banjur mulih kanthi ati kisruh. Ngliwati pasar-pasar kampung Yogyakarta, aku nyawang wong-wong ana pasar padha sumeh lan bungah. Suara gembrembyeng lan suara guyon maton krungu ing kabeh sisihan pasar. Aku uga mampir ana toko buku. Bapak-bapak lan para ibu padha ngeterke putra-putrine tumbas buku lan keperluan sekolah. Putra-putrine manis tur lucu.

Dalanan Yogya uga rame lancar nanging tetep tertib kaya biasa. Sadurunge tekan omah, aku lewat sawah-sawah kampung Sardonoraharjo. Bapak lan ibu tani uga mangkat maring tegalan kanthi ikhlas lan lapang. Parine ijo lan lemu-lemu mergo kahanan udan pancen lagi kerep-kerepe dina-dina iki. Pas tekan omah, jebule ana kerja bhakti kampung. Masyarakat kampung padha guyup rukun, uga bocah-bocah kampung padha dolanan sepeda-sepedaan.

Nyawang kahanan adem ayem ngono kuwi, banjur akeh pitakonan sing tak batin. Yogyakarta sebelah ngendi sing jarene mengerikan kaya dene sing disebut-sebut Pak Ustaz ing pengajian mau?

Sakwise mikir sedela nganggo akal lan ati adem, aku njur oleh kesimpulan: ora kabeh-kabeh perkara ndunya lan merosote akhlak umat kuwi disebabke dening Amerika, Nasrani, Kafir, Yahudi, Komunis lan Jokowi.

Anake tanggaku ngepruki kancane karo ngetengi anake wong kuwi amarga ibune karo pakne bengkrah wae awit bocah kuwi isih cilik. Ibune nduwe gendakan anyar, pakne moro tangan. Kuwi yo dudu salah sinetron. Ananging mergo keluarga kuwi golongan wong ora nduwe alias ekonomi lemah.

Dasare wong ora nduwe, hubungan asmara bengkrah angel tambane. Yen wong sugih, yo mungkin iso lunga ning Bali, basa gaule bulan madu kedua. Lha yen wong kere, saben ketambahan masalah sithik akeh wis mesthi isane mung padu.

Mbok wenehi zakat sithik ya ora nyukupi, lha wong anake ana lima. Kecuali yen kowe gelem ngrumati sak mbok sak mbah-mbahane. Tur maneh, wong miskin mbok kongkon ngaji ya angel mlebune ning pikir apa maneh mlebu ati. Atase weteng ngelih kok mbok tambani teks, ya ora nyambung.

Kamangka yen salah ngaji terus ana pengajian sing njerumuske deweke dadi kombatan utawa teroris. Deweke dikon mbayangke ngeloni bidadari kuwi malahane efektif, amarga ora perlu mikir, sak walikane malah halusinasi plus nguntapke emosi.

Ibarate, yen wis gagal urip ning dunya, muga-muga ora kecelik ana akhirat. Patrapan kuwi ya ora salah, nanging apa isine suwarga kuwi mung bidadari sing kudu ditebus kelawan dadi teroris sing nyabut nyawane manungsa liya?

Ana meneh sing wis gelem ngaji tapi sakabehane mbok arani horam-harom. Tahlilan mulih entuk berkatan harom, kumpulan karo tangga harom, utang duit menyang bank harom. Wis kere, sirahe sing mumet kuwi yen iso diselehke mesthi bakal diselehke. Isih apa-apa ora kok olehi, mbok uneni haram lan bakal ahli neraka. Lha yen oleh milih, wong-wong kuwi mending nduwe karep ora usah diciptakke dadi manungsa wae.

Sakliyane kuwi, yen ana lingkungan rusak amarga pembangunan sing aran kemajuan kuwi ora pati peduli karo prinsip-prinsip alam, kuwi ya amarga manungsa dewe sing serakah. Pengene modern, padahal kasunyatane, kemajuan kuwi durung tentu podo karo kemodernan.

Buktine, saiki akeh menungsa modern sing mbalik gaya urip serba alami awit seko panganan organik nganti sabun adus organik mergo nyadari yen babagan modern kuwi ora kabeh apik nggo panguripan.

Iklan

Manungsa modern sing serakah kuwi yo dudu perkara asal suku, agama utawa warna kulit, nanging ya seko nalar lan budine dewe-dewe. Wong kafir iso serakah, nanging wong muslim sing serakah ya ora kalah akehe. Wong Yahudi iso maksiat lan korupsi, nanging kaya sing iso disawang bareng-bareng, wong muslim Indonesia sing korupsi mulai tingkat kecamatan nganti kabupaten kabeh ya rata.

Fenomena masyarakat kaya ngene iki ora mung siji-loro ananging ombyokan jumlahe dikali puluhan ewu desa sak Indonesia raya.

Kamangka sing jenenge mbangun masyarakat kuwi angel. Kudu nganggo ilmu, kudu mbangun komunitas sosial, lan ing atase sekabehane kuwi, mbangun tata sosial sing kuat. Kuwi kuncine kudu anduweni kesabaran.

Lha apa ora padha eling, kebangkitan nasional kang ditandai kabentuke Budi Utomo kuwi tahun 1908, banjur ana peristiwa Sumpah Pemuda tahun 1928, lan nagari iki nembe mardika tahun 1945.

Lha, seko tahun 1945 nganti 2018 kuwi wis mlaku pirang puluh tahun? Buktine ya negara iki isih butuh akeh ndandani berbagai macam sistem, mulai saka ekonomi, pendidikan, lan politik. Nanging sing paling nyata, dasar negara Pancasila pancen paling jos markojos iso mayungi kabeh kebutuhane masyarakat sing jumlahe atusan yuta ning Indonesia.

Lha yen mung grusa-grusu nyalahke Amerika, Nasrani, Kafir, Yahudi, Komunis lan Jokowi wae wong jahiliyah ya iso. Nanging Kanjeng Nabi wis diutus ndidik umat kelawan Al Quran sing isine ilmu kuwi wis 15 abad kepungkur.

Rembugan bab ngene iki pancene angel. Wong bodo-bodo kaya kowe-kowe kuwi ora bakal kuat. Wis bener yen isomu mung nyalahake liyan karo ngajak perang.

Ngono ya dhes bedhes. Pancene ora kabeh-kabeh kuwi semua.

Terakhir diperbarui pada 13 November 2018 oleh

Tags: AgamajokowiKafirKomunisYahudi
Kalis Mardiasih

Kalis Mardiasih

Artikel Terkait

Katolik Susah Jodoh Tolong Jangan Login dan Ambil Jatah Kami MOJOK.CO
Esai

Cari Pasangan Sesama Katolik itu Susah, Tolong Jangan Login dan Ambil Jatah Kami

13 November 2025
Kereta Cepat Whoosh DOSA Jokowi Paling Besar Tak Termaafkan MOJOK.CO
Esai

Whoosh Adalah Proyek Kereta Cepat yang Sudah Busuk Sebelum Mulai, Jadi Dosa Besar Jokowi yang Tidak Bisa Saya Maafkan

17 Oktober 2025
intoleransi, ormas.MOJOK.CO
Ragam

Pemda dan Ormas Agama, “Dalang” di Balik Maraknya Intoleransi di Indonesia

19 September 2025
Catatan Kritis Atas Reduksionisme Biologis Pemikiran Ryu Hasan MOJOK.CO
Esai

Catatan Kritis Atas Reduksionisme Biologis Pemikiran dr. Ryu Hasan

3 Juli 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Maybank Cycling Mojok.co

750 Pesepeda Ramaikan Maybank Cycling Series Il Festino 2025 Yogyakarta, Ini Para Juaranya

1 Desember 2025
Lulus S2 dari UI, resign jadi dosen di Jakarta. MOJOK.CO

Lulusan S2 UI Tinggalkan Karier Jadi Dosen di Jakarta, Pilih Jualan Online karena Gajinya Lebih Besar

5 Desember 2025
Wonogiri Bukanlah Anak Tiri Surakarta, Kami Sama dan Punya Harga Diri yang Patut Dijaga

Wonogiri Bukanlah Anak Tiri Surakarta, Kami Sama dan Punya Harga Diri yang Patut Dijaga

1 Desember 2025
jogjarockarta.MOJOK.CO

Mataram Is Rock, Persaudaraan Jogja-Solo di Panggung Musik Keras

3 Desember 2025
Bakpia Mojok.co

Sentra Bakpia di Ngampilan Siap Jadi Malioboro Kedua

1 Desember 2025
Guru sulit mengajar Matematika. MOJOK.CO

Susahnya Guru Gen Z Mengajar Matematika ke “Anak Zaman Now”, Sudah SMP tapi Belum Bisa Calistung

2 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.