Dadi Jurkam Mbok Aja Kemlinthi

MOJOK.CODadi jurkam kuwi ora usah kemlinthi. Wong kemlinthi kuwi mung nuwuhake sengit lan ora ngundang simpati.

Sangsaya nyedhaki dina coblosan (pemilu) swasanane kok sangsaya panas. Ing pemilu kang bakal digelar ing wulan April kuwi mengko rak ana pileg ambek pilpres. Pileg-e kena diarani cilep. Lha, pilpres-e kuwi lo, sing umeg sok nganti prasasat umob. Linimasa-ne para panjurung, pakabaran umum, lan televisi prasasat saben dina dikebaki wong padu.

Tibake kampanye pilpres kuwi, kejaba bisa ditindakake kanthi ajak-ajak supaya wong-wong padha milih pasangan capres kang dijagokake, uga ditindakake kanthi ngolok-olok lan ngelek-elek pasangan liyane. Mula banjur kerep keprucut tembung-tembung utawa ukara-ukara kang yen ditimbang nganggo basa pasrawungan padinane wong Jawa sajak kurang mathuk.

Krasa yen keladuk angas, keladuk umuk, keladuk brangasan. Nalika nampa tembung-tembung kang sinebut keladuk kuwi mau wong Jawa dhewe sajake ya banjur bisa diperang dadi rong golongan. Golongan kapisan nganggep sing rinasa keladuk kuwi kudune ora kawetu saka para priyagung kang pinercaya dadi juru kampanye. Dene golongan kapindho nganggep manawa ngono kuwi wis lumrah ing alam demokrasi. Lah, demokrasi sing cap apa? Ya, embuh.

Modhel jurkam sing lagake kemlinthi, kemaki, keminter, omongane kerep nyokrok pulung ati. Kaya waton nylekop. Kuwi ana ing sadhengah papan. Ya ana sing dadi jurkam-e pasangan capres nomer siji lan ana uga sing n-jurkam-i capres nomer loro. Ya kuwi sing marakke swasana dadi umyeg nganti sok keladuk panas. Merga kabeh pasangan capres (Prabowo-Sandi apadene Jokowi-Ma’ruf Amin) padha duwe simpenan jurkam kemlinthi.

Tumrap masyarakat kang isih ngugemi lan ngajeni sopan-santun, jurkam kemlinthi kuwi babarpisan ora produktif. Tegese, olehe padha ora seneng babarpisan marang gaya kampanyene jurkam kemlinthi kuwi ora nuwuhake rasa simpati, nanging malah nggedhekake sengit. Ya sengit marang jurkam-e. Ya banjur sengit marang kang di-jurkam-i.

Tumumpang rasa sengit kuwi, bisa wae, upamane, thukul angen-angen ngene, ”Selagine jurkam modhel kaya ngono wae dipilih, kuwi mengko rak bisa milih menteri kanthi ngawur sak pol-pole yen sida dadi presiden?” Utawa, wong-wong sing saiki satemene mung ora seneng marang si jurkam kemlinthi. Banjur mutusake milih pasangan capres seje merga olehe kipa-kipa. Aja nganti jurkam kemlinthi kuwi mengko didadekake direktur utawa komisaris BUMN gedhene menteri.

Jurkam kemlinthi sing kulina kampanye nganggo gaya pethenthengan kuwi mbokmanawa isih ana gunane kanggo ngadhepi masyarakat sing embuh piye modhele. Nanging, yen diadhepake ambek wong Jawa umume, sajake kok ora mathuk babarpisan. Lha, kamangka angger wis mlebu televisi, kuwi teges ngadhepi wong sa-Indonesia kabeh, klebu wong Jawa.

Swasana ngadhepi pemilu dadi sangsaya panas, amarga omongane para kemlinthi kang duwe kalungguhan ing Tim Pemenangan Nasional. Nah, kuwi ditiru dening para panjurung kang melu-melu kampanye tanpa bayaran lumantar linimasa-ne dhewe-dhewe ing media sosial. Wong-wong kang mung padha ela-elu kuwi mbokmanawa ora mikir. Manawa laku kemlinthi kuwi sakjane ngono, ora ngemungake thukul saka watak gawan bayi, nanging uga bisa sengaja disetel kanggo kepentingan politik.

Kadidene jurkam berbayar, kudune rak para kemlinthi kuwi bisa entuk bayaran dhobel. Saka capres sing di-jurkam-i merga pancen resmine ya kuwi ayahane. Uga saka pihak kang dikemlintheni, pihak lawan, kang uga bisa diuntungake. Lha, yen olehe kemlinthi kuwi malah nggembosi oleh-olehane capres kang di-jurkam-i rak sing untung malah pihak sijine?

Mula, tumrap para jurkam gratisan, utawa kelompok penonton, satemene luwih becik ora usah melu pethenthang-pethentheng. Ora usah melu-melu kemlinthi. Kejaba ora entuk sembulih utawa bayaran, yen melu-melu dadi kemlinthi bisa uga malah melu nggembosi calon kang dijagokake.

Yen sida mengkono, ya kuwi sing ing paribasan Jawa diarani: niyat pupur malah benjut. Yen kurang jelas tegese paribasan kuwi, padha karo: niyat operasi plastik ben ketok ayu kinyis-kinyis tibake malah dadi bonyok tur isih ketambahan prekara.

Iki ana conto kedadeyan saka pagelaran pilkades kang lagi wae mungkur. Ana saweneh desa, kang macung wong telu: kepala desa kang isih jejeg, mantan kepala desa kang dhek pilkades kepungkur dikalahake dening kepala desa saiki, lan saweneh perangkat desa. Kang sinebut pungkasan kuwi wis ping pindho melu macung pilkades sadurunge.

Dadi, tumrap dheweke, iki wis macung kang kaping telu. Saupama ana pagelaran debat kaya ing pilpres, calon nomer siji (kepala desa saiki kang macung maneh) istingarah bakal menang telak senajan dikroyok calon loro liyane. Pokoke ing bab bobot-bibit-bebet menang sakabehane. Eloke, lha kok sawise etungan biting sing menang tibake malah calon nomer telu.

Aneh, ta? Aneh, nanging nyata. Lha, embuh jujur apa mung lamis, ana kang kawetu pawadane mengkene, geneya kok milih calon nomer telu, ”Mesakke, jalaran ing antarane calon telu kuwi ya mung dheweke kang durung nate ngrasakake lungguh dadi kepala desa.” Horotoyoh!

Yen nitik gegambaran kaya mangkono kuwi, satemene pasangan Prabowo-Sandi entuk tambahan kalodhangan (= peluang) kanggo menang ing pemilu/pilpres mengko. Rak wis ping telu iki Prabowo olehe macung ing pilpres? Lha, yen kudu nganggo pitukon, mesthine ya: aja ngerigake wadyabala jurkam kemlinthi sing seneng pethenthengan.

Exit mobile version