• 215
    Shares

MOJOK.CO – Negara bakal sangsaya sentosa yen pasedhiyan pangane turah-turah. Mung kok sawah lan tegalan kanggo tani kuwi saya mingkus merga ditanduri omah, gudhang, pabrik? Oh, isa ngimpor beras kang kualitase paling apik saka Thailand utawa Filiphina, toh. 

Wong Indonesia kang nyambutgawe olah tetanen (among tani) cacahe 39,68 juta jiwa, iku padha karo 31,86 persen saka warga kang wis nyambutgawe kang cacahe 124,54 juta jiwa. Mengkono dikabarake Tempo kanthi methik angka saka Biro Pusat Statistik (BPS) taun 2017.

Apa gunane weruh angka-angka kuwi? Mesthi wae, saora-orane, kanggo pamer menawa bisa dianggep ngreti dhodhok selehe prakara kang gegayutan karo olah tetanen. Yen sampeyan dadi bupati, gubernur, menteri, presiden, kok pidhato bab tetanen ora nganggo nyebutake angka-angka kuwi mau, pidhato sampeyan mesthi krasa cemplang.

Kamangka, ing pikiran kang wis kebegan angen-angen: ”Iki mengko isih arep kepilih maneh apa ora,” apalan ngenani angka-angka kuwi mau bisa wae ora bakal mahanani apa-apa. Sok malah mbrenahake pikiran lan tumindak salah kaprah.

Ana modhel pejabat kang katon macak angluh nalika nuduhake angka-angka statistik kang ngabarake manawa cacahe wong tani sangsaya suda. Jare, manungsa kuwi ora bisa urip tanpa wulu-wetune bumi kang diasilake saka gumregute among tani.

Lah, piye, wong upama arep bali urip nganggo tatacarane wong primitif kang mung njagakake thethukulan lan wit-witan kang tuwuh tanpa tinandur ya jelas mokal. Wis ora mungkin! Negara bakal sangsaya sentosa yen pasedhiyan pangane turah-turah. Biyen wis ana kedadeyan, Njeng Sultan Agung ora sida menang lumawan Kumpeni ing Batavia merga kentekan beras. Wadhuh! Wawasan mengkono kuwi apa ya isih bisa nyekrup ambek kahanan jaman saiki?

Apa nom-noman jaman saiki ora entuk milih pakaryan kang luwih murakabi tinimbang mung dadi among tani? Nyatane saiki kang aran petani kuwi rak wis nunggal-misah karo: mlarat, mendho, ketinggalan jaman. Yen ana kang onjo, menjila, bebasan mrojol selaning garu, cacahe ya mung siji-loro. Utawa, satemene wong mbrewu, konglomerat, kang merga saweneh bab banjur ngaku-aku kadidene among tani. Ben gampang olehe nguthuk momor. Nek prelu ya ngecakake aji-aji: serigala berbulu domba. Horotoyoh! Mbokmanawa ya ana kang mengkono kuwi. Nanging, upama ora ana ya malah apik, ta?

Endi kang luwih agawe mongkog, nom-noman kang isih padha sengsem njerum neng ndhut-ndhutan gawe ler-leran kanggo nandur pari, apa kang mbukak pasar manca nagara kanthi bebakulan lumantar kacamaya senajan isih kelas nyithengan? Yen kahanane isih panggah kaya mengkene, selawe taun engkas nom-noman kang saiki sengsem nandur pari lan palawija kuwi mengko bakal mlebu rumah sakit merga encok, mengi, tensi dhuwur lan sapiturute, nggunakake kertu mlarat. Dene nom-noman kang saiki wis bibrik bukak pasar manca nagara, ya sing banjur duwe rumah sakit kuwi!

Baca juga:  Di Hari Tani Nasional 2018, Mahasiswa Pingsan Saat Unjuk Rasa

Upama sawah lan tegalan kuwi saya mingkus merga ditanduri omah, gudhang, pabrik, apa alane yen awake dhewe bisa ngimpor beras kang kualitase paling apik saka Thailand utawa Filiphina? Apa ngimpor beras kuwi ora becik? Mesthine harak ora ngimpor apa ngekspor-e kang dadi titikan becik orane. Nanging, ing bab laku dedagangan karo negara manca kuwi awake dhewe bisa sababag drajate, unggul, apa malah asor? Titikane, ya neraca perdagangan-e awake dhewe kuwi minus apa surplus?

Karodene, senajan dianyarana pendhak taun, sing jenenge angka statistik kuwi ya panggah ana gesehe. Gegayutan karo cacahe among tani, kanyatane bisa ora padha karo cathetane. Kang banjur ngaku-aku kadidene among tani kuwi ora mung kang sengaja nggembol pamrih, nanging kang cacahe luwih akeh kira-kira malah wong-wong kang kepeksa ngaku kadidene among tani. Yakuwi, wong-wong kang nandhang nasib gawan bayi amarga lair ing tengah-tengahe bebrayan lan kulawarga tani.

Mligine ing desa-desa, kang klebu among tani kuwi satemene prasasat durung diakoni yen wis dadi ”uwong”. Mula, akeh kulawarga kang entheng olehe ngedol sawah lan tegalane kanggo ngragati sekolahe bocah-bocah. Pangarep-arepe, bocah-bocah kang disekolahake menyang kutha kanthi adol tegal lan sawah kuwi mengko bisa mentas, dadi uwong.

Gek ing kamus umum-e among tani ing padesan, kang disebut dadi uwong kuwi ya nek wis dadi ambtenar, dadi pegawai negri, utawa saora-orane dadi karyawan kantoran, embuh kantore pamarentah utawa kantor swasta. Mula ing desa-desa, biasane angger wis wayahe duwe KTP kathik durung cekel gawe maton, ing kolom pekerjaan KTP-ne katulis: ”Tani” utawa ”Petani” senajan saben dinane mung leda-lede ora doyan nyambutgawe. Lha, sing rada anyar, merga wis ketularan patrape wong kutha apa piye, njuk ditemokake tembung kang luwih gagah kanggo ngganteni akon-akon kadidene ”Petani” kuwi mau, yaiku: ”Wiraswasta”.

Miturut gotek, Hari Tani kang dipengeti saben 24 September kuwi nedhak saka anane UU No. 5 (Pokok Agraria) Taun 1960. UU iku diarani revolusione lan pro rakyat. Iku yen dibandhingake ambek UU sadurunge kang digawe dening penjajah (Walanda). La, nanging kanyatane wektu iki, luwih-luwih ing padesan, isih akeh buanget among tani kang sinebut tani gurem lan buruh tani. Gurem kuwi kewan cilik sabangsane tuma, padatane ngrayah pitik kang nedheng angrem. Iku kang banjur kanggo nggambarake among tani, wong cilik ongklak-angklik kang urip sarwa kecingkrangan.

Baca juga:  Stok Pangan Mulai Defisit, Jokowi Perintahkan BUMN dan Kementerian Pertanian Buka Lahan Sawah Baru

Diarani among tani, nyatane tumrap para tani gurem kaya ora ana pakaryan liya kang bisa diayahi kajaba ngolah lemah kang mung sauplik, ciut, tur cengkar pisan: dadi among tani. Aja maneh mahasiswa semester siji apa loro, kang gelare wis jentrek-jentrek wae sok kangelan nemokake kepriye nalare kok para tani gurem kuwi isih padha bisa urip, kepara malah bisa dawa umur, bisa nyekolahake anake-anake nganti padha lulus saka pawiyatan luhur. Mbokmanawa, iku salah sijine keajaiban dunia kang durung nate dipromosekake. Mangka, kudune iku bisa ngundang tekane para wisatawan minat khusus saka manca nagara.

Wong tani kuwi saperangan gedhe pancen uripe kesrakat. Wis lemah garapane cumpen, samubarang kalir kudu tuku. La piye, diarani among tani nanging wis ora wenang gawe winih dhewe. Pendhak-pendhak arep nenandur kudu tuku winihe luwih dhisik. Rabuke mengko ya tuku, obat-obatane ya tuku. Mengko yen wayahe panen, sok prasasat wis ora keduman asil sawise dijupuk kanggo nebus utawa nyaur utang: winih, rabuk, obat-obatan. Iku yen panen. Lah, yen puso? Ya, nggon kono kuwi lo, bukti manawa sejatine wong kang sekti mandraguna ing salimahe bumi Nusantara iki ya para among tani.

Undang-undang-e wis diarani berpihak utawa mbela among tani. Nanging, kuwi rak nalika isih kandheg ing wacan, tulisan. Cak-cakane kepriye? Nitik kahanane para among tani saiki, kok sajake ora ana kang tulus lan tumemen olehe mbelani among tani. Upama mbelanana, padatane ya mung dhapur umuk, lumantar pidhato-pidhato, tulisan, famlet, guritan utawa puisi. Para mahasiswa padatane ya dhemo ing Hari Tani. Nanging katone sarwa nanggung. Sababe? Yen ana kang luwih methentheng olehe mbelani para sedulur tani, adhakane sok malah didakwa ditunggangi kae, ditunggangi iki. Utawa, njuk diarani kiri. Owalah, kereeeee… kere!