Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Ora Usah Bingung Kena Cegatan: Tenang Wae, Lur!

Annas Nurdin oleh Annas Nurdin
28 November 2018
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Yen kena cegatan, ora usah panik. Apa maneh sampek nesu-nesu karo Pak Polisi. Wis, tenang wae~

Cah enom saiki senengane ncen serba cepet. Kabeh kudu instan. Buktine, cah-cah ning burjonan, senengane tuku mi instan. Wes jenenge instan, isa digawe dewe, eh njaluk digawekke pisan. Njuk alasane, Indomie ning burjonan iki rasane beda adoh, Bos! Halah, lek ancen males, ya males ae.

Babagan laine ya uga pengin instan, yaiku numpak motor. Akeh cah enom nek numpak motor buanter e ora umum. Saya meneh, nek arep nyalip wong wadon ayu. Saka adoh wis ketara klambi lan krudunge sing kemlebat. Eh, lha kok pas diceraki jebul ibuk-ibuk. Hadeh, tiwas ngegas nganti slebor ngarep e keder.

Jujur wae, aku ya sering ngunu kuwi.

Saben dina, aku menyang PKL liwat Ringroad Kidul. Saka Madukismo nurut dalan Ringroad tekan Terminal Giwangan. Ngalor liwat Flyover Janti tekan Bandara Adisucipto. Tujuanne ning pabrik daerah Kalasan, Sleman. Jenenge ringroad, ya dalane lurus-lurus. Dadi aku isa ngegas motor sak pole. Nganti spionku muter-muter kaya ate mabur. Gur nek liwat Ringroad, masiya cepet tapi bangjo ne ya akeh. Mung lampu kuning iki artine udu siap-siap, tapi gaaas coy selak abang!

Hayooo, cah-cah enom, seneng bablas ta menawa lampune lagi kuning? Aku ya pisan kok sakjane.

Nah, aku duwe pengalaman perkara bangjo iki. Kejadiane ning pertigaan Bandara Adisucipto, sing polisine saben isuk tekan sore—mbuh udan apa panas ngentang-ngentang—tetep ngadek ning tengah pertelon. Yen mbok amatne, lampu kuning nggon pertigaan Adisucipto kuwi, lek murub dilit banget. Reti-reti, gur sak kedep, njuk wis abang.

Pas mulih PKL sore-sore, teka adohan aku ndelok lampu lagi ijo. Ya jelas tak gas buanter. Lha pas cerak, lampu kuninge murub njuk mak klap dadi abang. Eh, ning ngarepan, wis ana Pak Polisi ngawe-awe aku. Asyem tenan.

“Minggir, Dik. Kae lampune abang kok ya mbok trabas.”

“Aku nututi bis kuwi loh, Pak. Kok bis e ora mbok cegat sisan?”

“Wis, saiki surat-surat e wae, Le.” Polisine ora jawab pertanyaanku, njuk malah langsung ngongkon.

Tak tokne dompetku, lengkap SIM lan STNK ne. Lampu ngarep e ya murub, spion kendo ne ya kepasang. Eh, Pak Polisine banjur ngendika, “Tilang ya, Le. Ngelanggar lampu abang. Lagi pisan ta, kena tilang?”

“Nggih pun, Pak.” Aku mung pasrah.

“Nek mbayar langsung, sampeyan tak terke ning kana, Le. Satus ewu. Menawa milih sidang, ning pengadilan kana, sesuk Jemuah.”

Iklan

Aku takon, “Mbayar e padha, Pak?”

“Hooh.”

Awale aku rada bingung. Mung, ben ana alesan isa nyekip PKL, aku milih sidang wae lah. Banjur Pak Polisine ngenehi SIMku tok lan slip abang. Bar iku, aku langsung bablas. Perkara STNK ne, wis ora urusan.

Tekan omah, aku searching-searching, apa bener bayar tilang sakmunu kuwi? Aku nyuba golek-golek ning Gugel, lha kok malah gawe ati saya ngenes. Ana sing ngomong, ngurusi cegatan kaya aku iki, isa entek 350 ewu. Waduh. Njuk tak cek, jebul e kuwi ncen website official nggone Polisi! Wuasu.

Isih ora percaya, aku nyuba golek website dot blogspot-an. Tak waca-waca, jebule ya ana sing kecegat ning Jogja pisan. Dekne nulis gambaran sidang cegatan kuwi kepiye. Tapi kok ya ora ngewenehi regane. Padahal perkara kepiye proses sidang e, aku ora urusan. Sing penting, duwit e iki lho! Entek pira? Lek ancene akeh, ya aku tak niat ingsun pasa sewulan~

Nah, kanggo sampeyan sing lagi pertama kali kecegat, ora usah kuwatir piye cara nguruse. Wis, iki tak kandhani,

Siji, sampeyan bakal oleh slip abang. Slip abang iki gunane dinggo njupuk SIM utawa STNK sing ditahan karo Polisi. Fungsine kurang luwih kaya voucher lah. Aja lali, slip abang iki digawa pas sidang lan aja nganti ilang. Terus, apa bedane karo slip biru? Slip biru iki dienggo nek sampeyan bayar on the spot. Mung saranku, mending milih sidang wae.

Loro, wis, yakin, milih sidang wae. Masiya mungkin awale sampeyan ngerasa kemecer amarga bayangna sing jenenge pengadilan. Ngene ya, Lur, biaya tilang nek OTS jare Pak Polisi mau 100 ewu. Mboh ngapa, pas aku sidang—asline ya ora ana sidang karo jaksa ala-ala—biayane mudhun dadi 50 ewu. Beda, tah? Wis, ora usah suudzan karo Pak Polisi. Sing penting, ning pikiran pas kecegat iki, “Ndang balek STNK ku.”

Lagian, menawa sampeyan isih sekolah, kuliah, utawa kerja, kan lumayan isa dadi alasan kanggo nyekip sedina utawa setengah dina.

Telu, menawa sampeyan kecegat, aja mikir sing kecegat gur sampeyan tok. Uakeh, Bos! Jajal buktekna pas ning pengadilan. Antrine wis kaya tes CPNS. Menyang rada awan sithik wae, aku wis oleh nomer antrian satus-an. Mulakna, mangkat e isuk wae sakdurunge jago isa kluruk. Menawa pengadilan e rung bukak, ya nongkrong sik wae ning burjonan apa angkringan—sing wis mbuka.

Pokoke, aja lali SIM lan STNK ne digawa nengndi wae pas lagi gawa kendaraan. Lek numpak motor, helm e dinggo. Wis atos, pa ndasmu sirah e sampeyan? Aja lali pisan, dunga marang Gusti, “Ya Allah, aja nganti kula kepethuk kalih Polisi sing ngadek ning pinggir dalan.” Aminnn…

Ngomong-ngomong, suwun loh, Pak. Wis nyegat aku. Saiki aku dadi duwe pengalaman ngurus kaya ngene iki. Sakjane, sakdurunge ngurus, aku wis gemeter. Aku ngerasa keweden sampek kaya sleborku nek pas ngoyak ibuk-ibuk. Jebul e pas ngurus, ealah gur kaya ngene, ta?

Oh iya, matur nuwun uga sing wis ngereview ‘rega tilang’ ning Pengadilan Negeri ning Google Maps. Aku ngakak banget pas ana sing nulis review pengalaman aneh-anehe pas kecegat. Ana uga sing muring-muring ora trima pas kecegat. Tapi, berkat tulisan-tulisan kuwi, aku dadi ngerti gambarane ngurus cegatan kuwi kepiye.

Saiki, aku luwih awas lan waspada menawa ning prapatan—terutama ning bangjo-bangjo ganas. Saka adoh, aku bakal celingukan, ngecek, ana bapak-bapak nganggo rompi ijo apa ora. Nek ana, langsung tak alon-alone lan masang rai biasa wae. Pas ngeliwati, biasane aku bakal mlipir ngadoh, ben ora diawe-awe.

Mung, pernah pas ning Jalan Solo, saka adoh, aku ndelok ana bapak-bapak nganggo rompi ijo ngawe-awe aku. Mak deg atiku, “Wah, kecegat maneh iki.” Eh, lha pas wis cerak, jebul wong tukang nyebrangke. Lhadalah. Aku mung isa nyalip karo ngelus dada.

Terakhir diperbarui pada 28 November 2018 oleh

Tags: BangjoCegatanPolisiTilangan
Annas Nurdin

Annas Nurdin

Artikel Terkait

rkuhap, kuhap, polisi.Mojok.co
Mendalam

Catatan Kritis KUHAP (Baru) yang Melahirkan Polisi Tanpa Rem Hukum, Mengapa Berbahaya bagi Sipil?

19 November 2025
Ortu kuras tabungan buat anak jadi polisi malah kena tipu. Sempat bikin stres tapi kini bersyukur tak jadi sasaran amuk tetangga MOJOK.CO
Ragam

Ortu Kuras Tabungan buat Anak Jadi Polisi malah Kena Tipu “Intel”, Awalnya Stres tapi Kini Bersyukur

6 September 2025
Polisi gelontorkan uang banyak untuk gas air mata yang digunakan dalam demo. MOJOK.CO
Aktual

Saat Duit Rakyat Hanya Dipakai buat Membeli Gas Air Mata Kadaluwarsa oleh Polisi

31 Agustus 2025
PoliceTube Adalah Ide Brilian Kepolisian yang Patut Diapresiasi! Mojok.co
Pojokan

PoliceTube Adalah Ide Brilian Kepolisian yang Patut Diapresiasi!

26 Juni 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Para penyandang disabilitas jebolan SLB punya kesempatan kerja setara sebagai karyawan Alfamart berkat Alfability Menyapa MOJOK.CO

Disabilitas Jebolan SLB Bisa Kerja Setara di Alfamart, Merasa Diterima dan Dihargai Potensinya

2 Desember 2025
musik rock, jogjarockarta.MOJOK.CO

JogjaROCKarta 2025: Merayakan Perpisahan dengan Kemegahan

5 Desember 2025
pendidikan, lulusan sarjana nganggur, sulit kerja.MOJOK.CO

Overqualified tapi Underutilized, Generasi yang Disiapkan untuk Pekerjaan yang Tidak Ada

5 Desember 2025
Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

30 November 2025
Banjir sumatra, Nestapa Tinggal di Gayo Lues, Aceh. Hidup Waswas Menanti Bencana. MOJOK.CO

Konsesi Milik Prabowo di Hulu Banjir, Jejak Presiden di Balik Bencana Sumatra

4 Desember 2025
Relawan di Sumatera Utara. MOJOK.CO

Cerita Relawan WVI Kesulitan Menembus Jalanan Sumatera Utara demi Beri Bantuan kepada Anak-anak yang Terdampak Banjir dan Longsor

3 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.