Kondangan Banjur Dopokan Banyumasan nang Jero Mobil

Kondangan Banjur Dopokan Banyumasan nang Jero Mobil MOJOK.CO

Kondangan Banjur Dopokan Banyumasan nang Jero Mobil MOJOK.CO

MOJOK.COBubar kondangan, wong semobil langsung padha gemeglek, ngguyu ngasi ora doyan. Wong tisu dipangan, bener baen njelehi.

Bar kondangan bareng nang nggone besane Pak Kaji, nang mobil padha mbahas panganane sing enak-enak. Jangan ati dicampur kenthang, iwak sapi direndang, ayam kampung dibakar, sup, gule, lan wedange bisa milih. Ana dhawet, kopi susu, es buah, es krim, apamaning wedang bening. Pokoken nylekamin, genti mangan sewarege.

“Kae la mbarang gawe temenan ya, panganane enak-enak,” ujare Parmin. Lambene esih klopat-klapet ngrasani es krim kondangan sing kayong esih nempel nang lambe.

“Sing jenenge wong niat syukuran, ngundangi wong ya kudune kaya kae. Panganane akeh tur enak,” semaure Pak Notog. “Ora ngetung untung rugi.”

Wong-wong pada meneng, ngrungokaken omongane. Pancen bener, sing jenenge wong niat nduwe hajat berarti niat sodaqoh, aja ngarep-arep sumbangan.

“Tapi kan wonge sing kadang pikirane padha kewalik. Angger nyumbang wong mbaranggawe amplope selawe ewu, barang nyumbang wong sing lagi kesripahan utawa kepaten malah amplope mung isi limang ewu,” ujare Pak Notog maning.

“Kuwe kan kelase dhewek. Kae bupatine ben melu kondangan, amplope isine pira ya?” pitakone Mbok Sahrun.

“Sing jelas kena nggo tuku pit onthele Parmin,” semaurku.

Grrr… wong-wong padha ngguyu.

“Lah kae gole nyumbang tuli anu nduwe karep. Sedhela maning kan pilkada. Bupatine ya sregep nyumbang nganah-ngeneh ben dipilih maning,” ujare Parmin.

Gole dopokan tambah anget.

“Ana sing kondangan nduwe karep, ana sing kondangan golet wareg. Amplope isine sethithik, tapi mangane paling akeh. Kang ngumah nguja ora sarapan,” Kang Dimun melu nyambung karo mlirik Parmin. Sing dilirik cengar-cengir thok, ora digawa rasa.

“Kuwe sing jenenge benteng pendhem, Kang. Piringe disogi iwak ayam dhisit, terus ditutupi sega, bar kuwe ditumpangi iwak ayam maning,” ujare Parmin maparaken strategine.

Grrr… wong-wong pada ngguyu maning.

“Ana maning sing gole kondangan pilih-pilih. Angger sing mbarang gawe wong sugih, nyumbange gedhe. Angger sing nduwe hajat wong mlarat, malah nyumbange sethithik,” ujare Pak Notog. Raine katon madan gregeten. Aku mesem.

“Lha Pak Notog termasuk golongan sing nomer pira? Sing kondangan ngemu karep, golet wareg, apa sing pilih-pilih?”

Pak Notog meneng sedhela karo mlirik aku.

“Aku ya nomer telu. Soale besane Pak Kaji kae wong sugih tur nduwe pengaruh. Nek nyumbang kondangan sethithik ya ora kepenak,” semaure

Aku manthuk-manthuk. Sing jenenge wong dopokan ya ora nggenah jluntrungane. Kabeh nduwe pendapat, kabeh nduwe pikiran. Tapi sing jenenge pendapat kuwe kalah karo adat, pikiran kalah karo kebiasaan. Ora kudu dilakoni, ya mung kanggo bahan dopokan.

“Tapi inyong setuju pendapate pak Notog. Sing jenenge wong nduwe hajat, niat mbarang gawe, ngundangi wong ya diniati sodaqoh. Aja ngarep-arep sumbangan lan kudu nyediani panganan sing enak-enak,” sambunge Parmin.

“Aja kaya rika, mbarang gawe jangane gandhul karo jangan cecek. Ora sah tuku, ngepet nang nggone tanggane ben ora diomehi,” clathukane Mamet.

Grrr… gole ngguyu tambah gemlegek. Parmin ya cengar-cengir thok. Dhasare wong ndableg, diomong apa ya ora tau jengkel.

Mung Kara sing pit mau meneng baen. Njagong nang pinggir jendhela karo nyekeli weteng. Tok delengna terus tak pereki.

“Wetenge lara apa, Ki?” pitakonku.

“Iya kiye, mandan ra kepenak. Mau bar mangan gule tok campur krupuk setekem, ko malahan dadi jeleh,” semaure dheweke.

“Krupuk? Krupuk apa?”

“Kae lah panganan sing putih, tipis, ambune wangi, tapi dipangan njelehi.”

“Ow… sing nang wadhah plastik ijo?”

“Iya,” Kara manthuk-manthuk karo mbuang idu lewat jendhela.

Krungu semaure Kara aku dadi geget dhewek.

“Oalaaah… kae tuli TISU, dudu KRUPUK!”

Raine Kara katon njenggirat kaget. “Apa! Tisu?”

Wong semobil langsung padha gemeglek, ngguyu ngasi ora doyan. Wong tisu dipangan, bener baen njelehi.

MONGGO KULO ATURI MAOS Skincare Gawe Virus Semelang, Glowing Durung Mesthi, Mlarat Uwis Pasti utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version