Mbah Minto lan Filosofi Jalmo Tan Keno Kiniro

Mbah Minto MOJOK.CO

MOJOK.COFilosofi jalmo tan keno kiniro kui filosofi sing universal. Isoh manjing neng kabeh uwong, ora mung Mbah Minto. Ojo mandhek berusaha.

Nek disebut kata “Bayat”, kanggone wong sing pernah krungu, lewat, oponeh ngerti daerah kui, sing bakal di eling-eling pisanan mesti gerabah, Rowo Jombor, utowo makamme Sunan Pandanaran. Pancen wes pirang-pirang tahun suwene kecamatan Bayat dikenal mergo telung bab kui.

Nanging, ora adoh seko Rowo Jombor, pener re neng Deso Krakitan, Minto Syam utowo sing luweh dikenal kanthi jeneng Mbah Minto, jedul dadi rol utowo bintang sing sak iki dadi idola lan kebanggaan ne wong Bayat. Lewat videone bareng Muhammad Sofyan utowo sing luweh dikenal kanthi jeneng Ucup, puluhan video wes digawe lan isoh dipirsani neng youtube.

Trampile adegan ne Mbah Minto dolanan hape kanthi dialog sing runut, ndadekake dewek e sing sakdurunge gur ewang-ewang tonggo reseik-resik omah utowo tukang kerok, njelmo dadi bintang lan idola anyar sing wes dikenal masyarakat Indonesia. Video kanthi tema “gagal mudik” sing digawe karono himbauan pemerintah lan ono sambung rapete karo pencegahan penularan virus corona, uwes ditonton luweh seko 1 juta nitizen.

Ucup (Muhammad Sofyan), sutradara sing duwe ide gawe video-video karo Mbah Minto mau, mesti ora bakal ngiro yen video “gagal mudik” bakal viral. Booming e video sing njalari tambah e pengemar lang ngrubah dalan urip pe deweknen.

Dalan Urip pe Mbah Minto iki ngelingake aku karo unen-unen Jowo lawas, “jalmo tan keno kiniro”, sing kurang luweh e duweni makna: “yen dalan urip pe manungso iku ora isoh dibedek lan dikiro-kiro.

Kui sing kedaden neng urip pe Mbah Minto, rondo sing wes suwe ditingal sedo bojo lan ngrantau anak-anak e tahunan suwene. Sopo sing bakal ngiro seko pengawean ewang-ewang tonggo upah e Rp10 ewu, sak iki Mbah Minto njelmo dadi bintang sing kondang kaloko.

Sak durunge viral, Mbah Minto uwes gawe puluhan video bareng Ucup kanthi tema dagelan Jowo. Sekali tampil mbah minto oleh bayaran Rp10 tekan Rp20 ewu. Nanging kanthi viral lan terkenal le adegan video gagal mudik sing digawe, bayaran ne mundak dadi Rp200-Rp300 ewu per video.

Sak liyane materi, sak iki Mbah Minto urip pe dadi “rame”. Rema ateges okeh konco, tonggo lang fans ne deknen sing sambaing omah soho kahanane. Omah e sing dino sak durung-durunge sepi nyenyet, sak iki bebasan dadi saksi sibuk lan repot te tuan rumah nompo tamu, mulai seko warga biasa tonggo deso, wartawan, nganti paran poro neng projo koyo dene Bupati Klaten, Sri Mulyani, nganti Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo.

Sak liyane warga lan poro pejabat, seko kalangan artis ugo ora ketinggalan menehi pangalem kanggo Mbah Minto sing jik ketok lincah neng yuswone sing wes ngancik 70 tahun luweh iki. Soimah, mestro campur sari (Alm) Didi Kempot, lan Najwa Shihab ugo ora gelem kalah, nyanjung lan ngalem aktinge Mbah Minto sing viral kui mau.

Sak banjur re terkenal, sak iki Mbah okeh nompo tawaran dadi bintang iklan seko pirang-pirang produk, mulai panganan, beras, bank, produk kecantikan, beras bulog, kasur, balsem, lan roti. Bayarane ora mung cacah puluhan ewu meneh, ora mung cacah atusan ewu. Sak iki bayarane Mbah Minto uwes tekan jutaan.

Urip pe uwes maleh sak iki. Mbah Minto uwes ora ngroso sepi mergo sak iki akeh konco sarto pengemare. Sejatine, pinongko jalmo, Mbah Minto hamung nglakoni opo sing dadi dalan urip pe. Lan dalan urip pe tahun 2020 iki Mbah Minto kapinujon dadi bintang utowo mundak tatarane.

Jejer jalmo Mbah Minto, Ucup, tongo teparo anak lan kabeh sopo wae ora bakal isoh ngiro yen video gagal mudik kui bakal le kondang Kaloko. Mergo kui Jalmo tan keno kiniro, kiniro marang sak padaneng jalmo.

Paweling sing isoh dijupuk hikmah e seko lelakon urip pe Mbah Minto sing ngemu suroso jalmo tan keno kiniro iki yo iku, ojo gampang mbiji lan ngasorake uwong liyo mung karono lelakon urip sing sak iki dilakoni, mergo lelakon urip sak banjure manungso ora bakal isoh mangerteni.

Isoh ae wong sing sak iki urip pe sarwo kurang, sarwo susah, sarwo sekeng bakal kangkat drajat ndonyane kanthi dalan sing ora bakal dikiro-kiro sak durunge, isoh juga sewalik e wong sing sak iki sugeh bondo bandu, urep sarwo kepenak, cukup kabeh samu barange, isoh ndlosor dadi asor seko jalaran sing ora dinyono-nyono sak durunge, pisan neh mergo urip pe uwong kui ora isoh di kiro lan diwoco jalmo tan keno kiniro.

Paweling sak banjure, Mbah Minto isoh digawe tepo tulodho kanggo poro Youtuber, pelaku industri kreatif liyane. Sanajan wes ora enom yuswone, nanging semangat lan karep atine tetep dhuwur kanggo gawe panglipur poro pamirso.

Youtuber sing jik enom generasi milenial kudu isoh nyonto lan gawe konten sing luweh apik, luweh kratif, lan luweh bermutu. Mbah Minto ngeki tulodho yen sukses kui isoh teko kapan wae, ora peduli umur lan papan panggonan, lan neng negoro monco kono ugo okeh uwong sing entuk kesuksesan naliko umur re wes ora enom meneh, sebut wae Sam Waltan (Walmart), Stan Lee (Marvel), Henry Ford (Ford), Arianna Huffington ( Huffington Post), Ray Kroc (McDonald’s) , Adolf Dassler (Adidas), John Pemberton (Coca Cola), Colonel Sanders (KFC) nganti Soichiro Honda.

Uwong-uwong kui mau ora tau menyerah sanajan jaman enom-enomane durung oleh kesuksesan, gigih berjuang nganti deweknen dadi dikenal neng umur sing wes ora enom eneh. Paweling sak banjure yo kui, kanggo sopo ae sing jik enom sing sak iki durung sukses, ojo kendho anggone berusaha, berinovasi, sarto kendho semangate.

Filosofi jalmo tan keno kiniro kui filosofi sing universal. Isoh manjing neng kabeh uwong lan sopo ngerti aku sarto kowe kang bakal dadi jalmo tan keno kiniro sak banjure!

MONGGO KULO ATURI MAOS Aja Ngerasa Paling Apes Gara-gara Pandemi Corona utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version