Nyong Gumun Maring Polisi, Nggoleti Maling Motor Kesed Eram, Giliran Perkara Bokep Baen Cepet

Camkan Ini, Polisi Nggak Boleh Periksa Hape Warga Sipil tanpa Surat Perintah mojok.co

MOJOK.COInyong gumun maring polisi. Giliran perkara bokep Gisel baen cepet. Nggoleti maling motor e inyong kesed eram nganti sekiye 10 tahun.

Rika mesti esih pada ngrasani kasus sing lagi ngenani artis sing uga penyanyi jebolan Indonesian Idol njah. Nyong ora gumun lah, pokoke nek uwis perkara esek-esek njur pada rajin. Padahal janjane melas Gisel, wong nggawe video kuwe niate gur nggo koleksi pribadi.

Sing njelehi maning, polisi uga embuh. Bukane nggolet uwong sing nyebar video kuwe, eh malah nuruti jalukane Pitra Romadoni sing karepe nangkep Gisel merga gawe video kuwe. Pitra iku sapa, sih?

Kudune posisine Gisel kuwe korban, dudu pesakitan. Wong video kuwe uga kesebare itungane ”non-konsensual” alias ora nganggo persetujuane Gisel karo Nobu sing kerekam neng video kuwe, berarti kan dudu salahe Gisel. Ning embuh pisan, bisa-bisane malah Gisel sing dadi tersangka.

La nek pancen nurut aturane UU Pornografi, neng Pasal 4 disebutna nek wong kaya Gisel kuwe ora teyeng dipidana merga gawe video kuwe tujuane nggo kepentingane awake dewek. Ora jere sengaja nggawe njur diedol maring masyarakat.

Polisi ya pada baen, kaya kesempatan pisan nggolet panggung ben keton kerja temenan. Kasus kaya kiye baen cepet nemen nggole nangani, cepet pisan nggole ngrampungna, mulane ora butuh wektu suwe nggo polisi teyeng netapna Gisel karo Nobu dadi tersangka.

Terus terang baen, nyong tah nduwe pikiran elek kenang ngapa polisi njur gercep pisan nangani kasus kiye. Lah priben, kaya ora ngerti baen lah, pulisi ya butuh pencitraan mbok, ben keton hebring.

Padahal nek ngurusi perkara sepele sing ublek umpleke ngenani wong-wong cilik kaya bangsane maling motor, bih, angele eram.

Nyong dewek nduwe pengalaman ora enak perkara kiye sih. Pirang tahun kepungkur, motore nyong ilang pas deparkir ngarep warung, detinggal becer mlebu warung neng bojone nyong. Ya jenenge wong becer mbok mestine ana milih beceran, ana ngantri mbarang nggole mbayar masiya ora suwe, wong gur sekitar 10-15 menitan tok.

Barang rampung becer, bojone nyong ndlongob, sapa sing ngira nek dadi korban maling motor sing deparkir neng ngarep warung kuwe. Degoleti ngetan ngulon ya uwis ora nana, wong jenenge maling motor ya mestine motore uwis degawa mblandang sisan. Apa maning motor lanang, 10 menit ya cukup nggo mblandang maring ndi ora wong rata-rata kecepatane 100km/jam.

Sebagai warga negara sing berusaha percaya maring hukum neng negara kiye, nyong ya otomatis langsung lapor maring kepolisian njah, nglaporna nek bar dadi korban maling motor, itungane motor anyar sisan, nembe tuku urung setahun acan.

Polisine sing nrima laporan tah kaya meyakinkan pisan nggole nanggepi karo ngrekap laporane nyong. Mulane nyong mandan yakin nek motore nyong bakal bali. Sapa sing ngira jajal, nek nganti sekiye, uwis 10 tahun liwat, boro-boro motore nyong bali, ana tilpun sekang pulisi nggo ngabari perkembangan kasus maling motor baen ora nana babar pisan.

Nyong dadi geget njah, kemutan nek Divisi Humas Polri tau nggawe thread neng Twitter sing prentah maring masyarakat nek aja wedi-wedi lapor maring kepolisian nek agi kenang kasus sing kira-kira nglibatna hukum. Kaya misale dadi korban maling motor, kerampokan, kecelakaan, apa nganti (amit-amit) ana pembunuhan.

Thread sing dekarepna bakal olih tanggapan balen apik sekang masyarakat, malah gur nggo dadi bahan guyonan neng nitijen. Alesane ya kuwe, merga thread kuwe jiyan, ora sinkron babar pisan karo cara kerjane kepolisian.

Neng thread kuwe akeh sing curhat nduwe kasus pada karo nyong pas dadi korban maling motor. Uwis pegel-pegel nyempatna wektu nggo lapor maring polisi nek bar kenang musibah, esih ninggali duit rokok nggo sing nrima laporan, eh laporane kaya gur nggo pepek-pepek berkase polisi.

Kenang ngapa nyong ngomong kaya gur nggo pepek-pepek berkas thok, ya merga kaya sing nyong ngomong mau, bar awake dewek pada laor njur ora nana kabar babar blas sekang kepolisian kepriwe perkembangan kasuse.

Lapor bar kecolongan apa kelangan njur lapor maring kepolisian malah kaya ajang curhat, ning sing decurhati polisi, tur curhatane deketik, desimpen neng kepolisian. La kepriwe ora gur kaya curhat thok jajal, nek laporan mlebu ning ora deproses babar pisan kasuse?

Mulane sih nek ana apa-apa cok pada bebeh kon lapor maring polisi. Kaya ana kecelakaan baen misale, mesti sing terlibat kecelakaan kuwe njur pada nggolet panggon nggo ngrembug bareng-bareng babagan kecelakaan. Istilahe dalan damai baen antarane korban karo pelakune.

Dudu apa-apa, nek ana kecelakaan njur delaporna maring polisi, biasane urus-urusane njur dawa pisan, ora kalah dawa karo Dalan Raya Daendels pokoke lah. Tur maning ora gur perkara lapor sing njur kaya ajang curhat thok, ana duwit sing kudu metu, njur biasane ora sethithik sisan, gur nggaringna isi dompet.

Nyong percaya lah, nek sing nduwe pengalaman ora enak karo kepolisian perkara kaya kiye kuwe ora gur siji loro uwong thok, ning pirang-pirang. Anane njur ora pada gelem metu omongan ya alesane gur siji thok, bebeh ribet bebeh ribut bebeh mumet nek uwis urus-urusane karo polisi.

Maling motor e nyong piye kabare e ya?

WACANEN Drama Bu Risma lan Sinetron KPop Indosiar Tetep Ora Bisa Sedahsyat ‘Ikatan Cinta’ karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version