MOJOK.CO – Ojo mung ngapik-ngapiki rai tok pas lebaran, ati ya kudu ditata sing tenanan.
Lebaran iku asale saka basa Jawa, saka tembung “lebar” sing tegese ‘rampung’. Dadi, lebaran tegese rampungan utawa bubaran. Hla sing rampung apane? Ya pasane. Hla banjur sing bubar apane? Wah, nek iki genah dawa keterangane.
Manut adate karawitan neng Jawa, mligine sing isih diwengku kabudayan warisan kraton Mataram, saben bubaran acara ditengeri nganggo swarane tabuhan gendhing Udan Mas. Apa maksude nabuh gendhing sing judule Udan Mas? Wis gak prelu teori sing dawa-dawa maneh. Wis genah maksude, gendhing iku mau lambang donga. Dongane supaya sabubare acara iku mau wong-wong sing gawe lan sing nekani acara padha kodanan (digrojogi rejeki) emas (rejeki sing barokah tenan).
Aku jane ya ngreti nek bab ngene iki. Kudune mari pasa, ketemu lebaran, dadi tambah daya-semangatku kanggo mbacutake lakon urip sing muga-muga tambah apik sebab wis lebar pasa ditutup nganggo donga udan mas (idul fitri). Tapi nyatane kok malah dadi nglokro males-malesan?
Piye olehe gak nglokro? Bayangna ta, kaya aku ngene iki nampa THR gak genep rong juta wis ludhes dienggo mitrahi ponakan pirang-pirang. Malah isih tombok ndhudhah celengan. Apa gak lemes jiwa-ragane?
Ya ngene iki abote urip ngumumi wong akeh. Nek gak gelem padha kancane jare gak umum. Malah dadi kembang lambe, diarani medhit, cethil methithil, banjur rame-rame ndongakne supaya gaklancar rejekine. Nek mung ngedumi sithik jare sedhekah kok ikhlase mung setengah. Jan angel tenan nuruti lambene wong akeh pas riyaya lebaran.
“Yen neng ngarep wis ngamal kuwi neng mburi aja ngomel,” tuture Mbah Wagimun. “Yen mung arep ngomel ya ora sah prelu ngamal.”
Ya taksauri enteng, “Kula boten ngomel, mung mbatin. Eh ndilalah Sampeyan ahli kebatinan. Kula dereng ngucap, Sampeyan sampun tanggap.”
“Arep ngeyela kaya apa, ya panggah kowe sing kleru, Le,” dheweke nandheske. “Wancine lebaran kowe dikon nganyari budi-pekerti malah mung mempeng blanja nganyari clana karo klambi. Gombalmu anyar resik wangi nanging jiwamu amoh reged mambu bacin. Kudune bar lebaran kowe gagah sumringah mangkat nyambut gawe sebab wis ganep sangu pangestune wongtuwa, wis pepak dongane sedulur, tangga, lan kanca.”
Penak tenan swarane Mbah Wagimun. Empuk memes tenan kojahe. Tapi dheweke luput gak mikir nek wong budhal mergawe iku butuh sangu dhuwit kanggo mangan saben-dinane, kanggo tuku bensin, tuku sabun, rokok, pulsa hape, lan liya-liyane.
Eh hla kok batinku diwaca maneh. Ujare, “Ya kuwi pigunane wong ngamal, andum rejeki karo kancane. Yen sawanci-wanci kowe ora gableg panganan ora bakal isin nembung njaluk marang kanca sing nate koksedhekahi panganan. Ora duwe dhuwit kanggo tuku bensin dadi gampang golek nunutan sebab wis nate nukokke bensin liyan. Ora duwe rokok dadi kepenak nyaut rokoke kancane. Apa sebabe ora sungkan? Sebabe nalika duwe rokok dhewe ya ora eman menehi kancane.”
Ya pancen bener ngendikane Mbah Wagimun. Tapi dheweke lali gak mikir nek aku ya isih kudu nyukupi kebutuhan mbayar angsuran montor. Ya isih kudu nyelengi kanggo cawis-cawis ndandani omah. Kekuwatanku saiki mung lagi tekan kerja golek dhuwit kanggo nyukupi kebutuhanku dhewe. Durung kuwat kanggo ngamal, apa maneh melu nyangga butuhe wong liya.
Eh hla kok batinku isih panggah diwaca. Ujare, “Yen dijereng lan diceneng, kebutuhanmu ora bakal ana rampunge. Mulane, wong srawung aja nunggu mengko yen wis sugih. Upama sesuk kowe klakon sugih, durung mesthi dhuwitmu turah kanggo sedekah. Sebab biasane wong sing asale mlarat banjur malih sugih kuwi njur salin srengat, katut malih tingkahe, tambah akeh ragad kebutuhane.”
Pancen bener kandhane. Tapi suwe-suwe aku mangkel dhewe. Wong khotbah kok gak pas wayahe. Gregeten, gelis takunggahi pitakonan, “Kula kok disalahke terus ta, Mbah? Terus lerese niku pripun lan suk kapan?”
Jawabe Mbah Wagimun “Kowe ora bakal dadi wong bener yen saben ketemu lebaran sing mung setaun pisan iki prejenganmu tansah ethok-ethok. Kowe mesthi bakal sateruse kleru yen saben mulih wancine lebaran jebulane mung pamer rai pulasan. Kamangka ethok-ethokmu lan pulasan raimu kuwi mrelokke ragad dhuwit.”
“Terus kula saniki kedah pripun?”
“Ya kudu neruske urip kaya biasane, nanging ora sah dadak digawe-gawe. Ya nyambut gawe maneh ya saben dinane, nanging disalini niyate.”
“Niyate tiyang nyambut damel sing leres niku pripun?”
“Niyate wong nyambut gawe sing bener kuwi dudu golek dhuwit.”
“Hla pados napa yen boten pados dhuwi?”
“Nyambut gawe kuwi golek srana amrih pantes-pantese dhiri kanggo nampa rejeki saka kawelasane Gusti. Sangune niyat slamet. Yen mengko mulih mung nggawa slamet tanpa nggawa dhuwit ya aja digetuni, sebab slamet kuwi ya wujude rejeki, malah kuwi rejeki sing gedhe dhewe.”
“Ah, mumet, Mbah. Mumet.”
“Hla ya kuwi oleh-olehe wong nyambut gawe tanpa sangu slamet.”
Diamput, sing bener kok mung Slamet…