Pentinge Ngampet Nggragas Wayah Buka Pasa

MOJOK.COPasa iki ancene abot. Nanging apa ya olehe ngampet ngelih sedina kuwi kudu disaur nggragas wayah buka pasa?

Hla yen kanggo bocah cilik, mbok menawa ngampet ngelih lan ngelak kuwi dadi pacobaning pasa sing paling abot. Kanggo wong tuwa, kejaba ngampet nafsu nesu (iki sakjane ya angel banget ditindakake) ana prekara sing uga kudu digatekake temenan sing dadi salah sijine godhan nglakoni pasa, yaiku ngampet ngangsa utawa nggragas nalika buka pasa.

Sakjane uangil tenan hlo kuwi, weteng kothong banjur rasane kudu ditanjakake anggone golek ijol ngelih ngelak sedina dheg, banjur kalap anggone jajan lan dhahar buka pasa nganti lempe-lempe kemlakaren, ora isa obah, ora isa nindakake sembahyang maghrib, apa maneh wancine tarweh, wis klipuk… matane abot dibukak kaya digandhuli sega sakcething, saking kebake isi weteng. Ngantuk.

Jaman pancen gumulung maju mengarep. Jaman saiki sansaya kreatip anggone ngolah babagan ekonomi lan inovasi pasar kanggo nyukupi pangupajiwaning manungsa. Ana wae solah bawane manungsa anggone ngubengake rodha ekonomi, tuladhane kanthi nganakake pasar tiban dodolan menu panganan lan jajanan takjil buka pasa, kayata pasar ramadhan, grebeg takjil, kampung ramadhan, bazar sore ramadhan, lan maneka rupa sapanunggale. Sing kondhang kawentar ing Jogja nganti dadi jujukan wisata lokal kayata Kampung Ramadhan Jogokaryan, Pasar Sore UGM, Jalur Gaza (singkatan saka tembung Jajanan Lauk, Sayur, Gubug Ashar Zerba Ada) ing dalan Nitikan-Sorogenen, lan Pasar Ramadhan Kauman, ing gang sempit kidul ndalan kulon protelon PKU Jogja. Durung sah dadi wong pasa ing Jogja yen durung dolan ngabuburit ing papan-papan kasebut kuwi.

Kabeh wujud kuliner cemepak didol, pepak, murah, apa maneh ana menu-menu jajanan sing langka lan khas mangsa ramadhan kayata kicak, kurma, kolak gedhang, kacang kumbon, es koktil, setup jambu, lan siji maneh primadhona anyar ing babagan kuliner Jogja, es kepal!

Banjur kabeh mau dituku. ‘Lapar mata’ yen ukarane jaman saiki. Banjur rumangsane olehe ngampet ngelih sedina kuwi dendham sing kudu disaur pas buka pasa. Apa maneh kegawa tawa utawa iklan sing ana ing tv lan radio, ‘berbukalah dengan yang manis’, dikon maem sing legi-legi, tambah ngiler lan ngeces nonton tv angger bakda ngashar kae iklan sirup pating jedhul ora nganggo leren.

Mengko dhisik, ngerem dhisik. Yen ora kleru pancen disunahke lan ana haditse babagan buka nganggo lelegen, IMHO lho ya, kanthi asoring manah tuturanku iki (prekara iki takona pak ustad ya mergane aku dhewe ya ora pantes nuturi). Nanging ya ora banjur kabeh sing legi dituku lan dipangan.

Lagi jam setengah lima, kurang sakjam buka, wis tekan pasar ramadhan tuku kurma sak plastik, ben seger rekane tuku kolak + es kepal, isih kepingin nembung jajan pisang goreng crispy rasa coklat keju kekinian, lan sosis bakar, tuku kicak merga anane mung setaun pisan, mandheg neng bakul lopis tuku sakpincuk difoto-foto merga panganan kuwi pancen ketok ‘eksotis’ (marahi meri followersmu sing ana ing Jakarta), terus mlaku ing kios jejere banjur tuku sate taichan, seblak, sing dinggo gong utawa cuci mulut kepingin tuku es sop duren. Lha kuwi kabeh arep dinggo buka pasa ijen, kuwi jenenge murka, ngangsa, nggragas, dudu nuruti ajaran agama bab sunnah mangan sing legi mau.

Jarene pasa kuwi uga wayah dinggo ajar prihatin, apa wae diampet. Ya nafsu, ya nesu, ya mangan ngombe, lha nanging yen pas buka banjur diumbar anggone jajan kuwi ya jenenge ora ngampet, ora prihatin. Jarene pak ustad kan uga urip kuwi sing pener sing prasaja, sing sederhana. Aja dumeh buka pasa banjur aji mumpung, mumpung ngelih, mumpung dhilit maneh THRe medhun, banjur ropyan-ropyan anggone mangan.

Kuwi tuladha sing jajan ing pasar kuliner ramadhan, sing ana ing ngomah mangsak ya sok dhong kabeh-kabeh dimangsak dinggo menu buka. Nggawe es buah, njangan sayur, mecel, ngrendhang, nggoreng iwak pitik, ndadar endhog, isih tuku gorengan ngarep gang, krupuk lan peyek saklodhong. Mbasan buka pasa jebul ora entek, isih akeh sing wutuh ora kedemok ing meja makan. Banjur bojone lan anak-anakke dipeksa kon ngentekne mundhak mubazir, yen arep dinget dinggo sahur ya wis jeleh, banjur sak omah kewaregen dadi ngantuk lali tarweh berjamaah.

Sing padha bukber ana ing hotel utawa restoran prasmanan uga ora kalah nggragase. Mbok menawa mumpung undangan bukber gratis saka kantor, utawa reuni sekolah, yen bisa kabeh gubugan lan panganan diincipi, rata sakdawane meja prasmanan dirasakake kabeh. Kewaregen, ngantuk.

Hla banjur ana ing ngendi hakekate ngampet utawa prihatin wulan ramadhan kuwi.

Sansaya maneh jamane instagram, kabeh panganan ombenan kuwi mau sakdurunge diemplok kudu difoto utawa divideo neng sosmed utamane diinstastory, diumukke dipamerke. Jarene pasa-pasa kuwi uga kudu bisa ngampet umuk?

Pasa-pasa ora tambah kuru nanging malah tambah njeblug awakke. Titenana maneh, sesuk yen wayah bada. Sansaya bedhah awakkmu mundhak pirang-pirang kilo yen kowe ngangsa lan nggragas apa-apa dilebokake weteng ngono kuwi.

Rumangsane pasa sesasi kuwi duhkita, nelangsa, sengsara, penyakit lan ‘penderitaan’ sing kudu diobati nganggo panganan sak akeh-akehe, apa?

Exit mobile version