Surat kanggo Pendhekar sing Seneng Ngejak Gelut Paguron Pencak Silat Liya

MOJOK.COJan jane, mas-mas pendhekar ngejak gelut paguron pecak silat liya iki, ana masalah apa?

Aku nulis layang iki kanggo mas-masku pendhekar sing ganteng tur gagah dedeg piadeke, sing senengane ngejak geger utawa ngejak gelut paguron pencak silat liya. Mbok ya leren. Jan jane ana masalah apa kok dadi ramene wong sapaguron? Perkara harga diri? Mbok diadhepi dhewe, ora usah nganggo jeneng paguronmu. Ora usah nganggo atribut sing nuduhake kowe ki saka pencak silat paguron X.

Wong paguron liya ngelek-elek paguronmu? Aja ditanggepi kanthi abang kuping. Anggep wae wong kuwi iri karo paguronmu. Mbudheg wae. Sing penting sampean ora ngganggu paguron liyan. Kecuali, yen pancen salah, ya banjur njaluk sepura lan ngowahi awake dhewe. Iku rak luwih becik.

Mas-masku sing bagus pindha Arjuna, gara-gara polahe sampean-sampean kuwi, ora sadhar ta yen marai paguronmu kuwi kena alane. Nganti ana wong alok, “Wooo… paguron pencak silat X kae seneng gae rusuh, seneng tukaran.”

Lerenana nyebarake alane paguron liya, Mas. Aja propokatip lan gampang kepancing propokatip. Apa ya ana paguron pencak silat kuwi kang nduweni tujuan kang ala? Aku yakin yen sekabehane nduweni niat lan tujuan kang becik. Kaya tuladhane ing salah sijine paguron kang mulangi, “Mendidik manusia berbudi pekerti luhur, tahu mana baik dan buruk.” Ing ngendi sampean pas diulangi iki? Apa pas turu?

Sekabehane paguron rak mulangi babagan kabecikan. Ning ya pancene oknume ae sing  kadhang pethathang-pethithing ngrumangsani gagah kaya Werkudara sing gatel kudu ngejak geger wae. Kamangka, ibarate kaya bocah sing lagi wae lair. Sik cilik wae kakean polah! Biasane sing tumindak ngene iki bocah-bocah enom sing isih ababil, eh labil.

Apa maneh yen ngono kuwi, budhal mesthi konvoi, rame-rame, banjur sabuk morine didudoh-dudohke, dipamerke. Diumbul-umbulne kaya lagi ngumbulne gendera. Mbok eling, mori kuwi sasmita yen mbesuk mati, klambine ya mori. Dudu klambi paguron sing mok banggak-banggakne kuwi. Kain putih kuwi nggo pageling-pangelingmu supaya ngati-ati yen urip, supaya uripmu terus nglakoni kabecikan. Apa ya wis lali?

Sing sampean musuhi iku uga dulurmu, dulur sebangsa setanah air, lho. Isa-isa negara iki bubrah persatuan-e amerga sampean-sampean kabeh sing padha geger merga beda paguron. Apa ya wis rumangsa nduwe bener dhewe?

Sik ya. Yen maca sejarahe, pencak silat utawa bela diri kuwi mbiyen dianggo prajurit-prajurit perang nalika jaman krajan-krajan. Nggo apa? Ya nggo bela negara, bela krajan. Dinggo nyangoni prajurite supaya nalika maju perang nduwe ilmu saora-orane nggo nglindhungi diri, luwih-luwih nglindungi ratune.

Apamaneh ing jaman panjajahan, dinggo nglawan panjajah. Nggo mbela negara uga. Salah sawijine cara nundhung panjajah ngalih saka negara Hindia Belanda—sadurunge negara iki jenenge Indonesia.

Nanging, sawise penjajah kaya Landa lan Jepang wis minggat, kok ganti musuhi sing beda paguron kamangka padha-padha pencak silate? Mbelani paguron? Kok rumangsaku oraa dibela, wong sing pengen sinau pencak silat terus ana kok.

Durung mengko yen nalika gelut nganti ana sing tiwas. Apa ora padha karo wis tiba isih ketiban andha? Rak ya bakal dipenjara. Ngono sapa sing rugi? Mbok ngesakne bapa ibune sing ngarep-ngarep sampean dadi wong bener, dadi wong sing mulya. Apa ora nguciwakne banget wong tuwa?

Durung maneh masyarakat kang uga nampa rugi. Kayata nalika konvoi. Iya yen konvoi lumaku kanthi lancar lan nurut karo aturan negara, ora ngrugekne liyan. Hla yen nganti mbendhemi omahe uwong utawa nganti ngrusak fasilitas negara? Rumangsane Indonesia iki nggone mbah buyutmu thok, po? Urip iki butuh aturan, mas-masku sing bagus dhewe sakdonya. Ora melu mbangun, ning malah ngrusak-ngrusaki. Mbok aja nganti kaya ngono.

Sampean rak pancasilais? Coba unekne Pancasila sila katelu. Rak isih eling, kan? Eling ya, negara iki negara kang nyawiji, nduwe sesanti “Bhinneka Tunggal Ika”, beda-beda nanging nyawiji. Adhewe kudu bisa ngurmati wong liya, ora mung sing padha ning karo sing beda prinsip, agama, lan liya-liyane.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Wis ta, dilereni nek gelut karo dulur beda paguron. Ora ana untunge, malah ngrugeni awakmu dhewe. Aku ngerti, ora kabeh seneng gelut nggegeri paguron liya. Ning uga ana wae oknum sing pegaweane ngono iku. Tinimbang gelut aluwung dinggo ngisi kagiyatan kang migunani. Padha-padha njaga kedamaian antar manungsa ing sakiwa tengene. Aja njur beda karo awakmu, banjur langsung dimusuhi.

Luwih becik wektune dianggo mulang adhi-adhine paguron. Ilmune luwih bermanfaat, supaya dadi wong kang migunani.

Utawa dinggo latihan atlit. Gelut ae nang ndhuwur gelanggang. Bisa uga gelanggang iki kanggo pembuktian harga dirimu. Bisa berprestasi, bisa mbanggakne wong tuwa uga. Sokor-sokor nganti tekan manca. Mbok ditiru prestasine pencak silat ing Sea Games taun wingi, atlit pencak silat akeh sing mborong piala.

Piye, Mas? Sarujuk, ra?

Exit mobile version