Nabunge Setahun Nggo Bada Rong Dina, Ludes Kabeh

MOJOK.COKebutuhane Bada iki ternyata ora sethithik. Mung nggo perayaan rong dina, tabungan setahun isa entek.

Uwis umume, sing jenenge ibu-ibu, padha melu kumpulan PKK neng lingkungan sekitar umahe. Padha karo nyong, sing garep ngaku esih prawan ya ora mungkin, wong uwis nduwe buntut loro. Lah, sing jenenge kumpulan PKK biasane ana acara tabungan, iuran, karo arisane mbarang. Ben greget, nggole kumpulan ora gur dadi jemaah rasan-rasan tangga thok. Ning karo nunggoni acara ngocok arisan sapa ngerti olih, kan ya lumayan teyeng nggo tambahan tuku klambi nggo Bada.

Arisane wulan kiye tah dudu arisan tutupan, wong esih akeh sing urung olih kocokan. Ning perkara tabungan, wulan kiye jelas wulan tutupan. Bukane apa-apa, ”acara’” tabungan kuwe, pancen nggo jagan khusus ngadepi Bada. Mulane, nek ana sing nduwe utang maring PKK, mesthi dina-dina kiye lagi mumet-mumete nggolet duit nggo nyaur utang ben tabungan PKK-ne genep—nggole debagikna maring wong-wong sing melu nabung.

Kaya salah sijine tanggane nyong, bolak balik takon kapan batas wektune nggole mbalekna duit utangan? Merga deweke lagi nunggoni duit tabungane gagehan debagi. Jere garep gageh detukokna klambi anyar nggo anake sing cilik, sisan nggo becer jajanan karo panganan, sing garep desandingna maring tamu sing padha teka pas Bada.

Nyong krungu deweke takon ya maklum sih. Wong sing gede jagrak baen, Bada padha karepe kudu nganggo klambi anyar. Apamaning kiye, anake esih cilik, nembe umur pitung tahun. Ya, lagi seneng-senenge ngenteni riyaya nganggo klambi karo sandal anyar, tur olih sangu Badan ora sethithik nggo tuku jajan. Ya maklum baen lah, jenenge baen bocah. Nyong percaya rika cilikane ya mbok padha baen.

Ya pancen si njah, jane sing paling seneng, paling bahagia pas riyaya ya gur bocah-bocah cilik. Sing padha seneng-seneng nganggo klambi anyar, jajanan ander neng nduwur meja, panganan enak-enak mulai sing jenenge opor, gulai, nganti bakso. Durung maning nek njur padha olih jatah fitrahan sekang sing tuwa-tuwa. Ora ketang wong siji aweh sepuluh ewu, mbok ping akeh pisan ora gur wong siji loro.

Nek wong tuwa tah, jane nek Bada kaya kiye pancen wayahe mumet ngatur duit. Kayane duit sepira-pira ya ora cukup, entek baen ora nana bekase. Tur maninng, kayane kowh kebutuhan ana baen sing kudu detuku. Sing biyasane nyanding gur kupat opor ayam, njur dadi kurang. Nek ora nana sambel goreng ati, krupuk, kering kentang, karo es buah ben mandan ana seger-segere.

Tur maning ben tahun, kayane lawuhan neng nduwur meja makan pas Bada, kok ya tambah pirang-pirang jenise. Sing biyasane gur ana neng rumah makan, sekiye teyeng ander neng umahe uwong-uwong. Ora ndeleng latar belakang sukune uwong kuwe.

Sing wong Purwokerto kaya nyong misale, ya uwis ora kaget. Nek kudu nyandingna rendang nggo suguhan lawuh kupat. Merga pancen kabeh uwis lebur dadi siji. Amarga ilate wong Indonesia sekang daerah ngendi baen, uwis asimilasi tergantung neng ndi papan ana.

Balik maning maring perkara ”butuhe” Bada sing kayane ora entek-entek.

Jenenge ibu-ibu, biyasane sing paling mumet mikir butuh. Mulane sebisa mungkin, kudu teyeng nabung. Nyisihna duit blanjan ora ketang satus rongatus perak nggo nutup butuhe Bada. Nggole nabung ya ora tanggung-tanggung, setahun menthit ben teyeng kumpul akeh. Bar kuwe, bar bubar temenan nggo nyukupe butuhe riyaya sing gur rong dina baen kadang kurang.

Nyong dewek melu ngalami, sih. Masiya nyong kuwe Katulik, ning bojo karo anake nyong muslim, biyung karo mertuwane nyong ya muslim kabeh. Dadi nek perkara Bada kaya kiye, nyong ya kudu melu mikir soal kebutuhane.

Malah nek Natalan sih nyong or patiya mumet, wong butuhe gur lunga maring gereja. Teyeng misa Natal ora usah nganggo wedi ana ancaman bom baen uwis untung kowh. Mulane, nek ana wong ribat-ribut perkara ucapan selamat Natal, paling tek jawab, nek nyong kuwe ora butuh ucapan selamat Natal. Butuhe gur teyeng slamet pas Natalan.

Nah, nek Bada kan beda. Biyunge nyong juga Badan. Nyong dewek, masiya Katulik kan tetep nduwe kewajiban nyenengna wong tuwa. Apa maning nyong kuwe wong tuwane gur gari siji, gari biyunge thok. Masa iya, garep desia-sia gur perkara bali ngumah, cepak masakan nggo biyunge baen ora teyeng. Mbok mbangeti lah.

Apamaning nyong wong uwis umah-umah, mesthine ya kudu mikir ngirim maring mertua mbarang mbok. Ora teyeng gur mikir nggo ngirim biyunge dewek thok. Sing jenenge mantu, apa-apa ya nek bisa nggole aweh. Ora njomplang karo maring biyunge dewek. Ewadene biyunge dekirimi nastar seples. Ya mertuane padha, dekirim nastare seples. Ora jere gur setengah ples. Ngko sih kaya pelem bar depangan codot, gari separo thok.

Urung maning, biyunge nyong mbarep, ana adi-adine. Urung putu ponakan, sing ander jejer ora mandeg-mandeg. Lah, kaya kuwe, biyasane ora ketang bocah siji dinei limang ewu, apa sepuluh ewu. Tapi kan pirang-pirang. Bocahe ora gur siji loro, ning punjul sekang sepuluh rong puluh bocah. Nek kaya kuwe, apa nggane sing diwei gur siji loro, ya ngko liyane iri mbok.

Gweh, nek uwis kaya kuwe mbok keton pisan nek butuhe Bada pancen pirang-pirang. Akeh pisan pos pengeluaran sing biyasane ora nana, dadi ana. Sing biyasane duit paling butuhe nggo tuku sembako karo sabun sampo dadi mikir nggo tuku panganan suguhan—sing kirane pantes desuguhna, enak depangan, ora gur maen desawang.

Mulane sih, adoh-adoh dina biyasane uwis pada nyisihna temenan, nabung primpen. Tur maning, nek jenenge Bada rega apa-apa mundake ora kira-kira. Kaya misale ayam baen, biyasane sekilo paling sekitar wolulikur ewu nganti telung puluh ewu. Nek riyaya, ngerti-ngerti regane bisa nganti seket ewu punjul. Kuwe nembe ayam, urung brambang-bawang-lombok, nganti beras mbarang, cokan melu munggah regane, kaya bendera dekerek.

Mulane njah ana paraban, nggolet duit setahun, barang ngumpul entek gur nggo Badan sedina rong dina. Merga nyatane pancen iya, nek uwis nganggo judul Bada, kabeh-kabeh ngudubilah regane. Tur maning butuhe njur dadi ngudubilah uga akehe. Nek sing karyawan apa pegawai negeri sih jelas kepenak, ana Tunjangan Hari raya, alias THR. Njur pada kaya prepegan, olih duit tambahan.

Lah nek sing balung kere kaya nyong-nyong kiye? Kan ora olih THR sekang sapa-sapa, njur priben nek rega kabeh-kabeh mundak, jal?

Exit mobile version