Mbok Ora Usah Gengsi, Nek Rambute Anake Ana Tumane

MOJOK.CO Tuma iki inguan sing paling dianggep nggilani dibanding ngingu kewan laine. Sakjane kudu isin ora sih, lek rambute tumaen?

Minggu wingi anake nyong ana kegiatan Persami neng sekolahan. Jenenge baen Persami, Perkemahan Sabtu Minggu, ya jelas nginep neng sekolahan. Sewengi ora bali, turu bareng, kembul karo kanca-kancane. Neng tenda, ublek umplek dadi siji. Mbuh bocah pira setenda, jenenge bocah, ya seneng-seneng baen. Masiya turune umpel-umpelan kaya iwak sarden.

Bali acara Persami, dina Minggu sore, rupane jiyan kucel pisan. Kaya kumbahan kelalen disetrika, gur diuwel-uwel neng kranjang. Jebule pancen kawit Setu sore ora adus. Jare banyu neng sekolahane mati. Mulane pas mangkat Persami sangu banyu mineral botolan sing ukuran 2 liter ana 5 botol. Mbok-mbok kepengin maring jeding, ora bingung banyu.

Lah, let patang dina, kok bali sekolah, isine gur kukur-kukur sirah baen ora mandeg-mandeg. Ujarku tah bali sekang sekolahan pas dina Minggu sore langsung adus kramas, masa iya rambute esih kotor baen. Dadi tek takoni,

“Kenang apa sih, deneng kedik baen, apa nggane nggole kramas ora bersih, deneng rambute dekukuri baen?”

Eh, desauri jare wingi baen kramas. Masa iya, rambute ora bersih. Wong aben dina kramas nek adus sore. Berarti Minggu sore ya kramas, Senen, Selasa, Rebo sore ya pada baen. Berhubung nyong tipe biyung sing senengane penasaran, dadi tek omong,

“Ngene njajal tek deleng, besanu ana tumane (kutu). La tapi ketularan sapa, wong neng umah ora nana sing tumaen?”

Barang bocahe merek, njajal tek petani. Ealah, kok nemu kor, anak tuma lagi ting krunduk, mlaku neng kulitan sirah. Olih siji, tek pithes. Terus tek bukak maning. Eladalah, olih siji maning sing mandan gede.

Nyong sing metani, dadi melu kukur-kukur sirah. Antarane gatel karo bingung, deneng sih bocah tuma-nen, nggole olih tuma sih sekang endi.

Tek buaki rambute, lah, jebul linsane ya pirang-pirang. Barang debukak kaya rempeyek kacang. Nyong ya kaget njah, lawong ndina-ndina pancen ora tau merhatikna pisan. Rupane rambute sing gede, wong uwis SMP, mbok ya apa-apa teyeng dewek, ora njaluk tulung biyunge maning. Mulane nyong kaget, pas nemu tuma, uga linsa neng rambute.

Akhire dina kuwe, langsung baen nggolet serit, terus tek seriti rambute. Jebula jiyan, panen temenan, olih tuma gede-gede. Ana limolas iji. Mbok akeh pisan lah, kuwe durung kor-e, tuma cilik-cilik, sing nek anu rasane pedes semlenget, gatel pisan nggole nyakot.

Rampung tek seriti, terus tek gawekna ramuan sekang minyak kayu putih karo peresan jeruk nipis, tek olesna maring rambute, tek bebet karo anduk anget, ben pada mati tumane, gabuk linsane.

Bocahe tek takoni, apa ana kancane sing tumaen, marai wingi pas Persami kan pada turu dadi siji. Ya mungkin baen mbok tumane melu lalar, bergerilya, pindah maring sirahe liyane. Jerene sih ana, ning bocahe gengsi, ora gelem ngaku nek tumaen. Padahal jere nek pelajaran baen, kadang tumane gentawilan neng rambu. Keton, dideleng neng kanca-kancane.

Hiiii… nyong nulis kiye baen karo mrinding. Apa nggane ora risih njah, tumane nganti kaya kuwe kowh betah baen, ora ndang dibersihi.

Berhubung nyong ya tipikal ibuk-ibuk sing (sok) baik hati dan tidak sombong, dadi nyong woro-woro neng grup orangtua murid. Tek kandani nek anake nyong ketularan tuma, tulung kuwe, bocah-bocah liyane dicek rambute. Mbok-mbok pada tumaen pisan, padha anake nyong. Kan ya melas.

Niate nyong nggole woro-woro ya jane mung ben padha ngecek anak-anake, sisan dene, sapa ngerti biyunge bocah sing rambute kaya pabrik tuma kuwe njur dadi open maring kahanane rambute anake.

Eladalah, njur malah pada rame, dadi congkrah, tuduh-tuduhan, siji karo lian. Angger padha nuduh neg anake si A, si B, apa si C kuwe, sing tumaen. Ora tau deurus neng biyunge, mulane dadi ngrugikna kanca-kancane.  Jiyan, malah dadi congkrah dewek, tukaran dewek. Untunge sih mung tulisan neng grup Whatsapp, masiya terus dadi panen notif. Jajal nek ketemu langsung, metu swarane, apa ora ting cemruit rame pisan kaya cucak rawa adu swara.

Akhire tek omong, “Gyeh, ibuk-ibuk sing ayu, dewek-dewek ora nggawa wong liya, tulung derungokna. Nyong kiye mung ngandani, nek anake enyong ketularan tuma pas Persami wingi. Ewadene pancen ana sing tumaen, ya ora papa. Nyong ora lagi nuduh sapa-sapane sing dadi biang tuma. Tulung kuwe, putra-putrane njenengan padha ya detiliki rambute. Mbok-mbok ketularan juga kaya anake nyong, kan melas.

“Cepet-cepet dibersihi, diobati, ben ora nulari adine apa kakange. Nyong ora lagi nuduh si A, B, C, kuwe kemproh, jorok, mulane tumaen. Nyong gur ngomongi, ben awake dewek, padha open karo bocah. Lewih primpen nggole mbersihi rambute bocah. Dadi engko perkara tuma kiye ora gur muter-muter baen ora nana mandege. Siji bersih, eh sijine esih tumaen, njur nulari maning. Ya mbok kesel, ora nana mandege. Lagian, tenimbang ngingu tuma, mbok mending ngingu pitik, ora nana lawuh teyeng disembeleh, iya mbok, Bu ibu?”

Barang tek omong ngono, langsung klep, klakep padha meneng. Ora ribut maning neng grup, gur padha tuker-tukeran resep spesial, ramuan penghilang kutu dalam lima menit.

Lah, ujarku uwis mandeg, jebulnya, esih bersambung….

Bar kuwe ana sing njapri enyong, ngandani nek anake ibu A, pancen kemproh, jorok, mulane tumaen. Tur maning ibune ya gengsi, ora gelem ngakuni nek anake duwe tuma—sumber wabah tuma, sing jebul ‘menyerang’ hampir separo bocah wedok nang kelase anake nyong.

Nyong ya jane ngerti, decritani neng anake. Nek bocah kuwe, anake ibu A, sing tumane sok pada salto neng rambut. Tapi kan ya nyong dewek ora tegel mbok lah, negur langsung maring ibune, ora kepenak. Mulane gur tek woro-woro neng grup.

Jan-jane ngapa si ya, pada gengsi, ngakoni nek anake duwe tuma. Kiye kan perkara sejuta umat. Bukane apa-apa, jelas siji tumaen, ya terus nulari liyane. Kudune mbok ya ngomong, nek anake duwe tuma, ben liyane juga bebersih. Ora nganti ndladrah, nular maring endi-endi.

Ya masiya jane nggilani, jaman kaya ngene kowh esih pada tumaen. Tapi ya bule-bule neng luar negeri kae, ya biasa baen. Nek musim-musim tertentu, padha kena wabah tuma. Ya gur nular sekang siji maring liyane, ya biasa baen. Biyunge ora padha gengsi ngakuni nek anake lagi tumaen. Njur ngekei ngerti liyane, ben padha lewih open nggole ngurusi rambut anak-anake.

Perkara tuma kiye, jebule ya akeh ceritane. Neng ndi-ndi padha. Akeh ibuk-ibuk, sing padha isin tur gengsi, ngakoni nek anake pada tumaen, njur dadi nulari kancane. Lah sing ketularan kuwe, sing ketiban sampur. Gur teyeng mumet, bingung, kok anake kenang tuma. Masiya ngingu kucing nang ngomah, sing jelas kadang kucing ana tumane, ya ora mungkin juga mbok, ketularan tuma sekang kucing.

Padahal, kiye mung tuma, nek panu lah, beda perkara, iya ora?

Exit mobile version