Sakjane, Sing Dipangan Ning Panggen Kekinian Iki Panganane Apa Gengsine?

MOJOK.CONgunu kuwi lapo, milih mangan nang panggen kekinian? Gur memuaskan gengsi ben ketok ora ketinggalan jaman?

Lungo bareng konco-konco, mblandang ngalor ngidul, mesthine ya kesel njuk ngelih. Nek ana sing omong nek dolan karo konco ki marai ora eling ngelih, berarti kuwi hoaks, utowo ora berlaku karo awakku—sing pancen gaweane gur mangan karo turu, demi mewujudkan awak sing bohay kaya model video klip-e Carlos Santana sing judule Maria-maria.

Jenenge mblandang nang panggen wisata, jelas jenenge bakul panganan iku sakpirang-pirang, saka wetan nganti kulon, saka lor kidul, pokoke isine bakul. Masiya dodolane ya gur padha wae siji karone. Ora ana bedane. Mlebu kana nemu bakso, mlebu kene nemu soto.

Sing jenenge area wisata, mesthine pancen ana sing dodolan panganan khas, lan panggene ya apik tur resik. Nek jare bocah saiki, jenenge instagram-able. Ora trima kanggo mangan, ning uga isa gawe selfa-selfi njuk dipamerke nang media sosial, ben ketok kekinian.

Nanging, eleke panggen kaya ngono, biasane antrine mirip-mirip karo wong antri sembako. Sing jenenge antri kuwi, ora gur pas pesen panganan utawa pas nungoni dilayani, ning uga pas meh mbayar. Ibarate meh mangan uwes kaliren, pas mangan kudu uwes semaput, njuk lek ngantri pas mbayar ya nganti ngelih meneh wetenge.

Kadhang, panggen kaya ngono, panganane uga durung tentu enak. Kadhang panganane gur menang ketok ayu disawang, ning ora enak dipangan. Kadhang enak dipangan, ning porsine gur nyeliliti untu, alias cwilik sak-umplik—disendok pisanan wae rampung.

Gek iku nembe ngomong ukara panganan, durung omong ukara rega, sing kadhang nggawe ndlongob karo kejengkang.

Regane panganan nang panggen sing jare instagram-able iku, kadhang ya marai gumun ora uwes-uwes. Ora trima larang, ning kadhang diluar nalar, kaya sing tuku iku dudu mbayar panganan, ning mbayar gengsi, merga mangan nang panggen kekinian.

Kaya dene endhog orak-arik, jenenge malih dadi scramble egg. Njuk regane ya malih. Nek mangan nang warung penyet pinggir dalan, endhog orak-arik kuwi karo sega paling diregani 7 ewu, esih bonus sambel lan lalapane.

Mung nek nang panggen sing kekinian kuwi mau, njuk jenenge dadi scramble egg, regane isa njebluk dadi pitulas ewu, karo sego sak ’unyik’, saos sak ’mplik’, mung ajang piringe tok sing gedhe. Njuk nganggo embel-embel jenenge plating ben ketok ayu tur unyu, nek difoto marai kabeh wong mlongo, kudu kepengin lan ngeces ora uwis-uwis.

Engko, lek wes difoto, njuk di-upload, nganggo kepsen sing ala kae pisan pokoke.

”Dinner with my mate, scramble egg with rice, and Mojito numero uno.”

Kepsen ngunu, lengkap karo tanda emotikon waru-waru soko Gunung Slamet nganti Tangkuban Perahu. Padahal ya, gur trima mangan endhog orak-arik, karo es jeruk nipis dikei godhong mint. Lha wong Mojito iku nang resep asli ana rhum-e, apa ya padha wani dodolan Mojito dikei rhum tenan?

Haram ndes!

Gumune, panggen kaya ngunu iku, isa laris manis ngalahi eseme Mas Keanu Reeves. Mesthi tumplek plek, isine cah enom-enom, young adult, abege, lan biasane emak-emak eksis, sing gayane mbois, duite ora gur telung ripis.

Padahal, ya kuwi mau, panganane ya rata-rata gur penak disawang tapi ora enak dipangan. Ora gawe weteng kemlekeren, tur ya marai dompet kaliren, sekarat kaya meh kiamat. Gur demi sebuah kata sing jenenge gengsi, ben dianggep kekinian, lan ketok eksis ora uwis-uwis.

Bocah-bocah abege sing mrono yo gawe mlongo. Kok enteng men, lek mbayar rega panganan sing ora murah. Padahal mesthine ya padha durung isa nyambut gawe, gur trima ngedengna tangan karo wong tuwa.

Ha tapi kok nekat, mangan nang panggen larang, gur ben ketok kekinian, ben ora ketinggalan jaman.

Sakjane, nek ngunu iku, apa ta sing digolek, lek bab panganan nek ora gur dipangan? Apa iya, pesen panganan merga gur kepengin melototi panganan kuwi, ora ndemok ora ndulit, masiya untu wes kudu ketemu slilit.

Nek aku, sebagai penganut asas ‘manak panak renak donak’, alias mangan enak panggen penak, rego semanak gawe dompet ora rusak, ya jelas mikir-mikir. Nek meh mangan nang panggen-panggen sing Instagram-able kuwi.

Ha piye, ngene mangan kan ya butuh wareg, tur asupan gizine pas. Ora jare asupan gengsine sing pas. Tur meneh, wong liya lak gur teyeng nyawang, kadhang keplok-keplok kadhang maido. Nek ngene pamer bab panganan, njuk entuke apa? Gur wayah gengsi sing terpuaskan, tapi asupan gizi terabaikan?

 

Lunga mblandang nang pasar Turi, kene golek mangan ora golek gengsi

Nang pasar Turi entuke ledre, mangan gengsi apa warege

Exit mobile version