Curanmor Acarane Samidi, Ciri Khas Cilacap, Diadaptasi ning Kahanan Jaman Siki? Kepriwe Dadine?

Curanmor Acarane Samidi, Ciri Khas Cilacap, Diadaptasi ning Kahanan Jaman Siki? Kepriwe Dadine? MOJOK.CO

Curanmor Acarane Samidi, Ciri Khas Cilacap, Diadaptasi ning Kahanan Jaman Siki? Kepriwe Dadine? MOJOK.CO

MOJOK.COCiri khas Cilacap seliyane mendoan? Iwak asin, krupuk tengiri, Toko Rita, es serut Pak San, nyong yakin 100 persen bakal njawab: Samidi lan Curanmor.

Rika tau krungu cerita Curanmor? Kiye misale:

Nang terminal, ana ibu-ibu numpak angkot ngetem karo kesuh-kesuh dewek. Penasaran, mas-mas penumpang liyane takon, “Kenangapa, Bu?”

Jebul, ibune kuwe lagi emosi banget karo kenek angkot nang terminal. Soale, kenek kuwe mau ngenyeki anake ibune. Jerene, anake ibu kuwe elek buanget, elek pol, paling elek sedunya! Jal, ibu endi sing ora lara ati nek anake dienyek elek? Ya langka, lah!

“Owalah, Bu, kurang ajar temen kuwe keneke! Bisa-bisane anake rika dienyek?!” Mas Penumpang melu manas-manasi, ngewehi semangat nggo ibune men ora meneng bae karo kelakuan bar-bar kenek. Ibu kuwe dadi tergugah nggo mudun sedela, nggo nyamperi kenek tur bales ngomahi.

Nanging, sedurunge ibune mudun, Mas Penumpang ngomong maning, “Ngeneh, Bu, nek misale rika angel mudune, ketheke tak cekeli disit.”

“Hah? Kethek? Endi ana kethek, Kang? Nyong ora nggawa kethek,” jawabe ibu kuwe, bingung.

“Lah kuwe. Kae rika ket mau lagi nggendongi kethek, mbok?”

Ibu-ibu kuwe makin emosi, “Owalaaah, digilmu! Kiye anake nyong sing ta gendong, ngerti! Ujarku ket mau mbelani nyong, jebule pada-pada ngenyek!”

Cerita nang duwur ditutup karo kagete nyong pas pertama banget ngerungokna nang radio. Kaget, soale dadi melu kesuh mbayangna ana bocah cilik dienyek elek, tur ya mandan ngguyu soale ora kepikiran ana punchline kayak kuwe.

Sebagai bocah Cilacap asli, nyong wis dadi fangirl ket mbiyen. Idolane nyong? Sapa maning nek udu… Samidi.

Samidi nduwe acara Curanmor nang salah siji radio nang Cilacap, sing cuplikane ta tulis nang duwur kae. Udu, Curanmor kuwe udu singkatan sekang pencurian sepeda motor. Saben siaran dimulai, sapa bae sing ngerungokna wis pasti familiar karo kalimat kiye:

“Curanmor, pencurian sepeda motor. Eh, salah: curahan perasaan dan humor!”

Nek dikon nyebut ciri khas Cilacap seliyane mendoan, iwak asin, krupuk tengiri, Toko Rita, es serut Pak San, utawa nelayan-nelayan sing nawari nyebrang ming Nusakambangan sekang Teluk Penyu, nyong yakin 100 persen bakal njawab: Samidi. Ora mung wong Cilacap utawa wong sekang daerah ngapak liyane sing seneng karo acara kiye, akeh uga penggemare Samidi nang daerah Jawa liyane. Sebab, rekaman siaran Curanmor siki wis ana nang endi-endi nang internet.

Acara Curanmor-e Samidi sempet mandeg nang episode 220, bar Samidi ora lanjut nyambut gawe nang radio kuwe. Nanging, siki, konten Curanmor wis bisa dirungokna maning via channel YouTube resmine Samidi.

Acara Curanmor lan Samidi seolah-olah ngamini anggepan nek wong ngapak kuwe pancen lucu. Ngomong sitik tok be lucu nek nganggo aksen ngapak, apa maning ngomong sing akeh tur dawa kayak Samidi nang Curanmor. Kayane, nek wong ngapak pada kompak nggawe podcast, kebutuhan tawa masyarakat Indonesia bisa bae tercukupi. Pelawak-pelawak dadi pada ora payu.

Saking ikonike Curanmor, nyong dadi kepikiran nek Samidi nggawe kolaborasi antara naskah cerita jadule karo kahanan sing siki lagi dialami bangsa Indonesia.

Ceritane bisa dadi kayak kiye:

Ana ibu-ibu lagi kesuh nang angkot, nanging udu kesuh amarga anake dienyek. Langka wong sing wani ngenyek soale anake pancen ayu. Apa maning, nang jaman siki, kampanye self-love wis gencar nang endi-endi. Nek umpanane ana wong sing ngenyek pun, anake ibu kuwe ora bakal peduli tur tetep ngomong “I like myself!” ping satus. Jebul, anake follow Kirana-ne @retnohening.

Pas penumpang liyane takon kenangapa deweke ketone kesuh banget, ibu kuwe semaur: “Soale nyong bar ngeterna anake nyong arep dolan karo kancane. Wis adus, wis wangi, wis ayu, eh jebul kancane lunga. Janjian dolane batal, ora nganggo kabar-kabaran!”

Wong sing takon maring ibu-ibu kuwe mafhum. Janji kuwe klebu utang. Nek ora bisa ditepati, kudune ana permintaan maaf. Miturute, wong-wong sing sokane ngomong “ora kabeh pitakonan kudu ana jawabane” kuwe ora 100% bener. Lah, apa wong-wong kae pada klalen karo ujian sekolahan sing kudu dijawab kabeh?!

“Geh, mbok, pancen wong kae nggawe muntab! Apa ora melasi, sih, karo anake nyong? Wis, lah, nyong arep mbalik ming umah kancane anake nyong. Arep ta omehi!”

“Ngko disit, Bu, ngko disit,” jawabe penumpang sing mau, “Siki lagi ana virus corona varian baru. Apa ora eman-eman mempertaruhkan awake dewek mung nggo kesuh tok?”

Ibu-ibu kuwe dadi mikir. Atine setuju karo penumpang kuwe, banjur emosine mandan reda. Mandan tok, ya, m-a-n-d-a-n. Deweke sih asline isih judeg soale kancane anake kuwe wis nggawe anake getun.

Anake sing ket mau meneng kuwe ya pancen getun. Getun banget, malah. Lah wong wis siap-siap ket suwe, wis ngenteni dina kiye teka, koh malah ora sida ketemu. Nanging, deweke uga kepikiran bab liyane: Nek janjiane ora dibatalna sepihak, kayane deweke ora bakal weruh nek ibune se-ora-rela kuwe ndeleng deweke dadi sad girl.

Samidi sing dadi narator cerita kiye banjur nambahi kesimpulan:

“Sing komen ‘Alah, jenenge bae bocah cilik, urung serius-serius banget guli janjian’ ta kepruki keneh. Ujar-ujare bocah cilik ora ulih getun apa?”

WACANEN Beda Cara Mangan Mendoan, Beda Artine: Kowe sing Endi? karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version