Sakjane Potong Tumpeng saka Pucuke kuwi Ora Ilok, Nanging Dadi Kebiasaan

Sakjane Potong Tumpeng saka Pucuke kuwi Ora Ilok, Nanging Dadi Kebiasaan

Sakjane Potong Tumpeng saka Pucuke kuwi Ora Ilok, Nanging Dadi Kebiasaan

MOJOK.CO Akeh sing urung sadhar yen potong tumpeng saka pucuke kuwi kebiasaan sing salah kaprah lan justru medhot keberkahane Gusti maring manungsa.

Ora akeh wong enom saiki sing nganggep yen sega tumpeng kuwi panganan sing sakral lan akeh simbol-simbole. Umume nganggep manawa tumpeng kuwi kue tart versi sega kuning sing bentuke kerucut.

Saiki, tumpeng wis dadi simbol nasional kanggo syukuran. Ora winates mung rasa syukur ing wong Jawa wae, nanging suku liya ing Indonesia sing nganakake acara syukuran kanthi nganggo tumpengan lan kalebu acara potong tumpeng. Soko ulang taun, selametan kanggo prestasi, nganti munggahing jabatan kabeh nggunakake tumpeng.

Migrasi wong Jawa menyang luar Jawa uga nyebabake nyebare tumpeng menyang kabeh propinsi ing Indonesia.  Kayane, ning saben kantor pemerintah mesthi ana paling ora salah siji pejabat sing saka suku Jawa, lan paling ora ana siji utawa rong kesempatan acara sing nganggo potong tumpeng.

Tumpeng ning sanjabane tradisi Jawa uga katon mung siji jenis: bentuk kerucut karo bentuk undakan kerucut, sing diubengi macem-macem lawuh. Saking populere tumpeng, kanggo ulang taun bocah uga ana tumpeng sing bentuke niru mobil, omah, lan uga boneka. Ora sadar, tumpeng wis dadi bageyan saka budaya pop.

Sakdurunge mbahas babagan salah kaprah potong tumpeng, kanca-kanca sekaliyan kudu ngerteni yen tumpeng duweni macem-macem bentuk, warna, uga lawuh. Saben lawuh sakjane ana maknane dewe-dewe, sing ora bisa dipisahake saka simbol nggawe tumpeng iku dewe.

Ana lima jenis tumpeng sing paling akeh digawe ning masyarakat, kalebu tumpeng punar sing biasa dinggo ulang tahun lan slametan. Banjur ana tumpeng robyong sing ana ing acara ngunduh mantu utawa athuk omah, bedane tumpeng iki nduweni biting sing bakal dibungkus kain lan diobong.

Bedo meneh yen ngomongke tumpeng megana sing nganggo sego putih lan biasa ana ing acara kelahiran, ana tumpeng pungkur kanggo kesripahan, lan uga tumpeng mitoni ning acara selametan ngandhut pitung wulan.

Yen ana tumpeng, banjur uga ana acara potong tumpeng. Yaiku ngethok pucuke tumpeng, sing diwenehake kanggo wong sing dihormati. Koyodhene ora lengkap yen ana tumpeng nanging ora dipotong pucuke. Seprene akeh acara resmi sing simbole nganggo tradisi potong tumpeng. Padahal, ngethok pucuke tumpeng malah tradisi salah kaprah sing ora akeh wong ngerteni.

Nyatane, miturut Prof Dr.  Ir Murdijati Gardjito, Guru Besar Ilmu Teknologi lan Pangan Universitas Gadjah Mada (UGM), cara mangan tumpeng sing bener kuwi bareng-bareng ngeruk tumpeng soko ngisor, soko pinggir banjur nengah. Nganti mengko pucuke tumpeng mudhun kanthi alon. Iki diarani manunggaling kawula kaliyan Gusti, tegese perpaduan manungsa karo Gusti Allah utawa bisa diartikake minangka berkah manungsa.

Banjur, ngapa tradisi mangan tumpeng kuwi mau malih dadi ngethok/potong tumpeng? Sawise aku kelingan, acara ‘potong tumpeng’ lagi ana ing jaman Orde Baru. Saben wektu ana woro-woro resmi negara, bakal ana tumpeng ning kono. Banjur protokoler wektu kui bakal ngethok tumpeng kanggo diserahake menyang wong sing dihormati ing wektu kuwi.  Eyang putriku kerasa sedih saben weruh acara potong tumpeng.

“Ora ilok, aja ditiru!,” ujare.

Acara potong tumpeng iki terus-terusan disiyarake dening TVRI, minangka siji-sijine stasiun tivi ing jaman Orde Baru. Banjur bisa dibedhek, masyarakat bakalan niru. Utamane generasi enom sing kurang ngerteni simbol lan tradhisi.

Nalika mratelakake panemuku babagan cara mangan tumpeng ning Twitter, akeh netizen sing kaget. Umume wong generasi milenial.

Sing gawe bungah yaiku, umume pada nganggep cara ‘mangan tumpeng saka ngisor’ iki minangka kawruh anyar, lan dheweke pengin nyoba. Sanajan ana uga sing menehi komentar yen ora ana aturan tetep sing mbutuhake mangan saka arah tartamtu.

Njur, apa carane dewe mangan tumpeng kuwi salah? Wangsulane yaiku bisa iya, bisa ora. Amarga saiki tumpeng wis malih dadi budaya pop, mulane awake dewe kudu luwih maklum umpamane akeh yen durung ngerti makna lan simbol ning jerone tumpeng. Nanging, amarga tumpeng kasebut minangka warisan sing luhur, lan saben warisan luhur kuwi duwe tata cara, ora ana salahe yen awake dewe nggunakake cara sing bener.

BACA JUGA Aja Mbok Kira Dadi Anake Wong Tani kuwi Sengsara atau artikel lainnya di RERASAN.

Exit mobile version