Lord Didi Kempot, Pahlawan Kawula Ambyar

MOJOK.COLagu-lagune Didi Kempot ancen bener-bener ngewakili kaum kawula ambyar. Tapi ora mung iku, lirik lagune ya turut ngelestarikna basa Jawa.

”Kaya ngene rasane wong nandhang kangen. Rina wengi neng ati rasane peteng. Tansah kelingan, kepengin nyawang. Sedela wae uwis emoh tenan. Cidra janji tegane kowe ngapusi. Nganti seprene suwene aku ngenteni. Nangis batinku, nggrantes uripku. Teles kebes netes eluh cendol dawet.”

Swara musik dangdut saka radhio iku keprungu banter. Lagu sing dinyanyekake Abah Lala saka MG 86 kang kondhang irama gedruge iku, ngelingake marang sesosok seniman Jawa kang misuwur dhuwur neng jagad per-campursari-an Indonesia.

”Pamer Bojo” judhul lagu mau. Lagu saka penyanyi klasik, nanging unik, nyentrik, lan mbois. The wan and onli, the bess in Java, the Godfather of Broken Heart, Dikem A.K.A Didi Kempot.

Ngomongke Didi Kempot ora bakal ana enteke. Apa maneh yen wis ngrembug babagan lagune. Rasa sedhih, kuciwa, ditinggal lunga pas lagi sayang-sayange, nyampur aduk dadi irama kang cocog nalika udan grimis. Nalika udan grimis, dina Rebo malem Kemis, jarene Didi Kempot, marai nangis yen kelingan awakmu Parangtritis. Eaaaa, MASOOOK PAK OKE.

Pancen yen ngomongke pedot tresna, kuciwa, lan ditinggal lunga, lagu-lagune Didi Kempot kuwi cocok bianget. Lagu-lagu iku bisa dadi kaca uripe cah-cah enom.

Sing gawe unik, basa sing dianggo neng lagu-lagune. Didi Kempot tetep konsisten nganggo basa Jawa. Basa daerah ing nyatane bisa uga ngungkapake rasa tresna lan kuciwa lumantar lagu-lagu hits. Lan gawe lagu-lagune tetep asyik dirungokake.

Sebut wae ”Cidra”, ”Sewu Kutha”, ”Tanjung Mas Ninggal Janji”, isine babagan ati sing potek. Cidra ditinggal lunga, banjur digoleki nganti sewu kutha tekan Tanjung Mas, kesel terus ngenteni janjine sing bakal bali. Wis kaya musafir cinta.

Perkara musafir, Didi Kempot iku pancen musafir. Musafir sing kreatif. Saka olah pikire, kenangan lan perjalanan dadi syair. Syair jero kang bisa gawe ati deg-deg ser.

Disebut musafir kreatif amarga pancen Didi Kempot seneng plesir ngliwati dalan-dalan anyar. Saka Stasiun Balapan, Terminal Tirtonadi neng Kutha Solo, menyang Pantai Klayar lan panggonan liyane. Mungkin kanggone wong biyasa, lunga plesir ya mung plesiran. Nanging beda karo Didi Kempot. Panggonan-panggonan mau dadi sumber ide kreatif gawe lagu. Buktine akeh lagune sing judhule nuduhake panggonan, khususe neng tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur.

Lagu-lagu Didi Kempot kuwi unik. Syaire gampang ditampa sapa bae. Saka sing wong dalan nganti dasinan. Saka wong sing urakan nganti wong berpendhidhikan. Kabeh bisa nampa lagune.

Malahan, saiki ana fenomena. Didi Kempot trending. Akeh cah enom sing seneng lagu-lagune. Bocah-bocah enom nganti gawe fanbase Didi Kempot. Dudu Kempoters sebutane. Bocah-bocah iku luwih seneng diarani Sadboys lan Sadgirl. Malah ana maneh sing ngumpul dadi Sobat Ambyar.

Sadboys, Sadgirl, lan Sobat Ambyar dadi bukti yen lagune Didi Kempot bisa ditampa bocah. Embuh bocah-bocah mau mung latah. Apa pancen bocah-bocah mau pancen seneng tenan, iku durung bisa dibuktekake. Sing genah, anane fanbase mau wis dadi bukti yen lagu basa Jawa bisa uga narik kawigaten bocah-bocah enom sing wis bacut raket karo musik band-band-an.

Anane Sadboys, Sadgirl, lan Sobat Ambyar iki apa mung fenomena? Apa pancen cah-cah enom, khususe neng Jawa, seneng marang basa Jawa? Iku perlu diteliti maneh. Yen pancen padha seneng marang basa Jawane, bagus. Tegese, basa Jawa tetep bakal lestari amarga pelaku tuturane isih akeh, mudheng, lan gelem nganggo.

Bisa uga bocah-bocah mau wis bosen karo musik nasional sing lagi angslup. Angslup ateges wis ora keprungu, kalah karo acara dangdut. Kajaba, musik-musik indie sing gerakane luwih fleksibel. Yen merga iki, bisa macu band-band top nasional kanggo gawe karya sing luwih jos, supaya industri musik nasional rame maneh. Apa ya, kudu digawakke OM sik ben lagune terkenal?

Alesan pungkasan ngapa bocah-bocah milenial saiki seneng lagune Didi Kempot iku, ya pancen bocah Indonesia kuwi atine padha ambyar. Ambyar merga tresna. Kuciwa ditinggal, nunggu tanpa kepastian, diselingkuhi. Lan kabeh perkara yang-yangan kang wis lumrah ing kahanan jaman saiki. Jelas, iku cocog banget karo lagu-lagune Didi Kempot. Akhire, dianggep dadi hero sing makili perasaan bocah-bocah mau.

Bocah-bocah kang wis akrab karo perkembangan teknologi banjur nyebar virus kempotisme. Malahan ana sing nganti trending neng twitter. Ya, kanggoku kuwi apik. Sangsaya akeh cah enom sing seneng marang lagu-lagu basa daerah—ora kudu basa Jawa loh—sangsaya sugih khasanah musik Indonesia. Lan bisa dadikna basa daerah iku uga bakal bisa lestari.

Pungkasane aku mung arep titip pesen. Ambyar, ya ambyar. Remuk, ya remuk. Ning ya mbok Parangtritis, sing uwis, ya uwis.

Exit mobile version