Bocah Desa Lulusan SMK Ora Bakal Isa Sugih

pungli sekolah mojok.co

Ilustrasi sekolah SMK. (Mojok.co)

MOJOK.COWong desa sing pengin sekolah, biasane wong tuwane kudu ngedol sawah. Jarene, sekolah sing paling gampang balik modal, cuma dadi lulusan SMK.

Siki desa kuwe wis akeh sing beda. Ora kaya mbiyen maning. Ibarate mbiyen lemah ireng, siki lemah putih. Drastis banget bedane. Termasuk kanggo lemah sawah. Rega lemahe larang-larang. Tanggane nyong wingi baen tuku sawah sing maune seubin kur etungan atusan ewu, siki regane ngantek juta-jutaan. Sing kaya  kuwe, wong sing duwe sawah ya kur wong kang sugih banda, tok.

Mergane rega sawah kuwe larang, akeh wong desa jaman siki padha ora duwe sawah. Padahal sejatine wong desa uripe ya kat nandur pari nang sawah. Janjane, mbiyen wong desa sing ora duwe sawah mau duwe sawah tapi ya cilik-cilikan. Nek kanggo mangan saben dinane yang cukup, ora mawia tuku nang pasar.

Tapine merga peraturan ket pemerintah siki wong kudu nyekolahna anake ngantek-ngantek 12 taun. Padahal biaya kanggo sekolah kuwe larang, dadi sawahe pada diadoli meng wong liyane, kanggo modal bocah sekolah.

Biasane, wong-wong desa kuwe bakalan nyekolahna anake meng STM. Nek siki jenenge SMK alias Sekolah Menengah Kejuruan. Jerene sih nek sekolah terus lulus kat SMK kuwe bisa langsung golet kerja. Beda karo SMA sing kudu kuliah disit.

Pikirane wong-wong desa sih nek SMA kuwe gawe bocah dadi pinter iya, nanging sugih ora. Apa maning jere nek wong pinter kuwe ora apik. Dadi gawe keminter, nek ora ya kepinterane bisa kanggo minteri wong liya. Karepe sih nek sekolah langsung bisa kerja kuwe bisa balikna modal. Sukur-sukur nek duite dadi akeh lewih-lewih terus sugih. Dadi uripe bisa seneng. Ora sengsara nang dunia.

Tapi apa iya, wong desa ngedol sawah kanggo modali anak men bisa sekolah nang SMK kuwe regane seimbang? Terus apa iya, bisa gawe sugih?

Sing jerene bar lulus SMK bisa langsung kerja, kuwe bener, Lur! buktine tanggane nyong anake sekolah nang SMK. Malah seurunge perpisahan wis mangkat meng pabrik otomotip Cikarang, kanggo training 3 wulan—tapi wis dietung kerja. Pas dikabari kaya kuwe, tanggane nyong atine bungah. Ora sia-sia ngadol sawah 50 ubin kanggo modali sekolah anake neng SMK karo tuku motor nggo tumpakan anake aben dina nek mangkat sekolah.

Bar training 3 wulan, terus dikontrak ngantek setaun. Kerjane lancar, ya gajine nek aben wulan dikirim meng bapak ibune. Seurunge setaun malah bisa tuku motor anyar lunas, ora karo kredit.

Setaun kerja rampung, bocahe mau diperpanjang maning setaun. Terus bisa tuku barang-barang sing nyong anggep ya mewah-mewah tur larang. Nyong kur bisa gedek-gedek. Kerja 2 taun apa iya wis dadi konglomerat apa bos ngonoh? Sawangane maen~

Tapi jebule, bar kuwe kontrake ntek. Duit kerjane ntek nggo tuku barang-barang sing ora perlu. Terus, bukane gampang maning golet kerja, jebule kudu muter-muter ngantuk mabur nang langit kepitu, ya ora ulih kerja maning.

Janjane, nek umur ya esih nyukup baen, tapi persaingane kenceng banget. Duit pesangone ntek tapi ora keton kasile. Bar kuwe, wonge malah dadi tukang bangunan. Sekolah duwur-duwur ngantek SMK dadi tukang manggul semen karo nggawani ember adukan pasir. Nasib pancen wis ana sing ngatur.

Akeh lulusan SMK siki malah dadi bakul pitik lehor alias daging pitik potong nang pasar. Padahal, wonge maune sekolah jurusan Teknik Mesin. Wah, sangar, mbok. Tapi ya, kok ora ana sambungane ket jurusane teknik mesin karo pegaweane dodolan pitik lehor nang pasar. Apa iya, wonge dadi teknik mesin potong ayam? Ya, kan, madan ngawur~

Jebule pas tek takoni, mbiyen jamane esih mandan enom, wonge ya pernah kerja nang pabrik. Sisteme kontrak perpanjang ngantek 2 taun, bar kuwe ora diperpanjang. Pas kuwe, wonge umure esih 19 taun. Dikontrak 2 taun berarti pas metu umure 21 taun.

Pas kerja, nek gajian duite jarang sing ditabung, tapi dienggo tuku barang-barang ora perlu utawa dolan-dolan. Kontrake rampung duite ntek ora ana bekase. Terus pas golet maning ya pada baen kontrak terus ora pernah diangkat dadi karyawan.

Pabrik biasane ncen goleti sing esih enom-enom. Awake esih seger, wetenge esih rata, anune esih kenceng. Otote maksude, Lur. Aja ngeres. Nah pas umur 26 taun, jebule ora bisa maning kerja nang pabrik. Ya wis duite ntek, modal bapak ibune orang mbalik. Ora ana bekase blas.

Lah terus jane cah desa lulusane SMK ngapa dimodali ngantek ngadol sawah nek ujunge kur nganggur, nek ora dodolan pitik lehor?

Ya mbok melas bapak ibune nek anake kur kanggo nang pabrik pirang taun, tok. Kaya asem Jawa, nek esih ana rasane ya diemut, tapi nek wis sepet dibuang. Ngono kuwe ya marekna bapak ibune rambute putih-putih merga uwanen. Nek botak kue mergane kakehan mikir.

Ngono kuwe, boro-boro sugih. Esih bisa tuku motor siji baen wis beja, Lur. Lah, terus apa iya lulusan SMK temenan ora bisa sugih? Janjane sih, sugih kuwe tinggal karep usaha apa ora, karo kabejanane bocahe. Tapi, nek sekolah 12 taun baen esih dadi wong cilik, jane sing salah apane, jal?

Sak ngertine nyong, anane wajib sekolah ngantek 12 taun kudu dibeneri logikane. Pemerintah sejatine ora ulih mung ndadikna lulusan SMK sing siap dienggo seakeh-akehen, tapi kegunaane kopong alias kosong. Sekolah 12 tahun, kudune tujuane bisa dibenerna kanggo meningkatkan kemampuane bocah-bocah kabeh.

Dadi pas lulus orang mung dadi kuli pabrik, tapi ya karo dadikna lulusan sing kang mandiri. Orang mung golet kerja, tapi gawe kerjaan anyar. Dadi, ora ana sing ora mungkin nek lulusan SMK bisa sugih.

Tapi ya mbuh, sugih sing dimaksud kuwe kaya apa. Mudah-mudahan ora mung sugih banda, tapi sugih ati mbarang. Ben nek wis sugih ora dadi politisi sing doyan duit rakyate.

Exit mobile version