• 488
    Shares

MOJOK.COLunture aksara Jawa dhewe kuwi akeh faktore. Wiwit uwis ora ana maneh kraton kang minangka tuk sumbering kabudayan nganti negara sing ora ngreken. Sing penting rakyat Indonesia ora buta huruf latin.

Tanggal 14 Maret 1948, jroning kahanan negara kang durung tumata awit isih ana Landa kang bakal ngrebut Indonesia maneh, Bung Karno gawe ada-ada program PBH (Pemberantasan Buta Huruf). Jaman semana ‘Bung Besar’ paring dhawuh, “Bukan saja kita menang di medan perang, tetapi juga dalam hal memberantas buta huruf kita.” Kurang luwih mangkono ada-ada kang ditibakake Bung Karno. Jaman semana, isih arang wong kang isa maca nulis latin.

Beda biyen, beda uga saiki. Yen biyen akeh wong sing ora bisa maca lan nulis latin, saiki—71 tahun saka bibit kawite program mau dianakake—wis meh kabeh bisa maca lan nulis latin. Dene biyen akeh wong kang bisa maca lan nulis jawa, saiki malah klebu rada angel golek wong kang wasis maca lan nulis nganggo aksara Jawa. Kuwi mau jebul ya ora neng Jawa thok, nanging ing laladan liya-liyane ya kedadean kang padha. Nanging apa wani lan apa bisa pemerintah ngarani rakyate kang ora bisa maca lan nulis aksarane dhewe kuwi uga klebu buta huruf?

Yen dirunut saka etimologine, aksara kuwi saka basa Sanskerta ‘a’ tegese ora lan ‘ksar’ kan tegese lebur/ilang. Dadi kurang luwih tegese ‘kang ora ilang’ utawa cara gampange ‘abadi’. Kurang luwih mangkono yen nonton sifate aksara wiwit Dewanagari, Pallawa, Kawi (Jawa Kuna), Jawa sing silabel, yaiku aksara ora bakal mati yen ngadeg dhewe, tegese kudu dipangku.

Biyen aksara-aksara sing wis disebutake, minangka ‘huruf resmi’ sawijining negara. Wong nusantara dhewe, khususe Jawa biyene ora duwe aksara. Banjur kelebonan aksara Dewanagari (akeh kang nyebut Sanskerta, kamangka Sanskerta iku bahasane) kang disebarake dening para Brahmana kang nyebarake agama Hindhu lan Buddha jaman semana. Kena ngapa wong jaman biyen kok kudu bisa Dewanagari, mbokmenawa wangsulane ora beda karo kena ngapa wong Islam kudu bisa huruf hijaiyah? Para maos bisa aweh wangsulan dhewe.

Saka Dewanagari banjur mudhun, kena owah-owahan banjur dadi Pallawa. Saka Pallawa ana owah-owahan maneh banjur dadi aksara Jawa Kuna utawa Kawi, utawa Mbah Bei Ranggawarsita nyebut aksara Buda (mbokmenawa amarga biyen sing ngenggo aksara iki kraton-kraton Hindhu-Buddha). Ya aksara iki sing biyen nate nge-hits ing jamane.

Baca juga:  Kata Siapa Panggilan Mbak Bermakna Rendahan?

Aksarane Jawa Kuna basane uga disebut Jawa Kuna. Aksara iki muncul sepisanan ing abad VIII Masehi. Akeh banget karya sastra Jawa kang digawe nganggo aksara lan basa iki. Banjur ana owah-owahan maneh. Aksara Jawa Kuna kang biyen nate me-nasional kuwi owah maneh. Ana kang dadi aksara Bali, Jawa, Sunda, Kaganga, Batak, Lontara lan liya-liyane.

Jaman biyen nalikane isih ana kraton kang minangka sumbere kabudayan, aksara iki isih tansah lestari. Aksara isih kanggo nulis sawenehing serat, layang, pikukuh, piwulang lan liya-liyane. Jaman semana serat-serat piwulang kayadene Wedhatama, Wulangreh akeh banget disalin.

Tujuane apa? Ya kanggo sinau. Sinau apa? Sinau urip. Iya, wong jaman biyen luwih percaya dhawuh wewarahe Ratu lan pujangga kraton. Mula uga ora nggumun yen padha apal Kalatidha, Wulangreh, Wedhatama lan serat-serat liyane.

Emane kuwi wis ora lumaku maneh saiki. Yen saiki pengin sinau urip, ya ngaji. Yen perlu mondhok. Utawa ndelok ustad-ustad yutub sing enom-enom lan sing lagi ngehits-ngehits kuwi.

Saya rene, aksara dhaerah (coba ngomongke Jawa wae ya) nyelot ora dinggep. Wis dianggep barang sing kuna, sing wis bulak. Wong tuwa jaman saiki luwih isin yen anake ora isa maca lan nulis latin lan Arab, tinimbang maca lan nulis Jawa.

Kamangka yen digagas, latin lan Arab kuwi rak barang impor, yen aksara Jawa senajan ta mula bukane ya impor nanging wis nglakoni owah-owahan kang dicocokake karo wong Jawa dhewe. Kaya ngono kok isih bengok-bengok, “Cintai produk dalam negeri.” Halah, mbelgedhes!

Yen digagas-gagas, lunture aksara Jawa dhewe kuwi akeh faktore. Wiwit uwis ora ana maneh kraton kang minangka tuk sumbering kabudayan. Tegese ora ana maneh peraturan aksara Jawa kuwi aksara resmine wong Jawa. Negara uga ora ngreken: mati karepmu, ora ya karepmu. Sing penting rakyat Indonesia ora buta huruf latin.

Isih ana maneh, saka wong Jawane dhewe. Lha sing iki jane sing duwe andil gedhe. Aksara Jawa sasuwene iki malah dianggep kaya dene wit gedhe kang kudu dikutugi menyan saben malem Jemah kanggo golek nomer togel. Saiki akeh banget wong Jawa muk nguber filosofine aksara Jawa. Ngaku ditemoni Aji Saka. Hadhuuuuuhhh, mbok uwis. Aksara Jawa kuwi ora mungkin dadi mung sedina jleg. Aksara Jawa kuwi dawa lelakone, kaya sing wis dicritakake neng dhuwur.

Baca juga:  Manuk Pleci lan Alat-e Wong Jowo Kanggo Njaga Lingkungan

Lha sing kaya ngene iki jane malah sing ndadekake cah enom jaman saiki dha wegah sinau aksara Jawa. Merga apa, saiki iki jamane wis owah. Wis ora jamane klenik sing ngono-ngono kuwi. Wis ora wancine othak athik gathuk mathuk kang kebak ngayawara. Saiki wong-wong kuwi percayane karo sing ilmiah, sing akademis. Ya, merga kuwi cah saiki malih isin sinau aksarane dhewe.

Lha yen pengen ngrembaka maneh (pesen iki katujokake kanggo panjenengan ingkang minulya, ingkang tansah mburu filosofi aksara Jawa, ngantos njenengan supe kadospundi cara amrih tiyang jaman sapunika tresna dhateng aksara Jawa) ayo rembugan bareng. Ora sing tuwa thok, sing enom barang. Wong bakale sukmben kuwi sing nerusake ya sing enom. Tur sing enom kuwi sing ngerti medan, sing tuwa sing duwe pengalaman.

Kepriye ta jane supayane aksarane dhewe iki nge-hits maneh. Yen perlu, piye carane uwong sing ra isa maca nulis aksarane dhewe kuwi isin. Utawa piye carane cah saiki rumangsa keren yen bisa maca nulis aksarane dhewe. Apa kudu majibake sekolah, sing ora isa maca nulis aksara Jawa ora bakal dilulusake! Iki mung mbokmenawa lo, ya~

Pamrihe apa ta? Jaman semana Bung Karno kepengin mbrastha buta huruf, ora kok menggerakkan penjajahan huruf. Lak iya ta? Wong nyatane saiki meh kabeh isa maca nulis latin, sing Islam ya dha isa maca Arab. Ning sing Jawa kok ra isa maca akasarane dhewe.

Yen diterus-teruske kuwi padha wae karo nyuntik mati aksara Jawa. Lha yen wis disuntik mati efeke kanggo wong Jawa apa? Ngene ya, Dul! Kabeh dokumene mbah-mbahe awake dhewe kuwi ditulis nganggo aksara-aksara kuwi. Yen awake dhewe ora isa maca. Awake dhewe ora isa mangerteni kabudayane dhewe, ya awake dhewe ora bakal isa sinau karo mbah-mbah biyen. Yen ora isa sinau, padha wae awake dhewe iki nyuntik mati awake dhewe. Bunuh diri, Cuk! Ngga, digalih sesarengan.

  • 488
    Shares


Loading...



No more articles