Reshuffle Kabinet, Aja-aja Jokowi Terinspirasi sekang Gajah Mada?

Reshuffle Kabinet, Aja-aja Jokowi Terinspirasi sekang Gajah Mada? MOJOK.CO

Reshuffle Kabinet, Aja-aja Jokowi Terinspirasi sekang Gajah Mada? MOJOK.CO

MOJOK.COJokowi kayak Gajah Mada. Gajah Mada menyatukan Nusantara, siki Jokowi menyatukan pasangan calon nomor siji karo nomor loro.

Presiden Jokowi reshuffle kabinet. Ana menteri-menteri sing ora lanjut masa kerjane, tur diganti karo wong liya. Salah siji menteri anyar sing nembe bae ditunjuk yaiku Budi Gunadi Sadikin sebagai Menteri Kesehatan, ngganteni Pak Terawan.

Kinerja Pak Terawan dadi Menkes pancen sering dikritik wong-wong. Najwa Shihab nganti tau nggawe episode wawancara karo kursi kosong. Ceritane, deweke lagi ngobrol karo Pak Terawan tapi Pak Terawane ora teka. Padahal, bisa bae Pak Terawan ora teka soale diundange bengi-bengi, udu pas isih awan jam rolas, misale. Nek bengi kan jenenge dadi Pak Ter-bengi, langka Pak Ter-awan maning.

Hehehe. Guyon, ya, Pak.

Menkes anyar Budi Gunadi Sadikin jebul uga nggawe pro-kontra. Sebabe apa? Sebab, latar belakang deweke Fisika Nuklir, alias ora ana hubungane blas karo dunia kesehatan. Pak Budi mbiyen kuliah jurusan Fisika Nuklir, banjur kerja nang dunia keuangan. Kerja nang asuransi lan perbankan, Pak Budi wis moncer.

Deweke ya tau dadi direktur nang Bank Mandiri. Pak Budi uga tau dadi direktur nang Inalum sing klebu nang holding BUMN tambang. Sepisan maning, netizen ribut dewek: Apa hubungane karo dunia kesehatan?

Nek dipikir-pikir, pertanyaan netizen kiye pancen lucu tur nyengiti. Apa iya, sih, kabeh-kabeh kuwe kudu ana hubungan karo latar belakange seseorang?

Menkes udu dokter, diprotes. Padahal, dewek ya tau duwe Menkes sing dokter, tapi ujung-ujunge be di-reshuffle. Menkes Budi Sadikin mbiyen kerja nang bank, diprotes. Padahal, wong-wong sing kerja nang bank kuwe akeh uga sing sekang jurusan selain keuangan. Kancane nyong jurusan Peternakan pengin kerja nang bank, apa iya deweke diomahi karo HRD sebab jurusane ora nyambung? Ya ora!

Pak Jokowi mbiyen kuliah jurusan Kehutanan. Bayangna bae, apa hubungane Kehutanan karo dadi Presiden sing kudu kuwat ngadepi demo, protes, karo hoaks saben dina? Tapi ya meski ora nyambung, Jokowi malah dadi Presiden Indonesia, rong periode! Kowe-kowe pada mbok sing milih?

Wali Kota Surabaya, Tri Rismaharini, diangkat dadi Menteri Sosial. Sawise penunjukane, netizen heboh maning merga ana sing ora seneng karo keputusane Bu Risma enem taun kepungkur: “nggusur” lokalisasi Dolly.

Lokalisasi Dolly pancen melibatkan hajat wong akeh. Iku sebabe ana sing berpendapat penutupan Dolly udu langkah sing tepat. Nanging, pendapat kiye dibales karo wong asli Surabaya nang media sosial. Penutupan lokalisasi Dolly dilengkapi karo kursus lan pembinaan. Prinsipe Bu Risma kayane sederhana, tur ngena: Nek bisa open UMKM, kenangapa kudu open BO? Nek bisa nonton film Finding Dory, kenangapa kudu nggawe rencana Finding Dolly?

Tri Rismaharini ngganteni Mantan Mensos Juliari sing kena kasus korupsi, pada bae karo Mantan Menteri Kelautan dan Perikanan, Edhy Prabowo. Sedurunge ana Sakti Wahyu Trenggono, sing ditunjuk Jokowi dadi Menteri Kelautan dan Perikanan sementara nggo ngganteni Edhy Prabowo yaiku Luhut Binsar Panjaitan, Menko Bidang Kemaritiman. Netizen ribut maning, pada gumun karo Pak Luhut sing multitalenta.

Untung bae pas Mantan Mensos Juliari ketangkep korupsi, Pak Luhut ora ditunjuk maning karo Jokowi. Bisa-bisa ngko Raffi Ahmad minder. Deweke kan bisa nyanyi, bisa akting, bisa nge-host, nanging ora bisa dadi menteri, rangkap jabatan maning!

Ora kur Muhammad Lutfi karo Yaqut Cholil Qoumas sing disebut namane nang periode reshuffle kiye (dadi Menteri Perdagangan karo Menteri Agama), jenenge Sandiaga Uno uga muncul. Deweke ditunjuk Jokowi dadi Menteri Pariwisata, ngganteni Wishnutama.

Akeh wong sing ora ngerti kenangapa Pak Wishnutama di-reshuffle. Aja-aja merga wong-wong wis selak umub karo Net TV soale ora nayangna serial sing apik-apik maning, kayak The East utawa Tetangga Masa Gitu?

Mbuh apa sebabe, sing jelas reshuffle Wishnutama kiye kebetulan kelakon bar Awkarin putus karo anak sulunge Wishnutama, Sabian. Bisa bae kiye tanda sekang alam semesta nek Wishnutama karo Sabian kudu healing bareng-bareng, nggo ngikhlasna apa sing ilang.

Ya kepriwe maning, jabatan karo pacar kan sifate duniawi. Kudu ikhlas nek sewektu-wektu dijiot Gusti Allah. Aseeeek~

Nanging, sing luwih epic, penunjukan Sandiaga Uno kiye kayak dadi momen bersatune Jokowi, Ma’ruf Amin, Prabowo, lan Sandiaga Uno kuwe mau nang pemerintahan. Padahal, taun wingi dewek lagi fanwar antara Cebong karo Kampret nganti berdarah-darah.

Ana sing nganti sindir-sindiran nang status Facebook, block-block-an nang Instagram, tur dadi benci banget karo kubu lawan. Pokoke, nek ora Jokowi, ora! (kata Cebong), nek ora Prabowo, ora! (kata Kampret).

Lah, siki?

Jokowi, ibarate, kayak terinspirasi sekang Gajah Mada. Nek mbiyen Gajah Mada pengin menyatukan Nusantara, siki Jokowi menyatukan pasangan calon nomor siji karo nomor loro. Nek miturut sejarah, sih, Gajah Mada ora berhasil. Tapi, Jokowi?

Muga-muga bae berhasil. Kiye wajib kowe amin-i, merga nggo kepentingan negarane dewek, Indonesia.

WACANEN Bahayane Tangi Kerainan nang Masa Pandemi Korona karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version