Member JKT48 lan Fans Dekisugi Mestine Ngerungokna Lagu-lagune Nadin Amizah Men Ora Sengitan karo Dunya

Member JKT48 lan Fans Dekisugi Mestine Ngerungokna Lagu-lagune Nadin Amizah Men Ora Sengitan karo Dunya MOJOK.CO

Member JKT48 lan Fans Dekisugi Mestine Ngerungokna Lagu-lagune Nadin Amizah Men Ora Sengitan karo Dunya MOJOK.CO

MOJOK.CONanging, nek misale member JKT48 utawa Dekisugi jebul sedih temenan, sarane nyong sih sinau sekang Nadin Amizah.

JKT48 nembe ngumumna jeneng-jeneng member sing bakal graduate alias metu sekang grup per Februari. Alesane: pengurangan member, men member JKT48 kuwe mau bisa tetep bertahan nang industri musik nang tengah pandemi. Sebagai penggemar, atine nyong keju ndeleng 26 jeneng member nang pengumuman. Akeh banget!

Nek mbiyen wong-wong ngirane JKT48 kuwe nduwe 48 member (padahal asline luwih akeh), siki malah anggotane bakal ora nganthi 48. Member sing tersisa gur 33 tok, wis kayak jumlah murid sekelas nang sekolahan.

Nanging, ya, keputusan kiye kudu tetep dijiot demi pertimbangan manajemen. Daripada ngko JKT48 bubar kabeh, mending ana sing metu; kurang lebih kayak kuwe prinsip JKT48, walaupun banjur netizen pada nyenyamah.

Ngomong-ngomong netizen, kayane tah pancen langka artis utawa tokoh sing bisa nggawe netizen ayem. Minimal, ana siji-loro netizen sing bakal ngoordinir kebencian nggo si tokoh kuwe. Udu mung manajemen member JKT48 bae sing diomahi netizen, Nobita, Shizuka, lan Dekisugi uga bar “dirujak” netizen.

Teaser lan foto-foto sekang adegan film Stand By Me Doraemon 2 wis muncul pirang-pirang dina kiye. Ora tanggung-tanggung, foto sing kesebar kuwe foto rabine Nobita karo Shizuka. Ora pada kesuh amarga entuk spoiler, netizen malah kesenengen amarga pasangan favorite akhire rabi temenan.

Nanging, ana sing penasaran karo foto rabine: Deneng langka Dekisugi nang kana? Pitakonan kiye nggawe imajinasine netizen meng endi-endi. Apa aja-aja Dekisugi sing moto? Apa Dekisugi lagi njagong nang pinggiran, mikirna ide nggawe video TikTok sing temane “teka meng nikahane mantan”? Apa malah Dekisugi milih ora teka soale wedi atine lara ndeleng Shizuka rabi karo Nobita?

Netizen uga heran, kenangapa Shizuka malah milih Nobita, udu Dekisugi? Dekisugi kan ngganteng, apikan maning! Nobita sing cengeng tur sering dienyek amarga bijine nol kabeh dianggep ora sebanding karo Dekisugi. Shizuka uga dianggep ora patia selektif milih bojo.

Film Stand By Me Doraemon 2 jane ya urung rilis, nanging netizen wis seneng nggawe-nggawe asumsi. Mentang-mentang ngko ana adegan Nobita kabur sekang acara rabine karo Shizuka, wong-wong dadi pada menganalisis apa sing bakalan kedadean nang film.

Formula Nobita-Shizuka-Dekisugi kiye jan-jane pada bae karo apa sing dialami member JKT48. Daripada JKT48 bubar, mending ana sing metu. Daripada ngko ngubah cerita soal Sewashi (putune Nobita sing ngirim Doraemon nggo Nobita), mending Dekisugi digawe ora rabi karo Shizuka. Prinsip-prinsip kiye ketone pancen jahat lan ora adil. Nanging, sing ora kabeh wong ngerti, urung tentu sing ketone jahat kuwe temenan jahat.

Member-member JKT48 sing terpaksa graduate kuwe udu berarti member sing penggemare sitik utawa penampilane ora apik. Afiqah sing digadang-gadang dadi masa depane JKT48 bae be klebu nang daftar 26 member lan nggawe penggemar pada maknjegagig.

Nanging, ana studi nyebut nek 58 persen perempuan sing di-PHK bakal luwih tertarik nggolet gawean nang bidang sing berbeda sekang gawean sedurunge. Kiye kan kabar gembira nggo Afiqah lan kanca-kancane: ana 12.000 luwih profesi sing isa ditekuni selain dadi member JKT48. Apa maning, nang gawean anyare ngko ana kemungkinan besar nek kabeh member masing-masing bakal dikenali nganggo jenenge dewek-dewek lan ora ditakon-takoni maning “Nabilah sing endi? Melody sing endi?” karo wong-wong sing urung move on.

Dekisugi uga padha bae. Kenangapa wong-wong malah kecewa amarga Shizuka ora rabi karo Dekisugi sing ngganteng lan apikan? Padahal, bisa bae Dekisugi pancen ora pengen rabi karo Shizuka.

Iya, sih, Dekisugi karo Shizuka kuwe digambarna akrab banget lan sering ngobrol berduaan. Nanging, nang kehidupan nyata bae awake dewek wis ngerti hal sing paling penting: Sing apikan utawa sing ketone menjanjikan kuwe bisa bae dadi wong sing ora nggawe sreg nang ati.

Daripada sok-sokan cocok nanging ujung-ujunge ghosting, mending ora dilanjut bae. Buktine, Dekisugi akhire ya nduwe bojo dewek lan tetep kekancan karo Nobita lan Shizuka.

Akhire, nyong berharap member JKT48 sing arep graduate lan Dekisugi moga-moga atine senantiasa kuat. Mereka isa bae sedih, nanging sing jelas mereka dadi nduwe kesempatan luwih akeh nggo bisa nggawe atine seneng nang masa depan. Kiye udu perkara “ora pantes dipertahankan”, nanging mung perkara kesempatan sing pintune pindah nang tempat liyane.

Nanging, nek misale member JKT48 utawa Dekisugi jebul sedih temenan, sarane nyong sih sinau sekang Nadin Amizah. Soale, dalam keadaan sedih lan—sing sering deweke sebut-sebut—mentally unstable, Nadin malah berkarya nggawe lagu.

Lagune apik-apik, suarane apa maning. Khusus member JKT48 lan Dekisugi, kayane isa ngerungoke lagu sing judule Sorai, khususe bagian “Mungkin akhirnya tak jadi nikah sama Ssatu, namun bersorai pernah ngerjain PR bareng Shizuka bertemu” utawa lagu Bertaut, pas lirike “Bun, hidup berjalan seperti manajemen JKT48 bajingan.”

Nek wis akrab karo Nadin, ngko gentenan; Nadin isa sinau sekang member JKT48, misale dalam hal ngewehi pengertian karo fans alias klarifikasi nang media sosial nek ana sesuatu sing terjadi terkait member tersebut.

Soale, nang kasus wingi pas Nadin Amizah dikecam amarga ngomong “…orang miskin sibuk membenci dunia…” keton banget nek Nadin kesusu nanggepi omongan netizen nganthi jam 2 mbengi. Padahal, nek ngutip serial How I Met Your Mother, ana nasihat sing apik lan bener banget nggo Nadin Amizah: nothing good happens after 2 AM.

Padahal, carane sebagian member JKT48 (ora kabeh, loh, ya!) luwih simpel: Nek ana gosip utawa skandal, pertamane member terkait meneng-meneng bae nganthi fans pada penasaran kenangapa deweke ora muncul-muncul. Nah, pas sekaline muncul, muncule nang situs resmi JKT48 karo judul “Pengumuman Mengenai (nama member)”…

alias langsung mengundurkan diri. Huhu!

WACANEN Nyong Gumun Maring Polisi, Nggoleti Maling Motor Kesed Eram, Giliran Perkara Bokep Baen Cepet karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version