Carane Ibu-ibu Kompleks Ngerayakna Lungane Covid-19

Carane Ibu-ibu Kompleks Ngerayakna Lungane Covid-19 MOJOK.CO

Carane Ibu-ibu Kompleks Ngerayakna Lungane Covid-19 MOJOK.CO

MOJOK.CO Loh, emange korona wis lunga? Eits, ngko disit. Nyong arep cerita hal-hal liyane sedurunge bahas bab “lungane Covid-19”.

Muncule virus Covid-19 alias korona wis jelas-jelas nggawe uripe dewek susah tur acakadut. Sing maune mlebu kantor, rapat, nongkrong nganthi mbengi bisa dilakoni normal, siki dadi kewalikane. Wong-wong pada WFH (Work from Home) utawa—nek nang basane dewek—nyambut gawe nang umah bae. Enak ora? Enak, sih, tapi angel juga; lah wong enggane nyetrika klambi koh sempet-sempete disambi rapat mendadak nang aplikasi Zoom!

Nyong salah sijine wong sing kudu WFH sekang Maret 2020. Nek diitung tekan siki, total wis wolung bulan nyong ngetem nang umah, nggawe laporan nganggo daster, nggawe konten nggo urusan kantor bar ngumbahi klambi, tur tetep kudu sregep (njajal) bersosialisasi.

Sosialisasi, jebule, dadi poin sing lumayan penting nek awake dewek urip nang perumahan sing akeh tanggane. Minimal, rika kudu ngerti umah nang ngarepe rika kuwe sing nduwe jenenge sapa, sampinge rika sapa, plus aja klalen: nek kepethuk, awehi senyum sing paling ayu karo ngomong, “Monggo, Mbak….”

Nah, bar nyong rabi bulan Juli 2020, rabi pas Covid-19, nyong diboyong bojo ming perumahan nang Cilegon. Nyong wis siap-siap bersosialisasi ala pandemi Covid-19—alias bersosialisasi karo menjunjung tinggi protokol kesehatan. Ujarku, nek biasane ana kumpul-kumpul, siki kudu dikurangi. Apa maning, nang kompleks perumahan kuwe akeh bocah cilik. Kudu waspada.

Eh jebule…

…ora.

Dina pertama nang kompleks, nyong rajin banget ngeresiki umah. Pas lagi mbuka lawang karo siap-siap mangan jeruk bar nyapu, ijik-ijik ana bocah cilik mlebu teras; bocah sing umahe nang ngarepe nyong.

Deweke ndelengi jeruk.

“Gelem?”

Nyong takon. Bocah cilike manggut-manggut, terus njaluk jeruke.

Masalaeh, nyong kan bar teka Cilegon sekang luar kota. Kudune, nyong isolasi mandiri rong minggu disit. Lah kok kiye malah ana bocah cilik dolan ming umahe nyong?

Ora nganthi telung menit, bocah-bocah cilik liyane teka, nggoleti bocah cilik sing pertama. Ndeleng kancane lagi mangan jeruk nang umahe nyong, sing liyane pada melu. Mandan kikuk, akhire nyong nggoreng tempe nggo mangan bojone nyong, pas salah siji bocah ngomong, “Tante, aku sih sukanya tempe tepung!

Lah, request?!

Kekagetane nyong gara-gara ke-santuy-an ibu-ibu kompleks ndeleng anak-anake pada dolan nang umahe nyong padahal lagi pandemi Covid-19 jebul isih urung ana apa-apane. Suatu waktu, ana bapak-bapak sing lara nang kompleks, tur kudu dirawat inap nang umah sakit. Ibu-ibu kompleks ngomandoni wong-wong satu gang nggo iuran tuku panganan sing bakal digawa pas nengok.

Sapa sing arep nengok nang umah sakit? Ya ibu-ibu kompleks.

Pirang-pirang dina bar kuwe, nyong krungu kabar sing ngageti: wong sing lara kuwe jebul kena Covid-19. Se-gang geger. Aja-aja, wingi awake dewek ana kontak langsung pas nang umah sakit? Aja-aja dewek kudu di-swab test men ngerti melu positif apa ora?

Kompleks perumahane nyong, nggo beberapa saat, dadi mandan ayem. Wong-wong pada meneng nang umah, ora kumpul-kumpul maning saben sore. Lumayan! Nyong melu lega. Soale, biasane, saban sore gang umahe nyong wis kayak wong-wong lagi festival.

Jan, ora mitayani banget nek disebut “menjunjung tinggi protokol kesehatan”. Kayane, suwe-suwe, ibu-ibu kompleks (plus bapak-bapak lan anak-anake!) mulai sadar nek awake dewek kudu njaga kondisi tubuh lan waspada pas pandemi Covid-19.

Tapi, ngko disit. Bagian spektakulere sedela maning teka….

Pas nyong bar salat Magrib karo bojone, ana sing mbengok-mbengok nang ngarep umah. Pas dicek, jebule ana Power Rangers lagi tukaran karo monster dinosaurus!

Ora, ding. Nyong lombo.

Pas dicek, sing mbengok-mbengok kuwe salah siji tanggane nyong. Deweke nyeluki wong-wong sing nang umah men pada metu kabeh. Nyong mandan kaget, njur mikir aneh-aneh: aja-aja dewek kudu ngelawan monster dinosaurus temenan?

“Ayo, digawa mangkoke!”

Tanggane nyong mbengok maning. Nyong bengong karo mikir, lah deneng dikon nggawa mangkok? Nggo ngapa?

Merga isih kaget tur panik, nyong karo bojone nyong metu nggawa mangkok. Tangga-tangga liyane pada bae; pada metu karo nyekeli mangkok. Absurd pokoke.

Nang ujung gang, ana klasa digelar. Nang tengah-tengahe, ana panganan akeh banget: nasi, ayam, ikan, sop, krupuk, lan liya-liyane. Wong-wong pada klekaran nang klasa; pada siap-siap arep mangan.

Nyong isih bengong karo nggoleti monster dinosaurus, pas ijik-ijik ana ibu-ibu kompleks sing ngomong:

“Alhamdulillah, Bapak wis waras, wis seger. Ayo, ayo, kiye nasi karo ayame dipangan. Awake dewek lagi syukuran merga koronane wis lunga. Ayo, ayo, pada mangan!”

Mangkoke nyong dijiot salah siji ibu-ibu kompleks; jere arep diisi sop. Nyong wis manggut-manggut tok.

Nek protokol kesehatan duwe wujud kayak menungsa, kayane deweke wis nangis ndeleng acara kumpul-kumpul kayak kiye. Ironise, acara kumpul-kumpul kiye jebul nggo ngerayakna wong sing sembuh sekang Covid-19….

WACANEN Apa Pentinge Perkara Perawan Ora Perawan Sih? karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version