Kepengin Cerai tapi Bebeh Kencoten karo Melas Anakke

Kepengin Cerai tapi Bebeh Kencoten karo Melas Anakke MOJOK.CO

Kepengin Cerai tapi Bebeh Kencoten karo Melas Anakke MOJOK.CO

MOJOK.COOno kasus kancaku nembe sadar arep cerai wis ra duwe apa-apa. Ora bisa mbayar biaya patangatusan ewu nang pengadilan agama.

Selain berita corona, akun anonim sing “akeh lambene” rame posting perceraian. Artis sing ayu, sing rutin bolak-balik Indonesia-Malaysia gosipe arep cerai, pelawak sing maune poligami, eh, cerai. Terakhir aktipis corona sing maune ndarani tesih bujang kinyis-kinyis malah nembe dadi duda. Si nangapa?

Soale uwong-uwong kuwe uripe wis susah, dadi karepe sing dideleng sing apik-apik baen. Kanggo hiburan. Lha masa hiburan sedih. Udu hiburan jenenge, tapi nglayat wong kepaten.

Siji ganteng, siji ayu, anake lucu, umaeh gedong, duite akeh, ketone sugih. Kok bisa cerai? Netijen kuwe biasane ngimpi pasangan wong terkenal kudune sempurna, netijen meksa kudu hepi ending kaya nang drama Korea.

Rame-rame pada komen: rujuk baen lah, kapan balikan, melas anakke? Trus dadakan pada dadi da’i musiman utawa konsultan perkawinan sing melu nikmati masalaeh wong liya. Padahal sing komen statuse jomblo pitung lebaran.

Jane ngomongi wong terkenal karo wong ora terkenal pada baen. Pada-pada menungsane. Cerai utawa pegatan kuwe abot banget. Mulane akeh contoh kasus uwong sing pada galau pengin cerai tapi ana baen alasane. Ngilari masalah, tapi pengine masalaeh rampung kaya wong nembe tangi turu, “Oh…untung mung ngimpi.”

Contone:

  1. Kasus Nana (jenenge disamaraken), bojone elek, duite cekak, tapi kakehan polah. Tapi anehe sing wadon cinta mati nganti klenger. Diselingkuhi ping kopang-kaping. Duite lan hartane entek soale karaktere sing lanang apa-apa ora gelem susah. Tapi dinasehati kon cerai jere melas anake. Padahal apa iya? Masalaeh Nana ora wani metu seka zona nyaman. Ulih predikat janda nang kene kan kaya kutukan. Jaaan! Nganti pitung turunan tesih diomong, “Kae randa XX sing kaya kiye kaya kue!”
  2. Ana pendapat wong bijak. Standar ibu sing apik lan sempurna nggo anak-anakke nek deweke rela ancur ati ne sepenjerone demi mempertahankan pernikahan sing wis kaya tai. Asal taine dibungkus, dadi ora keton. Pokoke apik seka njaba. Sing penting anak-anak ora ngrasakna wong tuane cerai. Kabeh-kabeh e demi anak.
  3. Kasus e Rara (samaran juga) sing akhire tiba mlarat, nganti biyunge mati melu mikir amarga duite digrogoti bojone sing ra duwe isin. Nembe sadar arep cerai wis ra duwe apa-apa. Ora bisa mbayar biaya patangatusan ewu nang pengadilan agama. Ditinggal lunga sing lanang. Anak-anak e malah kapiran, luwih sengsara daripada sedurunge. Awake dadi garing geringen. Uripe mung gari nyawa tempelan.

Wis ora usah mumet-mumet, nek arep keton bijak melu baen tips anti-cerai nang ngisor kiye mbok cocok. Kaya kiye lur, kowe aja cerai nek:

  1. Yakin duitmu primpen. Bojomu ora bakal nyolong soale ora ngerti nek kowe jane sugih. Mulane kit siki latian!
  2. Yakin tesih isa mangan se-anak-anake 10 tahun mengarep tanpa ngandelin sing lanang. Jaga-jaga mbok sing lanang ucul maning, dadi ora pada kencoten.
  3. Yakin kuat pikiran, kuat awak. Wis nggaya jere bertahan ujug-ujug mriang depresi. Engko duite kanggo mung nggo berobat thok. Engko anakke priben jel? Nek ngerti bakalan puyingen ya aja coba-coba. Mati gasik sapa sing nanggung?
  4. Yakin lambe ne tesih bisa nggo ngguyu nang ngarepe anak meskipun sing lanang bali nggawa wadonan utawa maksa njaluk duit sambil ngancam arep nggawa mlayu anakke. Kejadian kiye ora didominasi wong wadon thok, ana wong lanang sing wadone malah mursal.

Rika mampu? Kuwe jenenge seterong. Siji thok wis lumayan nggo nerusna urip, sapa ngerti ulih bonus suwarga nggo uwong-uwong sing pasrah. Pasrah lho ya, udu sabar. Ora ana wong sabar meneng baen diidoni ndase terus.

Pokoke intine aja cerai nek awakmu tesih bisa me-waras-kan awak lan utek. Nek ora bisa ya karepmu. Sing kawin kan kowe. Raimu nyalahna nyong!

LANJUT MACA Pentingnya Kursus Pernikahan Biar Nggak Gampang Cerai dan Dipoligami atau tulisan laine di rubrik RERASAN.

Exit mobile version