Aja Mbok Kira Dadi Anake Wong Tani kuwi Sengsara

Aja Mbok Kira Dadi Anake Wong Tani kuwi Sengsara

Aja Mbok Kira Dadi Anake Wong Tani kuwi Sengsara

MOJOK.CO Sing nduwe besan utawa mantu anake wong tani, aja kuwatir nalika larang pangan. Ra ketang lawuhe sambel, beras wis mesthi nduwene. 

Aku yakin yen pemirsa Mojok sekalian pernah nonton FTV ra ketang sepisan. Mesthi wis tau ana crita nalika bocah lanang saka kutha diskors gara-gara nakal. Terus bocah kuwi mau banjur dikirim menyang sedulure ing desa supaya mari nakale. Padahal jan-jane bocah nakal kuwi ing ngendi wae ana. Ora mung ning kutha thok. Ing desa ya kebak cah nakal.

Bocah lanang sing nakal kuwi mau banjur ora diwenehi fasilitas saka bapak ibune. Atm disita. Mobil ora oleh digawa. Mangan kon golek dhewe kanthi mbantu sedulure kuwi mau ngerjani apa wae sing dadi gaweyane. Konflike lagi dimulai pas dheweke kudu ngerjani gaweyan sing sasat ora tau seumur hidupe kayata ning sawah, ngopeni kewan ternak, utawa ning pasar. Ngersakno dadi anake wong tani mergo diskors.

Konflik liyane njedul maneh nalika kesengsem karo cewek desa. Mesthi wae wong tuwane ora setuju, merga entuk mantu bocah desa kuwi ora ideal, kampungan, lan ora gaul. Ora isa srawung karo kanca-kanca sosialitane ibuke. Ditambah yen bocah kuwi mau anake wong tani tulen ing desa kono.

Apa maneh gaweyan sing umum ing desa sakliyane petani? Sasat kabeh wong lanang ing desa kuwi gelut karo sawah lan tanduran. Masiya bocah saiki sing diarani kaum milenial apa mbuh kuwi, ra ketang sepisan, yen nyata-nyata bapak ibune petani, mesthi wae wis ngrasakne ning sawah. Mbuh mung ngeteri sarapan utawa ngirim banyu kanggo buruhe, apa malah mbantu wong tuwane ning sawah kono.

Aku bisa ngomong ngene, merga aku urip ing desa, Bos. Mula, apal kepiye dadi anake wong tani. Ngertia, anake wong tani kuwi setrong njaba-njero. Apa maneh yen wayahe panen. Ibarate kudu isa jungkir walik lan koprol.

Bayangna, sing bener-bener terlahir auto petani kaya aku iki, apal ribete nalika arep tandur, nalika panen, utawa nalika wayah mepe gabah. Kudu ngrewangi bapak ibune ing sawah, isah-isah sundhul empyak pas mburuhke wong akeh, utawa deritane kukur-kukur sikil sewengi nutuk nalika bubar mepe gabah.

Cewek-cewek sing nganggep remeh gebetane sing mung anak petani, coba pikiren ulang. Dadi anak petani kuwi wis rekasa, aja ditambah mbok tolak cintane. Sanajan rekasa awale, mundhak mulya akhire. Mula aja mbok pikir dadi anake wong tani kuwi sengsara terus uripe. Iki buktine yen gak percaya:

  1. Pekerja keras sejak dalam kandungan. Lha iya ta? Wong wiwit ing weteng wis dijak rekasa ibune. Dadi petani kuwi, sanajan lagi nggembol bocah ing weteng, kudu isih tandang gawe ngrewangi bojone ing sawah. Sing penting ora angkat junjung. Cewek-cewek sing nate nolak cowoke merga alesane mung perkara dheweke wong ndesa, perlu mikir ulang mergo wis mbuang bibit strong lan trengginas.
  1. Tahan banting segala cuaca. Ana sing nduwe pacar wedi panas? Mendhing guwaken, ganti cah-cah desa sing wayah apa wae isa diandhalke. Ora kok mung panase srengenge, panase urip wae wis nganti nglothok.
  1. Sumber ketahanan pangan. Lha iki! Yen wong tani kuwi mesthi wae ngopeni sawah. Otomatis nduwe gabah utawa beras. Keuntungane duwe gebetan utawa calon mantu anake wong tani kuwi wis terjamin pangane. Sing nduwe anak mantu utawa besan wong tani, aja kuwatir nalika larang pangan. Ra ketang lawuhe sambel, beras wis mesthi nduwene.
  1. Prei kerja ora usah nunggu cuti. Aku nate krungu wong ngomong yen karyawan tambang kuwi ngentek-ngentekne cewek. Pancen bener, merga gajine akeh, preine rong wulan pisan, lan akeh tunjangan. Cewek mesthi kecanthol sanajan rupane ora bagus. Tapi kabeh sawang-sinawang. Sing gajine gedhe, wektune ora longgar kanggo keluargane. Sing gajine sithik, sewayah-wayah isa kepethuk karo keluarga. Mula yen ana swara yen mantu ideal kuwi karyawan tambang sing gaji pokoke saumbruk, aku sebagai anake wong tani ya rodok keslomot sanajan aku wong wadon. Tak kandhani ya bu ibu, sanajan mung wong tani, aja sumelang yen anakmu keluwen.

Ya kuwi perkara sing perlu mbok pertimbangke yen kowe arep nolak anake wong tani. Kabeh gaweyan ki jan-jane apik. Aja nganti awake dhewe underestimate karo gaweyan sing ngutamakne otot tinimbang otak. Ngerti ora, bukane sombong, wayah pandemi ngene iki sing paling ayem ya wong tani. Beras nduwe, sayuran mung tinggal methil kebon. Ora kerja, isa tetep mangan.

BACA JUGA Dadi Biyung Mbok Aja Seneng Ngajari Anake Kudu Kulit Putih atau artikel lainnya di RERASAN.

Exit mobile version