Micara Emansipasi Wanita sing Kebablasan

MOJOK.CO – Emansipasi wanita ing Indonesia wis ngekeki kelodhangan kanggo wanita mujudake kepenginane, nanging opo iya akeh sing kebablasan?

Mapag tekane pengetan Dina Kartini taun iki, ana kabar saka Pantai Kartini sing gawe gegere wong akeh. Lah, piye ora? Ana hiburan ‘panas’ sing digelar mbarengi liburan isra’ miraj’ dhek wingi kae. ‘Panas’ nang kene ora mung tontonane tok, nanging uga swawasanane. Jalaran tarian panas sing dienggo ngramekake adicara iku dipentasake wayah awan sing terik. Duh kok ya ironis men, hiburan ngunu kae digelar nang pantai sing jenenge saka tokoh emansipasi wanita.

Ndilalah ya ana sing ngrekam. Rekaman hiburan sing digelar nang Pantai Kartini kuwi kurang saka limang menit, nanging langsung rame nalika diunggah menyang medsos.

Lah piye, rekaman videone nampilake wanita telu lagi njoged erotis lan mung nggawe ‘jerohan’. Akeh komentar miring saka netizen. Akeh netizen sing komentar emansipasi wanita ing Indonesia wis kebablasen. Nanging apa bener emansipasi wanita ing Indonesia pancen wis kebablasan?

Mangsuli pitakon iki rada angel-angel penak, tur ya kadang penak-penak angel. Jalaran yen nonton kedadeyan sing dumadi keri-keri iki, akeh wanita sing tumindake seje saka kodrate. Nanging ya ora sethithik sing tetep eling marang kodrate masia duwe pendidikan lan wawasan dhuwur.

Pancene ora isa diselaki maneh, owah-owahane jaman ya sithik-akeh menehi pengaruh gedhe marang panguripane wanita nang ngendi wae. Jaman biyen nalika Indonesia isih dijajah, wanita mung dianggep kanca buri sing sadawane urip ngertine mung kasur lan sumur. Tur saiki wanita wis duwe hak kanggo milih dalan uripe dhewe. Paribasane iku swarga nunut lan neraka katut.

Kahanan sing kaya saiki, salah sijine karana mbiyen pas ijek urip, R.A Kartini pengin para kaume isa duwe drajad sing padha klawan pria. Nanging pepinginane kuwi pancen uakeh tenan alangane. Akehe alangan ora njuk gawe Kartini kendho semangate, Lur. Kartini malah tansaya makantar-kantar semangate kanggo merjuangake nasib wanita Indonesia supaya dadi luwih apik.

Akhire perjuwangan Kartini isa dadi kasunyatan. Gambaran nyatane isa didelok saka panguripane wanita Indonesia jaman saiki. Saiki, saliyane duwe drajat padha klawan priya, wanita ing Indonesia uga duwe hak padha klawan priya kanggo mujudake pepinginane.

Wis akeh pakaryan sing biyene mung dipanggoni dening kaum priya, saiki diisi dening kaum wanita. Contone, jaman biyen sing dadi pilot iku akeh-akehe mung kaum priya. Nanging jaman saiki ya wis akeh pilot saka kaum wanita.

Kasil dicakakene emansipasi wanita ing Indonesia iki, sakjane ora mung nggawa pengaruh sing apik tok. Jalaran ana uga pengaruh alane. Anane pengaruh sing kurang apik iki merga anggene ngecakake emansipasi wanita wis kebablasen alias keblandangen.

Perkara kebablasan wis ndadekake wanita ora meruhi ‘tapel wates’ sing sakjane ora isa diterjang. Umpama nganti nerjang ‘tapel wates’ kuwi, padha dene lali marang kodrate minangka wanita. Contone ngene, merga kepengin kariere moncer, ana wanita sing kerja nganti lali wektu, nganti ngalekake tugase minangka ibu lan garwa. Kaluwarga sing kudune dadi nomer siji njuk didadekake sing nomor loro, telu, utawa malah pitu.

Wanita kaya ngene iki biasane duwe penganggep sumber bahagiane manungsa mung perkara mapan ing bandha. Anggepan iki kerep dadi alesan kena ngapa kaluwarga sing teka jaba katon sugih tanpa ana kekurangan, nanging nyatane anggota kaluwargane ora duwe rasa ayem lan tentrem. Lah, ilange rasa ayem lan tentrem iki kerep dadi penyebab rusak utawa malah bubare kaluwarga.

Iya ya, pancen ora kabeh wanita jaman saiki kaya ngunu. Jalaran isih akeh wanita sing masia duwe kedudukan dhuwur lan dhuwur pendidikane, tetep eling marang kodrate minangka wanita, yaiku ngrumat anake lan nyisakake wektu kanggo kumpul karo kaluwargane ing satengahe kesibukan.

Prakara liya sing gawa pengaruh kurang becik saka emansipasi wanita iki, uga isa dadi penyebab ilange tradisi sing ana ing masyarakat. Salah sijine yaiku tradisi rewang. Tradisi iki kanggo ngenthengake kerepotane tangga sing duwe kajatan. Biyasane sing nindakake tradisi kuwi para wanita sing dedunung nang sakiwa-tengene pawongan sing duwe kajatan.

Wujud pitulungane ora mung tenaga, nanging barang-barang liya sing dianggep isa kanggo ngenthengake tanggane sing nduwe gawe. Sing unik saka tradisi iki, sing nduwe gawe iku mujudake pihak sing nduweni ‘utang’. Gandhenge ‘utang’ mesthine kudu nyaur. Carane nyaur ya melu rewang, nalika sing ngutangi mau duwe gawe.

Jaman saiki tradisi kaya ngene wis akeh susute. Umpama ana, panggone nang desa sing adoh saka kutha. Nang desa, isih uakeh wanita sing nglakoni tradisi iki, jalaran yen nganti ninggalake bakal pikantuk sangsi sosial saka masyarakat sakiwa-tengene.

Nanging nang kutha-kutha gedhe, tradisi kaya ngene iki wiwit sirna. Salah sijine amarga wong kutha seneng marang samubarang kang praktis, njuk tradisi rewang mung mujudake tradisi sing kurang efisien.

Anggepan iki nyebabake tradisi rewang mulai ditinggalake dening para wanita Indonesia. Lunture tradisi iki dudu perkara sepele. Jalaran lunture tradisi rewang uga isa nyebabake lunture tradisi liyane.

Tradisi rewang nyatane duwe piguna sing uakeh banget. Saliyane kanggo netepi kewajibane manungsa kasebut makhluk sosial, tradisi iki isa dadi sarana kanggo swarung karo tanggane. Saka anggene srawung, wanita isa luwih kenal klawan watak lan karakter sing diduweni dening tanggane. Ngenal watak lan karaktere tangga iki isa ndadekna wanita mapanake awak lan ora gampang lara ati kalane keprungu tembung nyelekit saka tanggane. Lan sing pualing penting, srawung isa mbantu njaga jeneng becik kaluwarga.

Dadi ngunu ya, emansipasi nang Indonesia iki wis menehi kalodhangan para wanita ing Indonesia kanggo aweh sumbangsih sing ora isa diremehake marang pembangunan Indonesia.

Oh ya, wanita kuwi sakjane duwe sipat kayadene jempol, sing kebak klawan lan kaluwihan. Merga mung jempol sing isa srawung kanthi becik klawan driji sing endi wae. Saliyane kuwi, jempol uga mujudake siji-sijine driji sing isa dadi pengunci, sumbere kekuwatan, lan sumber pengayom marang driji-driji liyane. Inggih napa mboten?

Exit mobile version