Basa Ngapak sing Ora Bakal Ilang

basa ngapak

MOJOK.COWong ngapak kuwe bangga karo dialeke dewek. Identitase langsung keton sekang logat khase sing jan-jane angel dikuasai wong-wong liya sing udu wong ngapak.

Nyong duwe kanca bocah ngapak, sing ora tau ngomong nganggo bahasa ngapak, nak lagi kumpul karo kanca-kanca. Nyong maklum. Mayoritas kanca-kanca kampus pancen akeh sing ora ngerti bahasa ngapak. Kanca-kanca Jawa Timuran, Jogja, Solo, jarang sing paham, apa maning kanca-kanca luar pulau.

Mulane, ben paham kabeh, mending ngomong nganggo bahasa sing kabeh ngerti, tur paham. Wong ngapak ngomong nganggo bahasa ngapak nang pergaulan njaba wilayah, ya ora ana sing paham.

Wong-wong ngapak kuwe wis nduwe jargone dewek sing dadi andalan: “ora ngapak ora kepenak!”, “ora ngapak, dupak!”, “ora ngapak, sikat!”, “mangan ora mangan asal ngapak!”, tur akeh liya-liyane.

Propaganda-propaganda kuwe njur dienggo ‘aksi sepihak’ kanggo wong-wong sing sok ngomong “cantik-cantik/ganteng-ganteng kok ngapak”, utawa wong ngapak sing ora gelem ngaku nek deweke kuwe ya asline ngapak.

Wong ngapak kuwe bangga karo dialeke dewek. Identitase langsung keton sekang logat khase sing jan-jane angel dikuasai wong-wong liya sing udu wong ngapak.

Wong daerah timur wilayah ngapak (mbandhek) bakal kangelan ngomong basa ngapak, utawa pisuhane wong ngapak. Wong enggane gur arep ngomong “iya koh” apa “nyong” bae be isih wagu.

Timbang sinau ngapak, sinau basa Russia malah kayane luwih gampang. Nyatane, genah angel koh arep ngomong “telembuk”, “ngode”, “iya koh”, “nggere”, “mbok”, “ora nana pendidikane babar blas” nganggo nada, mimik, intonasi, karo kecocokane konteks keadaan.

Tapi beda nak wong-wong ngapak kiye ketemu kanca sing padha-padha ngapak. Watak cablaka-ne mesti langsung metu. Cablaka berarti sifat jujur, sederhana, apa anane, ora digawe-gawe. Iki wes dadi semacam sifat wong ngapak.

Nak maca sejarahe, daerah ngapak utawane daerah eks karesidenan Banyumas, mesti ngerti sifat cablaka, utawa tokoh Carub Bawor. Carob Bawor iki salah sijine tokoh punakawan nang wayang purwa gagrag pedalangan mBanyumasan, karo pedalangan Pasundan. Carob Bawor digambarna dadi tokoh sing jujur, sederhana, apa anane, karo apik sifate.

Ora akeh sing ngerti, sebenere dialek/logat ngapak lewih tua timbang dialek Jogjanan, Surakartanan, utawa daerah lain nang Jawa. Dialek Jogja, Solo, terlahir bar ngadhekke kerajaan Mataram.

Wong-wong sing ngomong nganggo dialek ngapak, ngarani wong-wong sing ngomong dialek Jogjanan, Surakartanan, karo sebutan “mbandhek”. Mbandhek asale sekang kata gandhek, sing artine pengawal utawa pelayan.

Nang jaman kerajaan, gandhek mesti kudu sopan karo rajane, ora kena sekarape dewek. Kesopanan kuwe mau, salah sijine nang bahasa sehari-hari. Cara ngomong gandhek nang rajane kudu alus.

Suwe-suwe, kealusan bahasa gandhek dadhi diterapna nang lingkungan keraton karo daerah sing nang ngisore. Menurut G. Mudjanto, bahasa mbandhekan mau digunakna dadi alat legitimasi keraton.

Bedane logat ngapak karo logat mbandhekan, sing paling jelas nang huruf a, karo huruf-huruf konsonan sing cara macane bedha. Logat ngapak, huruf a tetep diwaca a. Tapi nang logat mbandhekan, huruf a dibaca o.

Kenangapa daerah ngapak ora terpengaruh nganggo bahasa mbandhekan? Ya soale daerah ngapak ora duwe keraton, utawa adoh sekang keraton. Istilah populere “adoh ratu, cepak watu”. Mulane dialek ngapak tetep digunakna kanggo bahasa sehari-hari.

Siji maning sing kowe-kowe padha kudu ngerti, nenek moyange wong mBanyumasan asale sekang Majapahit, jenenge Raden Baribin. Raden Baribin mbojo karo putri sekang Pasundan, Dewi Pamekas. Pernikahan wong loro kuwe sing nurunna penguasa-penguasa lokal nang daerah mBanyumasan.

Nak ngerti sejarahe, wong ngapak kudune bangga karo dialeke dhewek. Tapi kadang- kadang ana wong sing nggayane ora umum. Apa maning sing nembe bali sekang perantauan. Ngomonge wes ora nganggo “nyong”, tapi ngomonge nganggo “loe”, “gue”, bahasa Jakartanan sing biasane anane nang tivi thok.

Wong kuwe mau wes ra due watak cablaka babar blas. Tapi wong kuwe mau ora sadar nak logat ngapake kenthel mbanget. Logat ngapak ora bakal ilang. Wong ngapak pancen gampang beradaptasi karo lingkungan anyar.

Wong ngapak bisa ngomong Jogjanan, Jawa Timuran, Maduranan, utawane Batak. Tapi nak bali ngomah, kadang bahasa rantauane digawa-gawa, tapi ngapake ora ilang.

Wes, timbang mumet, “ibuneh, es teh, ibuneh!”

Exit mobile version