Bahayane Tangi Kerainan nang Masa Pandemi Korona

Bahayane Tangi Kerainan nang Masa Pandemi Korona MOJOK.CO

Bahayane Tangi Kerainan nang Masa Pandemi Korona MOJOK.CO

MOJOK.COBiyunge nyong isin banget. Siki Tono dadi nasihat nggo murid liyane. Kabeh kiye gara-gara tangi kerainan pas lagi sinau nang umah!

Nang taun 2015, gladi resik wisudane nyong dadi langka gunane pas ngesuk-esuke nyong tangi kerainan. Bar adus lan dandan, nyong karo rama biyunge langsung mangkat ming nggone wisuda. Merga kerainan, dalane wis selak macet. Merga kerainan, nyong dadi ora melu acara baris-berbaris mlebu gedung bareng-bareng nganggo toga karo kanca-kanca.

Tangi kerainan—utawa nek disebut karo Jennie BLACKPINK dadi neujge il-eona da; alias wake up late nang Basa Inggris—sering dadi bahan nggo ibu-ibu ngelomboni anak-anak. Esuk-esuk jam nem, nek anake urung pada tangi, ibu-ibu biasane mbengok-mbengok, “Tangi! Tangi! Wis jam wolu isih turu bae! Perawan koh tangine kerainan!” Kaget, anak-anake biasane langsung mencolot sekang kasur lan ndeleng jam, terus adus karo nahan muntab, “Owalah, Buuu, Buuu! Ngaget-ngageti bae, loh!”

Kerainan kuwe jan-jane wajar. Sapa bae bisa tangi keri, njuk gelagapan. Nah, sing ora kabeh wong ngerti, tangi kerainan pas lagi pandemi jebul luwih bahaya nek dibandingna karo masa-masa sedurunge ana virus korona, termasuk pas jamane nyong teka keri nang wisuda.

Pandemi korona nggawe kebijakan sinau nang umah berlaku nggo murid-murid se-Indonesia. Bertujuan nggo menekan angka sebaran korona, aktivitas sekolah dilakoni online: guru-guru karo para murid komunikasi nganggo teknologi lan internet. Nanging, sinau nang umah sejujure duwe kesulitane dewek.

Ha kepriwe jal: pas sinau nang kelas be murid-murid bisa ngantuk, dolanan dewek, apa malah dolanan hape—apa maning nek sinau nang umah? Bisa-bisa, pas lagi diterangna soal integral, muride malah nonton drama Korea. Pas ora bisa garap tugas, muride malah mangan baso aci sing liwat nang ngarep umah. Pas wis bosen, muride malah pada mabar Mobile Legend. Sing luwih gawat, bisa-bisa, pas ulangan wis arep dimulai, muride urung tangi-tangi—kerainan!

Nek tangi kerainan pas urung pandemi, pol-pole muride kuwe tok sing bakal diomahi rama biyunge. Nang sekolah, sing ngerti ya kur gurune karo kanca-kanca sekelas. Ora bakal ana wong liya sing kena getahe merga ana murid sing tangi kerainan. Nah, ceritane beda nek latar belakange wektu pandemi kayak siki. Buktine? Adine nyong: Tono.

Tono isih SMA lan wis pirang-pirang sasi sinau nang umah. Jambule wis duwur banget kayak Monas merga ora tau dicukur. Jerene, masa-masa kiye dadi siji-sijine kesempatan nggo murid-murid lanang rambute gondrong soale ora bakal dicukur karo guru BK bar upacara. Lah kepriwe arep dicukur, wong upacarane be langka!

Nang masa pandemi korona, Google Classroom karo WhatsApp dadi andalan wali kelase Tono nggo mendukung program sinau nang umah. Saben dina, deweke ngecek murid-murid pada online kabeh lan siap nggarap tugas sekang materi sing diwehi sedurunge. Merga sinaune nang umah, wali kelase kiye uga berkoordinasi karo wali murid via grup WhatsApp.

Masalahe, ora saben dina sinau nang umah berjalan lancar. Pas lagi ulangan online, tau kedadean ana murid sing keturon lan ora mlebu Google Classroom nganthi wali kelase heboh. Biyunge ditelepon, kanca-kanca sekelase dikon WA. Bar ulangan, wali kelase ngewanti-wanti wali murid nang grup men murid liyane ora kerainan. Kabeh bocah sekelas plus wali-wali muride dadi ngerti sapa sing telat. Jenenge—anggep bae—Diana. Ijik-ijik, jeneng “Diana” dadi semacam sinonim “kerainan”.

“Kowe ngesuk aja nganthi kerainan kayak Diana, loh!”

Tono manthuk-manthuk pas dikandhani biyunge. Men ora ngisin-ngisini keluarga, Tono bertekad turu gasik men ngesuk tangine ora kerainan lan bisa ulangan karo ati sing ayem.

Merga biyunge nyong kudu nyambut gawe, nyong dipasrahi tugas ngawasi Tono selama ulangan online. Bar salat Subuh esuk-esuk, Tono wis seger. Alhamdulillah, ora kerainan, batine nyong.

Nyong ngancani Tono sarapan lan sinau. Pokoke, nyong memastikan Tono wis prima lan siap melu ulangan, ora keri kayak Diana pas wingi kae. Nyong merasa bertanggung jawab soale biyunge nyong ora bisa mantau sekang kantor, sedangkan ramane nyong lagi istirahat merga keselen bar olahraga mau esuk-esuk karo kancane.

Menjelang jam wolu, nyong yakin Tono wis siap lahir batin arep ulangan. Nyong ngenteni jam wolu sambil turon nang kasur. Tono melu-melu. Sambil turon, nyong karo Tono merasa bangga wis tangi gasik lan ora kerainan. Pokoke, ora kayak Diana, lah!

Kedadean selanjute kayak film-film sing lagi di-fast forward. Ijik-ijik, lawange Tono didodog seru banget. Nyong melek, njuk sadar: lah kok nyong turu?! Tono mencolot sekang kasur. Ramane nyong lagi ngadek nang ngarep lawang karo misuh-misuh: Jerene arep ulangan, deneng malah turu??? Geh, biyungmu telpon ora diangkat-angkat! Turu kabeh, sih!

Iya, saudara-saudara: Tono akhire tangi kerainan merga melu-melu nyong turu. Ulangane wis mlaku setengah jam. Wali kelase wis nelpon biyunge nyong lan ngongkon murid-muride nge-WA Tono. Biyunge nyong wis nelpon nyong ping selikur, tapi nyong ora krungu soale hapene di-silent.

Sawise ulangan, nyong melu diomahi ramane merga gagal ngawasi adine sinau nang umah. Pas biyunge nyong bali, sedurunge nyong diomahi maning, nyong wis ngerti isi grup WhatsApp-ne biyunge karo wali-wali murid liyane:

“Ibu-ibu, Bapak-bapak, ngesuk aja nganthi ana sing kerainan kayak Tono, ya.”

Biyunge nyong isin banget. Wingi ngewehi nasihat nggo Tono, lah siki Tono sing dadi nasihat nggo murid-murid liyane. Kabeh kiye gara-gara tangi kerainan pas lagi program sinau nang umah!

WACANEN Carane Ibu-ibu Kompleks Ngerayakna Lungane Covid-19 karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version