Sandyakala Sinoman, Pasukan Sunggi Baki sing Mulai Ora Payu

Sandyakala Sinoman, Pasukan Sunggi Baki sing Mulai Ora Payu MOJOK.CO

Sandyakala Sinoman, Pasukan Sunggi Baki sing Mulai Ora Payu MOJOK.CO

MOJOK.COSaiki sinoman wis arang kanggo. Akeh wong sing gawe pesta ngantenan neng gedhung-gedhung. Kabeh mau pasrah borongan karo panita WO.

Sinoman salah sawijining kabudayan sing ana ing desa-desa. Sinoman dibutuhake nalika ana warga sing ngantenan. Para mudha bakalan teka neng panggonan resepsi, nganggo bathik, sepaton, banjur nglumpuk. Ora mung nglumpuk, para mudha bakal tandhang gawe ngladeni tamu sing teka nyumbang.

Jaman cilikanku, sinoman iku gayeng banget. Kabeh padha isoh guyon sinambi laden. Kabeh iku dadi kenangan sing nganti saiki ora isoh lali. Nanging, jaman sing sangsaya maju nggusur sinoman. Saiki sinoman wis arang kanggo. Akeh wong sing gawe pesta ngantenan neng gedhung-gedhung. Kabeh mau pasrah borongan karo panita WO. WO dudu Walk Out, nanging Wedding Organizer.

Akeh wong nganggep ngantenan neng gedhung kuwi luwih wangun. Apa maneh, pikiran wong saiki, yen ngantenan neng gedhung kuwi dianggep luwih ringkes. Omahe resik, ora usah ngundhang tangga kanggo rewang.

Akehe wong sing nggelar acara resepsi ngantenan ning gedhung mau bakal ngilangake akeh kabudayan luhur neng masyarakat. Saiki, yen neng gedhung, kuwi nyewa kabeh. Padahal, yen ning omah, tangga teparo bisa ngewangi. Ngewangi masak, ngewangi nggodhog wedang, ngewangi nata kursi, ngewangi ndekor. Kabeh iku bakal mujudake masyarakat sing rukun. Tegese, rewang mau bisa gawe raketing rasa paseduluran antaraning warga.

Ora mung rewang. Acara resepsi ngantenan ana gedhung bakal ngilangake sinoman. Pasukan sunggi baki iku bakal punah. Bocah-bocah sing ngancik umur remaja wis ora bakal ngrasakake sensasi nyinom ning omahe tanggane. Pungkasane, akeh bocah-bocah ora ngerti sinoman, srawung, lan gayenge nyunggi baki sinambi gawa teh panas sing kemepyar.

Ana maneka tumindak sing dakeling-eling gawe gayeng nalika nyinom. Sing paling dakeling-eling iku sebutan ”Panas… panas… panas!”. Tembung mau dadi pratandha nyuwun sewu arep liwat. Yen biyasane arep liwat kudu permisi, sinoman rasah ngono. Cukup ngomong ”Panas… barang panas… panas… barang panas,” mesthi padha minggir.

Ana maneh sing dieling-eling nalika ana sinoman. Dudu apane, nanging sapa sing nyinom. Nah, sinoman kuwi ya macem-macem wujude. Ana sing anteng. Ana sing setengah anteng. Ana sing usil. Malahan, ana sing kaya kitiran, mubeng wae ora ana enteke.

Bab wujud sinoman mau, aku duwe pengalaman. Biyen, nalika isih ngurusi sinoman, aku nemokake macem-macem wujud wong nyinom sing bisa gawe geleng-geleng, mangkel, nganti gawe guyu.

Tipe nomer siji, sinoman sing sregep. Tipe iki akeh disenengi. Tandhange cepet, cak-cek, trengginas. Sakjane aku mesakne karo tipe kaya ngene iki. Hla piye, lagi bar ngangkat, terus bali, langsung ngangkat meneh. Nanging, pancen wis dadi watake, tipe iki tetep seneng wae. Penting acara gek rampung, iso ngewangi tangga, wah rasane wis seneng banget.

Tipe nomer loro iki radha njelehi, nanging isih isoh diajak kerja. Kadhang kala ana sing gaweane lunggah-lungguh. Lungguh, nggrombol, jagongan, karo dolanan hape. Dadi, minangka ketua sinoman kudu nyeluk wong-wong mau. Diceluk, terus kon ngangkat baki. Anehe, biyasane wong ngene iki tenagane malah rosa. Yen ra ngono, sinoman mau wis senior. Mungkin gengsi arep ngangkat baki. Timbang ngangkat baki mendhing ngakon sinoman sing luwih enom. Tapi, ora apa-apa. Penting wong-wong mau isih gelem kerja.

Tipe nomer telu iki jenis manungsa mbribikan. Aja salah, neng desa, yen ana ngantenan, akeh sing mbribik cewek. Dadi, nalika leren wong jenis iki bakal nyedhaki sinoman wedhok. Ora mung nyedhaki, spik-spik sithik, guyonan. Ya, mungkin saka kono pengin dadi pacare, mungkin. Tapi tipe iki ana tenanan, cah. Aku tau nemoni dhewe.

Tipe nomer papat, sing udad-udud wae. Biasane, wonge kalem, teka ning TKP, banjur lungguh. Nggolek panggonan sing edi peni, biyasane sing ndhelik, banjur udud. Pas wayahe nyambut gawe ya kala-kala metu, ngewangi. Nah, tipe iki paling seneng yen pas bagi-bagi udud.

Wis dadi rahasia umum, yen acara sinoman mau bakal ana ajang bagi-bagi udud. Pas, kuwi, temtu wae, sinoman jenis iki sregep nek njaluk luwih. Ora mung kuwi, tipe iki uga bakal njaluk wadhah e rokok sisan. Ya, wadhah mau dianggo nglumpukake udud-udud sing wis dibagekake.

Tipe tekakhir, asline aku wegah nyebut, nanging nyatane ana. Tipe jenis iki ora patut ditiru. Sinoman sing terakhir iku seneng njaluk omben-omben. Biyasa, ning desa padha njaluk banyu atos, maksudku miras. Mirase ya macem-macem, tergantung keadaaan. Kadhang ya diwenehi anggur merah, kadhang bir, malahan diwenehi ciu oplosan wae diombe. Ya, sinoman tipe terakhir iki aku ora setuju sakjane. Nanging, mungkin kuwi wis dadi tradhisi, angel diilangi. Nanging, ya pesenku ora oleh pas laden. Mosok sinoman kok ababe mambu naga? Ora masuk, Lur.

Iku mau maneka warna lan rupa sinoman. Mungkin ora ning kabeh ndesa kaya ngono mau. Aku mung pengin rasan-rasan sing ana ning desaku. Sanajan kaya ngono mau, apike sinoman diuri-uri ben ora punah.

Mosok, suwe-suwe sinoman ilang. Rodok ora pantes wae ana tanggane duwe gawe malah ning omah ndekem, ora ngewangi? Alesane, ora dikon nyinom, wis nyewa katering. Ora becik, ta?

MONGGO KULO ATURI MAOS Dudu Sosialita, Urip neng Ndesa Kiye Biaya Sosiale Tetep Larang lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version