MOJOK.COAja ngarep uripmu kuwi mung seneng tok. Kowe perlu sedhih. Ben senengmu dadi greget.

Samubarang kang kacipta lan kagelar ing alam donya iki ora ana sing ijen. Kabeh tansah duwe pasangan, contone padhang-peteng; susah-seneng; awan-bengi, waras-lara; lan isih akeh conto liyane. Kang kaya ngono iku kang sinebut urip.

Ing jagad iki ora ana tetep utawa ora owah. Kahanan iki dumadi jalaran owah ngono klebu salah siji pepesthening Gusti kang ora kena diselaki. Mulane ora nggumunake ora ana sing jenenge padhang kok terus-terusan. Jalaran ana mangsane peteng bakale teka.

Semono uga marang surasaning batin. Sadawane uripe manungsa ora ana sing bakal ngalami susah kang terus-terusan. Jalaran ing wektu tartamtu manungsa uga bakal ngalami seneng. Owahe surasa batine manungsa sing isine seneng-susah mujudake samubarang kang lumrah.

Kabeh manungsa nate ngalami. Masia ngono perangan iki kerep nekake dampak kurang apik kanggo sing ngalami. Biyasane wong kang kliru anggene ngalami babagan iki kerep kedlurung kalane ketaman rasa sedhih. Lan suwalike, kerep ngliwati tapel wates kasusilan kalane ngrayakake rasa seneng kang sambang ing batin.

Kanggo nyuda utawa ngawekani dampak sing kurang apik iki. Kita kudu tansah eling marang pakeme panguripan: urip iku sarwa kebak klawan owah-owahan. Kanthi ngelingi babagan iki kita tetep bisa ikhlas lan legawa kalane nampa kasunyatan sing paite tikel sewu saka paite peru.

Ditinggal kaluwarga kinasih kanthi cara kang ora lumrah pancen pait lan sedhih banget. nanging gandhenge wis takdir lan wis dadi garis-E, minangka manungsa kita bisane mung ikhlas lan pasrah nampa kasunyatane urip kang kadhang beda adoh saka kaya kang dikarepake.

Pirang-pirang dina iki mendhung peteng aganda sungkawa kaya durung gelem oncat saka negara Indonesia. Kedadeyan miris kang nyebabake kutahe luh gilir gumanti dumadi. Dumadine teror ing mako brimob, bom ing Surabaya, lan bom ing Sidoarjo sawetara wektu kepungkur. Mujudake mendhung paling peteng sing teka sadurunge wulan pasa taun iki.

Sapa wae sabubare maca utawa nonton kedadeyan teror iku oleh wae ngrasa sedhih. Malah yen pengin nangis ya mangga. Awit iku lumrah ditindakake dening manungsa kang isih duwe ati. Masia dudu sedulur nanging atas dasar kemanusiaan tetep wae ngrasa kelangan. Nanging aja banjur dadi nglokro.

Jalaran kita kudu gemregah tangi supaya bisa ngupadi padhang ing peteng, lan nemokake seneng ing sengsara. Nemokake babagan iki dudu perkara gampang. Nanging uga dudu samubarang kang mokal. Sapa sing temen anggene nggoleki mesthine bakal nemokake.

Ing kene manungsa mung wenang percaya yen Pangeran ngono sing ngatur sekabehane. Kita minangka titah sawantah olehe mung nggedheake rasa syukur. yen bisa nindakake babagan iki pamawase kita marang urip bakale luwih jembar. Saengga kita bakale ngerti susah lan seneng iku mung sawates permainan urip. Kang ora beda adoh saka panas lan udan sing klebu perangan saka permainan dina.

Minangka padha-padha paringan-E, susah lan seneng kudu ditampa. Jalaran saka kalorone kita bisa nemokake piguna sing sok ora bisa didulu lumantar panyawange mripat, nanging kudu disawang kanthi migunakake mripat batin. Saliyane kuwi seneng lan susah ora kudu diwedeni utawa disingkiri jalaran kekarone padha-padha duwe manfaat sing kena kanggo ngasah batine manungsa supaya luwih jembar. Saengga bisa nyawang lan negesi sekabehane kedadeyan ing alam donya iki kanthi luwih wicaksana.

Eyang Sosrokartono ngendikan aja pisan-pisan nganti kaiket klawan susah lan seneng. Loro karone kudu ditampa. Jalaran saka surasa cacah loro iku mau, manungsa bisa pikantuk piwulang ngenani urip sing ora diwulangake ing bangku sekolahan.

Saliyane kuwi Eyang Sosrokartono uga ngendikan aja pisan-pisan wedi marang sengsara. Jalaran saka sengsara sing digething saperangan manungsa iki nyatane ana sing kena dijupuk. Sengsara bakal aweh daya linuwih, mulangake kesabaran, keikhlasan, lan surasa wani (kendel) marang sapa wae kang nate ngalami kedadeyan sengsara ing uripe.

Saka sengsara iki manungsa uga bisa ajar dadi manungsa sawutuhe. Contone wong kang ngalami samubarang kang ora nyenengake, mesthine bakal ngrasa seneng yen pikantuk pitulungan kang bisa ngenthengake panandange.

Saka surasa sing kaya ngene ing liya dina, kalane dheweke ganti ngrasakake seneng lan weruh ana wong liya sing ngalami kasusahan. Dheweke tansah gumregah lan kagugah atine kanggo weweh pitulungan marang pawongan kasebut.

Seneng ing sengsara kang dikarepake ing kene dudu tumindak seneng-seneng ing sadhuwure susahe liyan. Nanging sing dikarepake yaiku ora nglokro, terus ngupaya tangi lan gumregah saka kahanan ora nyenengake kang dialami kanthi keyakinan ana kabagyan kang bakal teka. Iki kudu diyakini jalaran janji-E Pangeran, sesungguhnya sesudah kesulitan pasti ada kemudahan.

Sing ora kalah pentinge kita uga kudu eling yen urip iki pindhah rodha sing terus munyer. Tegese kalane seneng utawa kemudahan mau teka. Aja banjur kebacut anggene seneng-seneng. Merga susah uga bakale teka maneh. Kita kudu ngelingi anane kodrat sing kaya ngene. Kudu tansah eling marang kodrate dhewe sing ora bisa urip ijen.

Supaya bisa ngenthengake kasunyatan sing kaya ngono. Kita kudu tansah tulung-tinulung marang liyan tanpa ndulu latar belakange lan tanpa pamrih. Ing kalane aweh pitulungan iki apike kita sinau marang srengenge sing andum sunare tanpa pamrih. Aja dadi lilin sing andum sunare kanthi pamrih kang wusanane ngentekake awake dhewe.