Bledug-MOJOK.CO

Latihan Dadi Wong Alim Saka Tumindake Gajah

MOJOK.COMbah Wagimun ndadak nggenah, njuk cerita sejarahe anak gajah diarani bledug.

Wektu iku aku dolan nang omahe Mbah Wagimun. Mbah Wagimun lagi lungguh dhewean nang ngarep omah lan cuma ndeloki aku sing lagi teka. Aku mung ngguyu nyoba nyapa nanging ora ditanggepi. Langsung wae aku lungguh nang kursi sing lagi kosong. Karo ngebulne abab rokoke, Mbah Wagimun ujug-ujug takon,

“Kowe ngreti ora sejarahe anak gajah dijenengi bledug?”

Nampa pitakonane Mbah Wagimun aku ora kumecap. Sakjane pitakonane iku yen dirungokake jan entheng tenan, nanging wangsulane jan ora gampang tenan. Selawase sekolah wiwit SD nganti lulus SMK saelingku durung ana guru sing mulang bab asal-usule jeneng anak kewan.


“Yen pancene durung bisa mangsuli pitakonanku iki kowe ora prelu isin. Ora ngreti sejarahe bledug ora ateges kowe bodho, Le. Kowe ya uga ora prelu ngluputake gurumu sing ora nate nerangake bab iki. Iki pancen dudu kawruh sing wigati. Ora penting. Mula ya ora prelu diudi.”

Mbah Wagimun ora kaya padatan. Anggone ngendika jan tanpa esem uga tanpa pregut. Meh takanggep omongan sembranan nanging ketara lagu swarane iki dudu lagu gojegan. Meh takbelani mikir kenceng nanging dheweke blaka dhewe yen pitakonane kuwi mau dudu kawruh wigati. Malah dadi ngewuhake.

“Sasi Ruwah iki wis meh tutug banjur salin sasi Pasa. Kaya padatan, polisi neng endi-endi mesthi sregep melekan bengi, ndhodhogi lawang-lawang hotel mbaka siji, nggoleki wong-wong sing jane kepengin golek kepenak kawin tanpa salaki-rabi. Penganggepe aparat, mapag sasi Pasa polah sing dianggep reged kaya ngono kuwi kudu diresiki. Mung gumunku, carane aparat kepolisian pendhak taun iki kok ya ora nate ganti, ya ajeg ngono kuwi ae. Gumunku meneh, ya kok ndilalah pendhak taun ya mesthi ae ana sing keconangan duwe polah ngono kuwi lan ya pasrah gelem dirangketi. Iki jane ngalamat apa ya, Le?”

Baca juga:  Aksara Jawa Mung Dadi Pajangan

Aku sansaya rumangsa kewuhan tenan. Rumangsaku omongane Mbah Wagimun ngambra-ambra tekan kana-kana senajan ya ora kena diarani ngladrah utawa ngayawara.

“Kowe ngerti ora, gajah kae carane kawin nganggo upacara. Dilekasi kanthi ngabul-ngabul lemah nganti lebune mumbul dadi bledug satemah nutupi awake saka panyawang ing sakiwa-tengene. Nalika bleduge nggembuleng ngono kuwi gajah lanang lan wadon banjur rerikatan kawin lan bakal dirampungi sadurunge pedhut bledug sing sengaja digawe dhewe mau luruh bali niba ing lemah. Kaya ngono laku kawine gajah. Kaya-kaya gajah duwe rasa isin sing gedhe, emoh yen kewirangan jalaran polah kawine dadi tontonan. Pangiraku gajah kuwi malah luwih bisa njaga wadi tinimbang manungsa.”

Aku tetep meneng wae. Tapi langsung mak jleg, rasane dhadhaku kaya ketiban sikile anak gajah. Krasa uanteb tenan. Ambeganku krasa mandheg. Batinku cingak, kok ya ana wong sing bisa ngudhari pitutur abot nganggo cara sing entheng tenan kaya ngene iki?

Aku sansaya njitep. Lambeku sansaya klakep rapet. Wis ora duwe kekendelan kanggo nanggapi ujare Mbah Wagimun. Niyatku wis mung arep meneng anteng nyemak dhawuhe nganti sarampunge.

“Sing lagi bungah ngineb lan banjur susah amarga digrebeg ya wis ben. Kuwi mung kembange taun. Dianggep wae kuwi acara taunan sing ajeg ana nanging aku lan kowe ora wajib nganggep kuwi ana. Aku lan kowe luwih prelu migatekake polahe wong-wong sing gawe bledug aling-aling kamangka ora nedheng kawin. Uga prelu banget awake dhewe migatekake polahe wong-wong sing mempeng ngumbar wadi babar pisan tanpa aling-aling.”

Baca juga:  Ora Netepi Janji Kuwi Beda Ambek Goroh, Bro!

Dhuh, Mbah Wagimun klakon ndhodhog atiku. Rasaku kewirangan tenan. Uripku kakehan apus-apus, kakehan nutupi sing satemene, isin ngakoni kekuranganku dhewe, kakehan gawe bledug aling-aling. Lan sadawane umurku ya pancen kerep tenan polah ala ndhedher wirang sing mirang-mirangake kulawarga. Dhuh, Gusti….

Ujug-ujug Mbah Wagimun mecucu karo nyuwara santak, “Nyoh takwenehi sarung!” Tangane ngulungake buntelan plastik sing jare isine sarung.

Durung nganti taktampani wis disusuli ukara sengak, “Aja dienggo aling-aling loh ya. Dienggo kemulan wae. Ora kudu dienggo bebedan. Ora sah salin srengat. Yen biasane ora gelem tarweh neng langgar ya ora sah digawe ethok-ethok mukmin.”

Aku mung ndomblong ijen. Bingung tenan. Mau ngendika alus, runtut, genah, tur mentes lah kok saiki malik grembyang persis Mbah Wagimun sing dhek wingi-wingi?

Durung nganti lambeku menga takon genahe, Mbah Wagimun wis ndhisiki nggenahake, “Aku mau gladhen. Latihan ngisi kuliah subuh. Ora sah gumun! Jaman saiki dadi wong alim kuwi ora prelu lair-batin. Mung prelu latihan supaya ketara tenanan.”

Diamput tenan!