• 96
    Shares

MOJOK.COKumpul karo wong kang rusuh, isa bantu pribadine awake dhewe dadi luwih los lan lega. Amarga kabeh sumpelan sing mbunteti pikir, sajak banjur bisa cul.

Ukara rusuh, ing KBBI diartekne ‘kacau, chaos, anarki’ (misale rusuh taun 98). Nanging ing basa Jawa, miturut kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwadarminto, ukara rusuh iku artine seneng ngomong elek, seneng misuh. Misuh kuwi tembung kriya seka tembung lingga pisuh. Sing artine omongan saru, kasar, moyoki utawa ngece wong liya nganggo ukara utawa tembung sing saru.

Saben sore aku mesthi thethek neng angkringan sing ana neng kampungku. Jajan lan wedangan ngobrol ngalor ngidul babagan apa wae. Mulai bab gaweyan, ingon-ingonan manuk, bal-balan, politik, themon, lan akeh liyane. Ameh ing saben pada utawa bait apa sing diobrolke kuwi mau, mesthi katutan ukara kang rusuh. Temtu ora perlu tak wenehi tuladha apa wae pisuhan ing basa Jawa kuwi. Minangkane basa sing cacah panuture lan ragam dialeke paling akeh sak Indonesia, basa Jawa nduwe pirang-pirang pisuhan. Wiwit seka sing arane kewan, dhemit, utawa ‘organ tubuh’ manungsa, lan ukara-ukara sing ora ana artine nanging yen dipocapake rasane kasar; kabeh bisa dadi ukara rusuh lan saru.

Cangkem rusuh kuwi dicap dadi duweke wong sing sarwa kurang, sarwa ketinggalan. ‘Kaum terbelakang’ istilahe. Ya terbelakang ing bab ekonomi alias mlarat, utawa ing bab ilmu pendhidhikan, alias bodho. Golongan wong rusuh iki kalebu masyarakat sing ora becik, ora duwe sopan santun miturute para priyayi sing gawe aturan bab tata susila kuwi mau, yaiku golongan maju, sugih, terpelajar utawa ‘mangan sekolahan’.

Baca juga:  OK Oce Mart Jadi Bukti Energi Menolak Lebih Kuat daripada Energi Mendukung

Nanging, miturut buku lan sumber wacan kajian sosiolinguistik sing mbahas bab ukara rusuh lan misuh, pisuhan kuwi nduweni fungsi lan makna loro. Yaiku siji dadi srana “ngraketake”, lan sing kepindho dadi srana “ngretakake” komunikasi. Temtune kuwi kabeh kudu ditrapke miturut konteks ukarane.

Kanggo kaum tertinggal kaya ta sing padha thethek angkringan kuwi mau, ha mbok haqul yaqin menawa cangkem rusuh lan pisuhan kuwi mau mung dadi srana kanggo gawe komunikasi utawa guneman sansaya raket. (raket, ‘e’ pepet diwaca kaya ‘sepet’. Dudu raket sing kanggo nyemet gundhulmu nek badminton).

Micara rusuh ing kene dadi srana gojekan utawa guyonan. Ora ana sing tersinggung amarga kabeh uga padha-padha rusuh cangkeme. Sembada lan pandak, pancene carane komunikasi kaya mengkono kok.

Temtu piwucal leluhur misuwur “Ajinining dhiri saka lathi” ora bakal bisa ditrapke ing angkringan kampungku kuwi. Gara-garane kabeh sing ana ing kono lambene wis kebacut ledrek, seneng misuh, wus ora urusan karo ‘aji’ dhiri sing diukur saka pametune cocot kuwi. Nanging paling ora, ing komunitas sajroning angkringan kuwi padha sarujuk menawa tutur misuh lan saru kuwi ndadekake swasana komunikasi sing luwih santai, cuwer, lan akrab amarga omongane rusuh. Semana uga kanggo pribadi awake dhewe, rumaos luwih los, lega, amarga kaya-kaya kabeh sumpelan sing mbunteti pikir, kabeh uneg-uneg sing kaampet, sajak banjur bisa cul, disenthorke metu bebarengan karo pisuhan-pisuhan ing sajroning parembagan.

Asline, dhasare kabeh manungsa kuwi mesthi nduweni sangu rasa mangkel lan ukara rusuh sajroning atine dhewe-dhwe. Kuwi manusiawi, kejaba yen kowe kuwi Prabu Puntadewa sing kacariyos ora nate ngendika elek utawa rusuh babar pisan. Mung wae, apese wong ‘kaum terbelakang’ kuwi ora tau isa mbendung jiwa lan niat rusuh kuwi. Dadine ya ketara seka omongane, pisuhane kocap terus. Sawetara kuwi pawongan golongan ‘maju, terpelajar’ bisa ngampet amarga wus kulina milih diksi kang pener lan sopan miturut tata susila pocapan.

Baca juga:  Silaturahmi Jokowi dan Prabowo: Ini 5 Tempat Paling Ideal Buat Ketemuan

Apa iya tenan ngono?!!!

Amarga jebule nalika golongan maju kuwi mau melu-melu misuh, nyatane dadi geger donyane. Bisa mlebu bluwen utawa kunjara. Delok wae contone wis akeh, wong sugih, pinter ‘nguntal meja sekolahan’, elite politik, ahli agama, padha urusan karo pulisi mung gara-gara kocap ukara kasar, elek, utawa rusuh lambene. Sukur!

Mbok menawa gara-garane wong-wong kuwi padha ora isa ngetrapke pisuhan kanggo srana “ngraketake” bebrayan, nanging malah dadi srana lantarane “ngretakake” sesrawungan, kanggo nibakke lawan rembugane utawa ‘menjatuhkan lawan’.

Apa mungkin uga kuwi kalebu konsekwensine dadi wong maju, sing apa-apa tansah kenceng, serius, lan sarwa teratur, wong-wong kuwi dadi lali gojek. Kabeh dipikir tenanan.

Ing sajrone Serat Centhini, bola-bali ditulis babagan Jagat Walikan, donya sing sarwa kuwalik, kosok balene karo donya sing lumrah. Mbok menawa ya saiki iki kahanan kuwi kedaden tenan. Nalika wong maju, pinter, kudu sinau marang wong bodho. Sinau kumpul-kumpul karo wong rusuh, ora ketang mung lingguhan wedangan teh sakgelas neng angkringan. Misah-misuh nguda rasa kang ora cetha bab kahanan urip sing kadhang pancen ngguyokake. Ngetokake kabeh ganjelan sing buntet neng utek, supaya ora gampang ketularan penyakit ati, sing tembe mburi bisa marai srei lan drengki, banjur ngrusak mecah belah NKRI.

  • 96
    Shares


Tirto.ID
Loading...

No more articles