MOJOK.COMbiting pemimpin ateges milih pala-palanan kang bisa ngembani, nggedhong, tumrap warga masarakat sakukuban ing endi pemimpin mau kabiting.

Ngendikane para-luhur ing kutha: palakertine dhemokrasi kudu diawat-awati. Tuture simbok-simbok ing desa: pala-palanan sajroning wungkusan-godhong kumudu dibitingi.

Sampeyan wis nate tetuku panganan-rerampadan mbuh kuwi gudhangan mbuh kuwi pecel, emi, tempe-tahu bacem, pala-palanan kaya dhele-kacang-tela, iwak-ayam, iwak-sapi, iwak-wader, kepara panganan-rerampadan iki campuh dadi siji swasanane, anggone madhahi nganggo wungkus ron-ronan (godhong-godhongan) kang bitingan? Kang wungkus-rone dibitingi? Kayane uwis nate. Saiki Sampeyan kerep saba-desa, ta, nepungi panganan desa, bali-nganggo teknologi desa? Senajan wiwit arang jaman saiki para among-dagang mungkus maneka panganane nganggo ron-ronan, njur kadondoman nganggo biting. Akeh kang dondoman ing wungkus ron-ronane kasulih-sarirani dening piranti-teknologis kayata: karet lan ‘steples’. Mbokmenawa iki gayut karo paripolahe wong-wong kutha-modhern, adat-sabene wong kutha-modhern ki “kreatif”, gur tekne kadhang kala ngedoh saka sipat alamiyahe alam. Jane alesane ya gumathok: luwih efektif, efisien! Ujare mono, ngono.

Ya bener. Ajuning kutha merbawani lakuning desa. Ning, paling ora, wong-wong desa saiki isih duwe teknologi bitingan, ra ketang sithik. Ra ketang bocah-bocah.Nek ana wong kutha-modhern arang nglakoni dolan nyang desa lan ora seneng marang pating-tlenike barang-barang budaya padesan, mbokmenawa ora ngerti biting ki apa. Nek ana wong “politik-kutha” arang ndolani ngelmu-politik karang-padesan lan ora seneng marang dalan-politike wong-wong desa kang katone arep mbiting dheknene bul ora, bul gur apus-krama (penting nampa dhuwite), mbokmenawa ora preduli: supayane bisa dibiting dening pra calon pambitinge ing desa kanthi tuhu dudu mung apus-krama ki kepiye. Ning rep kepiye meneh, jenenge wae  “politik-bacokan”, politik nyujes nganggo lanciping biting: ngreka-daya (ngakali) kanthi sawernane cara supaya mungsuhe kalah, ora neng kutha ora neng desa ya tetep ana. Oraa sing mbiting oraa sing dibiting: akal-akalan tetep ana.

Baca juga:  Wartawan Dilarang Meliput Rekapitulasi Suara Pilkada Kota Makassar

Mangsa bitingan prapta. Praptane mbata-rubuh.

Biyen, ing tlatah Ngayogyakarta, sadurunge “proklamasi” kamardikan Indonesia, sadurunge wangsa-wangsa sa-Indonesia golong-gilig nyawiji bakal nggayuh trap-trapan dhemokrasi-kerakyatan, lan iki dipangarsani sarta tuwuh saka prentul-manahe Sultan Kaping Sanga, wis nate dileksanakake bitingan palaning desa: bitingan lurah/kades. Desa-desa ing wewengkon DIY, snajan dhek semana wis ana kang madeg lurah/kades “warisan”, kersa kanthi legawa nganakane bitingan kades maneh; dene kades sadurunge, yen ora kebiting, kersa kanthi legawa nyelehake panguwasane.

Para calon kaparingan pralambang pala-palanan, wit-witan, utawa barang apa wae kang mambu tradhisi-desa (dudu praenane para calon kang wandane ‘diapik-apikke’ lumantar ‘software’ manipulasi). Saben biting (warga) nduweni hak mbiting. Para warga padha jajar-biting, padha pacak-baris nuju papan-pambitingan. Sanajan sakomah isine mung telung-biting (3 kulawarga) ananging bisa ndayani cacahing-biting (cacahing swara). Mbiting, iku pralambang nyujes, nyoblos, ngunci nganggo coblosan saka sada kang linancipan lan sinebut “biting”, ateges “nglanangi” utawa “ngukuhi”. Iki pralambang, ora njur bitinge ditujesake tenan, pa meneh ditujesake ngener praenane para calon!

Biting kuwi kaya dene tali-pangiket, utawa kunci, supaya wungkusan (ron-ronan) ora udhar. Cublesane biting ndayani isen-isenane wungkusan wutuh, ora wutah saenggon-enggon. Mbiting pemimpin (pala) ateges milih pala-palanan kang bisa ngembani, nggedhong, tumrap warga masarakat sakukuban ing endi pemimpin mau kabiting. Magepokan karo cadhong-pangan, tata-krama urip bebrayan, lan liya-liyane. Para warga samya ngrangsang-biting, samya untek-untekan ing bale desa ya papaning pambitingan. Sakwise prapta ing papan pambitingan, sawarga diwenehi sakbiting, banjur dikon nglebokake biting iki mau jroning bumbung-pring kang wis ditengeri pralambanging para calon. Saben-saben calon kang bakal dibiting diwakili wadhah bumbung siji-siji.

Biting njur kaetung: etung-biting. Biting sing apik, utawa sing elek, bisa untung. Luthung, utawa nglenthung. Bitingan, ing pilihan lurah/kades lan sabangsane ngene iki, sakliyane dinggo mbiting, jane isa dinggo nduduli, dinggo nyeduli, dinggo ngogrok-ogrok, para calon pemimpin kang sujarahe kebak masalah; kaya nyogroki rereged ing sela-selaning untu kae. Satemah, bitingan cara desa iki, isa dianggo benteng, yaiku arupa kapurancang kang dijajarake minangka pager utawa brubuhing urip bebrayaning warga masarakat.

Baca juga:  Jare Cah Enom, Kawin Cara Adat Kuwi Ruwed lan Boros. Apa Iya?

Lha piye, yen Sampeyan wis melu ambyuk tumeka ing papan pambitingan, rep mbiting biting (calon pemimpin) sing kaya ngapa, sing endi? Mbiting calon pemimpin sing wis kerep gawe  rereged, gur tekne salin-klambi salin-busana? Utawa anggon-Sampeyan mbiting malah kanthi ora mbiting, sebab calon sing bakal pinilih ora pantes biniting, mung neng omah ngrungokke crita bitingan ing bale desa sambi nonton bal-balan? Mangga kersa.

Ngendikane para leluwur: cak-cakane dhemokrasi nut bitingane manah pribadi, yaiku kabeh warga kudu keraya-raya melu sisik-sisik lan nglelancipi biting asal sada luwih dhisik, yen prelu melu nandur cikale sik, ing tembe manjing glugu kang mijilake sada lan blarake, kang kaajab para sada bisa ngembani lan nggedhong sawernaning wungkus-gegodhongan, dene isen-isenane ya cadhong-pangane masarakat: ayom-ayeme urip bebrayan.

Lan sing cetha, sing dibiting kuwi wungkus godhong utawa ron, lho! Yen asipat plastik, utawa kertas minyak, angel dibiting! Isaa mbiting, Sampeyan gur rugi wektu lan tenaga. Tegese, bitingan kuwi milih pemimpin kang bisa nali, ngembani, lan ngukuhi warga-masarakat (gegodhongan) kang mbiting dheknene. Sumanak-sumadulur madharupa biting-sada lan ron-ronane. Dudu malah kosok-balene, trima manjalma dadi karet utawa ‘steples’, yen katut keleg nyang gurung mbilaeni. E, bareng wis dibiting, methangkring dadi Si Biting kang duwe panguwasa, njur malah nujes lan nyublesi rakyat-pambitinge sakgeleme dhewe. Ra gelem-gelema nyelehake panguwasane. Yen nganti ngene, apa selehe Si Biting (pemimpin) ndadak nunggu disondhol bangkong: warga masarakat sing mbiting dheknene neng pambitingan biyen, kalane mangsa bitingan?

Baca juga:  Profil Musa Rajekshah, Cawagub Sumatera Utara

Wis ben, karepe!

Ayo ditinggal golek incon ben isa mbiting sakmardikane! Luwih gayeng, yen Sampeyan lanang, golek incon wadon, utawa kosok-balene. Ayo ditinggal dolanan bitingan wae: biting-biting dicukleki cendhak-dawa telung golongan/werna; biting sing paling dawa siji, sing rada dawa cacahe telu pa lima pa pitu, dene sing paling cendhak paling akeh dhewe cacahe! Telung golongan biting duwe aji nut marang cendhak-dawane, kaya boboting barang lumrahe. Yen kejatah laku, biting-biting cendhak-dawa mau digegem nggo tangan siji, dibyukake ing kupengan awujud rerenggan bunderan (pager/beteng) kang ginambar ing jobin utawa palemahan. Ambyuk lan ambruke biting-biting diupayakke aja nganti ngliwati rerenggan bunderan, ndhak kalah sadurunge prang-tandhing; snajan iki mung sajroning dolanan. Tandange dolanan bitingan yaiku nyuthiki-metu, ndudul-maju, nggeret-mundur, ngithatake-mendhuwur, lan tandang-gawe liyane migunakake uthit/gaman/gacuk arupa biting kang pinilih, kang dawa, soran ning alusan, kang bisa direkadaya dadi senjata ampuh. Wose dolanan iki: ngetokake, misah, utawa milih biting-biting mau siji mbaka siji luwar saka rerenggan bunderan (pager/beteng), aja nganti uthit/gamane nyenggol biting liya (sing oleh disenggol utawa dipatrapi tandang gawe ya mung siji), aja nganti ngrusak tata rakiting tumpukan biting kang samya matung, luwih-luwih gawe owah, obah, lan ambruk.

Yen Sampeyan pinter, pinter nguthiti utawa pinter rikalane Sampeyan isa ngluwari biting sing dawa-dhewe, sing bobot-ajine gedhe dhewe, nembe sing luwih cendhak trus luwih cendhak meneh, Sampeyan mikantuki bobot sing gedhe dhewe, nemahi kamenangan. Kuwi wae yen Sampeyan pinter. Utawa beja.

Bingung? Lali? Yo, kapan-kapan dicoba yo! Ya? Ben awakedhewe bali dadi cah cilik-desa meneh, sing luwih ngerti teges lan lakune dhemokrasi, eh kleru, teges lan lakune bitingan kuwi apa, sing kaya ngapa, sing kepiye.